Selapanan Bayi.docx

  • Uploaded by: Dewi Purwanti
  • 0
  • 0
  • April 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Selapanan Bayi.docx as PDF for free.

More details

  • Words: 1,423
  • Pages: 6
Selapanan Bayi

Assalamualaikum Wr.Wb. Nuwun! Dhumateng panjenenganipun Bapak Warjana minangka Kepala Dhusun Sinduadi ingkang dahat kinurmatan, Dhumateng Bapak RW saha Bapak RT Dhusun Sinduadi ingkang tansah minulya, Saha para bapak/ibu tamu undangan samudayanipun ingkang satuhu kinabekten. Sumangga sesarengan kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur pangalembana dhumateng ngarsanipun Gusti Pangeran Ingkang Maha Agunging Jagad ingkang sampun maringaken kita sedaya kanugrahan yuswa, kasarasaning badan, saha punapa kemawon saengga kita sedaya, sakmenika saged nyawiji makempal wonten ing papanipun Bapak Widya Suprapta kanthi nindakaken adicara Selapanan Bayi. Sakderengipun kita nglampahi adicara punika, keparenga kula minangka pranata adicara badhe ngandharaken babagan reroncening adicara selapanan bayi ingkang kados punika : 1. Ingkang sepisan inggih menika pambuka 2. Lajeng kaping kalih inggih punika pambagyaharja dening Bapak Warjana minangka Kepala Dusun Sinduadi. 3. Salajengipun ingkang angka 3 inggih punika wosing adicara 4. Salajengipun sarwa-sarwi 5. Gangsal inggih menika doa 6. Saha ingkang kaping nem pungkasan Menika tata rakiting adicara selapanan bayi ingkang saged kula aturaken. Mekaten ugi, kula pribadi minangka tetalanging basa, bokbilih wonten kalepatan ugi patrap saha pangucap ingkang boten ndadosaken penggalih ing manah, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Cekap semanten pamatur kula. Akhirul kalam, bilahit taufiq wal hidayah. Wassalamualaikum. Wr. Wb Nuwun!

Pranta Cara Khitan Assalamu’alaikum wr.wb. Panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni. Panjenenganipun para tamu kakung saha putri tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan. Kadang werdha mudha ingkang tansah kula tresnani nuhoni saking keparengipun ingkang mengku gati nun inggih panjenenganipun Bp.Sugito sekaliyan kula ingkang piniji minangka pranatacara, langkung rumiyin saderengipun pahargyan prasaja ing kalenggahan punika tinarbuka, sumangga panjenengan sadaya tansah kula dherekaken monjukaken puja miwah puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Ageng, dene ngantos titi wanci punika panjenengan sadaya miwah kula taksih pinaringan Rahmat saha barokahipun. Katitik kita sadaya taksih kaparengaken kempal manunggal sapejagong wonten ing pahargyan prasaja ingkang kawengku dening panjenenganipun Bp.Sugito sekaliyan. Ingkang ing wekdal punika hanggadhahi hajat nyupitaken putranipun ingkang kekasih Bg. Rezki Indrawan. Mangga tansah kita dongakaken sesarengan mugi lare kesebat tumunten enggal mantun lan dados lare ingkang bekti dhumateng tiyang sepuhipun, agami, bangsa, lan nagari. Salajengipun mboten kesupen shalawat lan salam mugi-mugi tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW awit wewarahipun sampun kita andhemi kanthi teguh, satemah paring pitedah dhumateng margining kaleresan lan kasingkiraken saking margi ingkang mboten dipun ideni dening Gusti Allah. Para tamu saha para lenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan, murih rancaging adicara ing kalenggahan punika saderengipun tinarbuka langkung rumiyin badhe kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun kasanggit dening para kulawangsa, nun inggih: 

Kapisan atur pambuka



Kalajengaken waosan Ayat Suci Al-Qur’an



Atur pambagyaharja



Kasambet pengaosan



Panutup Panjenenganipun para tamu saha para lenggah, mekaten menggah urut

reroncening tata adicara ingkang sampun karakit dening para kulawangsa, murih rahayuning sedya mangga kita tansah sami nyenyuwun dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan lancar lan tinebihaken saking sengkala. Nuwun, nuwun, maturnuwun.

