Sembahyangan Selapanan

  • Uploaded by: Bambang Suprijadi
  • 0
  • 0
  • June 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Sembahyangan Selapanan as PDF for free.

More details

  • Words: 576
  • Pages: 2
Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama , saha Hyang Putro tuwin Hyang Roh Suci. Amin. Para kadang kinasih, kula aturaken warta bilih kaleres selapan dinten kepengker sederek kita Nakmas ……………………. Tuwin Nimas ..……………………………. sampun kagungan momongan lare . lahir kanti wilujeng ,putra ingkang nomor kalih ,kaleres putri, lan kaparingan asma ………………………………… Bingah anggenipun nampi nugraha punika Nakmas ………………… sekalian sonten punika ngawontenaken kurban wilujengan. Panjenengan sedaya dipun aturi rawuh , sakperlu sembahyangan matur nuwun ing Pangeran lan nyuwun berkah, supados anggenipun ngupakara putra putrinipun ngetrepi kekudangan Dalem. Ing tembe dados tiyang utami, mrantasi karya, damel renaning Allah lan sukaning manungsa, njunjung drajating tiyang sepuh lan damel arum namaning nusa lan bangsa . Para kadang kinasih , mangga kita nilar alam kerameyan sakedap, mlebet alam semedi , kita wiwiti sembahyangan sonten punika kanti ngagem sikap sembahyang munjuk ing Pangeran. Gusti manunggala. Kaliyan kula sedaya. Dhuh Allah, Maha Agung, asih tresna rumeksa dhumateng kawula, dinten punika kawula ngempal miturut dhawuh dalem : “Ing ngendi ana wong loro utawa telu ngumpul atas asma-Ku, Aku ana tengah-tengahe.” Kawula pitados bilih penjenengan rawuh lan njangkung wonten ing pasamuhan sonten punika ,pramila kula ngalantaraken puji syukur tuwin panuwunan sederek kawula Nakmas …….. jaler estri dumateng panjenengan Dalem. Dhuh Allah Maha Agung Maha Mirah, Bapa ingkang ambeg tresna, Sederek kawula …………………… jaler estri sowan ngaturaken panuwun, anggenipun pinaringan momongan kanthi wilujeng lan nyuwun berkah amrih saged nggulawentah laras kaliyan karsa Dalem , Karsa Dalem supados lare ka upakara lan dipun dhidhik manut paring Dalem tulada : Gusti Sang Timur Yesus Kristus. Punika tugasipun tiyang sepuh. Kaamping-ampingana lan kaparingana pitulungan dumateng sederek kawula Nakmas ……………. sekalian , amrih kalampahan tugasipun. Krana Sang Kristus Gusti kawula . Amin. Dhuh , Allah Hyang Putra, mberkahana lare punika mawi berkah sutatama, penuh ing kautaman: budi sehat ; pikiran lantip ; tindak wacaksana ; pikajeng jujur ; swanten batos resik-murni ; watak andap asor ; lembah manah ; welasan dhateng sesame ; Nanging tegas mboten mangumangu mboten gampil mundur dening pepalang; ajeg damel renaning Allah lan sukmaning sesami kados Gusti Yesus Kristus piyambak ingkang mangku keprabon ing salami- lamipun. Amin

Para kadang kinasih,mangga kita ngaturaken panyuwunan dumateng malaikat pamomong :

Dhuh Malaekat Pamomong ingkang setya, ingkang kadhawuhan ing Allah ngreksa lare punika, kula aturi njagi ,ngajomi lan nuntun sapari-polahipun. Kareksaa ing wanci dalu, kalepatna saking bebaya,katebihna saking sedaya sesakit, saha saking sedaya godha lan reridhu. Teguh ayu lepata saking sedaya piawon krana panjaganing Malaekat. Krana Sang Kristus Gusti kawula . Amin. Para kadang kinasih, mangga kita ngaturaken panyuwunan dumateng Ibu Maria . Ibu Maria, sederek kawula Nakmas …………………. estu kaparingan momongan, sewu bingah dene Gusti kersa mitados sederek kawula wau , maringaken titip Putra Dalem. Milanipun Ibu, Nakmas ……………… nyuwun pangestu lan tuntunan, supados tetanggelan ingkang dipun tampi punika , saged dipun tindakaken kanthi temen-temen, ngetrepi kekudangan Dalem, kados panjenengan dalem rumiyin anggenipun nggulawentah putra Dalem, Yesus Kristus Gusti kawula nalika taksih timur. Amin. Para kadang kinasih, mangga sedaya donga kita, kita sampurnaken kanthi donga ingkang dipun wucal dening Gusti Yesus Kristus piyambak , Rama kawula , Sembah bekti , Mugi linuhurna , Pinujia Mangga sembahyangan sonten punika kita tutup kanthi nyuwun berkah saking Gusti Ingkang Maha Kuasa. Gusti manunggala Kaliyan kula sedaya Tumurana lan tansah manunggala, tutwuri andayanana kawula berkahing Allah ingkang Maha kuwasa Hyang Rama , saha Hyang Putra tuwin Hrang Roh Suci , Amin. Para kadang kinasih, sembahyangan sonten punika sampun paripurna. Sembah nuwun konjuk ing Gusti. Mugi-mugi kita sedaya tansah manggih ing katentreman. Nuwun.

Related Documents

Selapanan Bayi.docx
April 2020 4

More Documents from "Dewi Purwanti"