Pranatacara Adicoro Pengantin

Assalamu alikum Wr. Wb. Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan. Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan. Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten.......ingkang tansah suko basuki. Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin. Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat. Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng Roro ... binti ... Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo: 1. Adicoro Pambuka 2. waosan pustoko suci al Qur’an 3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi 4. Istirahat 5. wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah 6. Doa-Penutup Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah-------Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo. Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken. (pembacaan ayat al Quran) Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken. Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun (Pasrah Manten) Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak.... bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak.....kaaturaken. (shohibul Bait) Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu. Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak

adicoro

selajengipun

inggih

puniko

Mau’idhoh

hasanah

soho

doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb. Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

Pranata cara kematian Assalamu’alaikum Wr. Wb. Inna lillahi wa innna ilaihi raajiuun 3x Nuwun, para takziyah ingkang kula kurmati, kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Agung, ing wekdal menika kita sedaya tasih pinaringan kasarasan, saged rawuh ing dalem duhkita ngriki ing upacara pametaking layon almarhum/almarhumah (....) sing menika. Keparenga kula minangka wakilipun kulawarga, ingkang nandang bela sungkawa, ngaturaken agungin panuwun dhumateng para takziyah ingkang sampun kepareng rawuh wonten dalem mriki, paring pakurmatan upacara pametaking layonipun almarhum/almarhumah (...) mboten kesupen kulawarga ngaturaken agungin panuwun ingkang tanpa umpami dhumateng panjengengan sedaya ingkang sampun paring pambiyantu awujud bandha beya, iguh pratikel saha penggalihan, ingkang sedaya wau katujokaken saha mahanani entenging sesangganipun kulawarga. Kulawarga ing ngriki mboten saged paring lelintu menapa-menapa, kejawi naming memuji mugi sedaya amal kesaenan panjenengan sedaya tansaha pikantuk piwales saking Gusti Allah. Amin.. Para takziyah ingkang kula kurmati, perlu kawuningan sepinten upaya lan ikhtiaripun kulawarga nalika almarhum/almarhumah (...) nandhang gerah, sageda sehat malih, nanging gandheng sedaya pepesthen menika wonten ing astanipun Gusti, pramila kanthi tentrem Bapak/Ibu/Sedherek... Sasmpun sowan wonten nnggarsanipun Gusti, rikala dinten... Waci tabuh... Wonten ing... Dhumateng para takziyah sedaya kepareng paring donga amrih sedaya amal kesaenanipun almarhum/almarhumah (...) saged ketampi linebura sedaya dosa lan kalepatanipun. Dhumateng kulawarga ingkang dipuntilar, mugi kaparinga manah tabah, ikhlas lan tawakal. Ing wasasna mbok bilih almarhum/almarhumah (...) rikala sugeng gadhah kalepatan, utawi pettangan ingkang dereng rampung dhateng panjenengan sami, kulawarga nyuwunaken agenging pangapunten. Lan panjenengan kersa rawuh ngrampungaken sedaya wau kaliyang kulawarganipun. Ing wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten atur ingkang kirang prayogi. Kula nyuwun pangapunten. Nuwun Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Pranata cara Ulang Tahun

Assalamualikum Wr.Wr. ingkang kawulo hormati poro alim soho poro ulama’ ingkang kito to’ati fatwanipun ingkang kawulo hormati poro pini sepuh soho aji sepuh ingkang kawulo hormati poro bapa-bapak soho ibu-ibu undangan monggo kito panjataken raos pujo dalah puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah soho inyahipun dumateng kito sedoyo sehinggo wonten dalu puniko kito saget makempal ing mriki kanti mboten wonten halangan setunggal punopo. sholawat dalah salam mugi-migi kunjuk dumateng nabi muhammad SAW. engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten yaumil Qiyamah Amin. wonten mriki kuwulo minegkani pranoto hadicoro badhe maosaken susunan acoro wonten dalu puniko 1. pembukaan 2.wosan ayat-ayat suci alqur’an 3. sambutan 4. do’a 5. penutup 1. acoro engkang sepindah enggeh puniko pembukaan, monggo acoro wonten dalu puniko kito bikak kanthi wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah 2. kito lajengaken acoro engkang kping kaleh enggeh puniko wosan-ayat-ayat suci alQur’an

dumateng

panjenenganipun

bapak

fathhurrohman

kulo

sumanggaaken……………………. meniko kolo wau wosan ayat-ayat suci alQur’an mugi-mugi saget nambah lancaripun acoro wonten dalu puniko. 3. acoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan, dumateng panjenenganipun bapak meseri kulo sumanggaaken………………………..mekaten kolo wau sambutan saking bapak meseri. 4. dilajengaken acoro engkang kaping sekawan enggeh puniko do’a dumateng bapak KH. Sunarto kulo sumanggaaken. 5. acoro engkang terakhir inggih puniko penutup, monggo acoro ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdalah….. mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten. wakhiron Wassalamualaikum Wr.Wb.

Related Documents

Selapanan Bayi.docx
April 2020 4

More Documents from "Bambang Suprijadi"

Selapanan Bayi.docx
April 2020 4
Bencana Terbaru 2.ppt
April 2020 3
Arum Ambarwati.docx
April 2020 7
Cv.docx
April 2020 7
Tugas Kwu.docx
April 2020 5