Legendha Ono Ing Jawa Tengah Lan Ngayogyakarta.docx

  • Uploaded by: Muhammad Adnan Aziz
  • 0
  • 0
  • June 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Legendha Ono Ing Jawa Tengah Lan Ngayogyakarta.docx as PDF for free.

More details

  • Words: 3,889
  • Pages: 11
” ANDE ANDE LUMUT” Ande Ande Lumut inggih menika cerita rakyat ingkang asalipun saking Jawi. Cerita menika nyeritaaken satunggaling negeri ingkang gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo. Panji Asmarabangun ingkang gesangipun sarwa sekaca, dados putra mahkota, Ewa semanten pangeran kagugan kersa bade lelana pados “ Pengalaman “ Kaliyan garwa ingkang sae manahipun lan ayu. Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang. Saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane. Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun. Ningali kanan keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun . Sajeroning lelana pangeran nyamar dados Ande Ande Lumut, putra Mbok Rondo Klenting saking dusun Dadapan, Ande Ande Lumut ngiyaraken menawi piyambaipun badhe pados garwa, saking baguse, Ande Ande Lumut ndadosaken sedaya kenya kesengsem, kalebet sederek sederekipun Klenting Kuning. Wonten injang ingkang terang Mbok Rondo Klenting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putriputri Mbok Rondo Klenting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika Klenting Abang ,Klenting Ijo ugi salah sak tunggaling putri tirinipun ingkang nami Klenting Kuning. Mbok Rondo sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian Klenting Kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Klenting Kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah. Sanget mrihatinake Klenting Kuning. Kleting Kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten lading. Mboten karaos sayah lan nggersula. Sinaos piyambake dipun damel mboten sae kaliyan Mbok Rondo Klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo piyambake. Piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun. Wonten ing saktengahing margi pinuju dhateng griyanipun Ande Ande Lumut, Klenting Kuning kaliyan sederek – sederekipun inggih menika Klenting Abang kaliyan Klenting Ijo kedah nyabrang lepen ingkang ageng. Wekdal badhe nyebrang lepen, wonten ingkang jagi lepen, awujud Yuyu ingkang ageng, ingkang nami Yuyu Kangkang Yuyu Kangkang purun nyebrangaken, nanging nyuwun upah, inggih punika dipun ambung, amargi keseso Kelenting Abang kaliyan Klenting Ijo sami sarujuk, namung Klenting Kuning kemawon ingkang boten karsa dipun ambung

Wekdal Yuyu Kangkang badhe meksa ngambung Klenting Kuning. Piyambakipun ngedalaken piyandelan awujud bintang sakti, toya lepen dados asat. Lajeng Klenting Kuning saged nyeberang kanthi sekecha. Saksampunipun dumugi daleme Mbok Rondo Dhadapan, Klenting Abang lan Klenting Ijo matur menawi badhe ngelamar Ande Ande Lumut “ Bok kulo dumugi ngriki badhe nglamar Ande Ande Lumut” ( Klenting Abang ) Owh..arep nglamar Ande Ande Lumut? Mengko disik yo…????? Tak takon Ande Ande Lumut “ Putraku Si Ande Ande Lumut… Temuruno ono putri kang unggah unggahi…Putrine seng ayu rupane…Klenting Abang ingkang dadi asmane…Duh, ibu…kula mboten purun…aduh ibu kulo mboten medun…najan ayu sisane Yuyu Kangkang. Mekaten ugi kaliyan Klenting Ijo, Ande Ande Lumut mboten kersa nampi lamaran ipun, namung Klenting Kuning ingkang dipun remeni Ande Ande Lumut, amargi Klenting Kuning ingkang mboten purun diambung Yuyu Kangkang. Sak lajengipun Ande Ande Lumut nampi Klenting Kuning dados garwanipun. Sedaya inggih mboten mangertos menawi sejatosipun Klenting Kuning menika putri Sekartaji, putri Raja Kediri Jayanegara ingkang nyamar madosi pangeran Panji Asmara, calon garwanipun ingkang ical. Sak sampunipun langsung dados penganten ingkang boten saged dipisahaken. Pungkasane Klenting Kuning dados sisishanipun Ande Ande Lumut ,pasuryanipun ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putri ingkang ayu, sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji, lan Ande Ande Lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun, pangeran ugi Klenting Kuning ,gesang slaras saklawase.

1. Tema : legenda-tresno 2. Paraga : a. Paraga utama :Ande Ande Lumut (Panji Asmarabangun), Klenting Kuning (Putri Sekartaji) b. Paraga tambahan : Mbok Rondo Klenting, Mbok Rondo Dhadapan, Klenting Abang, Klenting Ijo, Yuyu Kangkang 3. Watak : a. Protagonis : Ande Ande Lumut, Klenting Kuning, Mbok Rondo Dhadapan b. Antagonis : Klenting Abang, Klenting Ijo, Yuyu Kangkang, Mbok Rondo Klenting 4. Latar c. Latar panggonan : Kalen, griyanipun Ande Ande Lumut, lading, wana, dalemipun Mbok Rondo Klenting, Desa Dhadapan, satunggaling negri d. Latar wektu : awan e. Latar swasana : susah, sengsara, nelangsa, haru, seneng 5. Alur : Maju 6. Gaya bahasa : Ngoko inggil 7. Amanat : ampun umuk, ampun ngremehaken putra tiri

RARA MENDUT LAN PRANACITRA Crita Rara Mendut lan Prana Citra wis misuwur ing kalangan masyarakat. Nanging, ora ana salahe yen crita kuwi dicritakake maneh, amarga pancen ora bisa dipisahake saka sejarah lan masyarakat Kabupaten Pati, Jawa Tengah. Rara Mendut yaiku bocah wadon kang ayu pasuryane. Rara Mendut putri Ki Ragawangsa saka Desa Ragawangsa ing wilayah Kadipaten Pesantenan kala pemerintahan Adipati Jayakusuma. Rupa ayu lan budine kang luhur nggawe pencute nonoman marang dheweke. Nonoman ing tlatah kono kepengin nyunting Rara Mendut. Nanging, nalika kuwi Rara Mendut durung ngrasa siap dadi manten, mula saben ana sing nglamar ora tau ditampa. Ing sawijining dina, Ki Ageng Jiwanala nekani omahe Ki Ageng Ragawangsa kanggo nyambung tali silaturrahmi. Amarga wis suwe ora tau kepethuk, kasebab loro-lorone padha duwe tugas ing kadipatenan. Ing acara silaturahmi kuwi, Raden Kumuda uga melu, Raden Kumuda iku putra kabanggaan Ki Ageng Jiwanala. Sabenere, silaturahmi iku salah sijining alesan kanggo buktekake ayune Rara Mendut lan kanggo nglamar Rara Mendut. Ora suwe, dianakake acara mantenan Rara Mendut kang ayu pasuryane karo Raden Kumuda kang gagah prakasa. Janji setia saurip semati diikrarke pasangan bebojoan iku. Nanging, bungahe bebojoan iku ora suwe. Amarga ing sawijining dina Rara Mendut diculik karo nonoman loro saka Madura kang isih ponakane Patih Penjaringan. Nonoman loro kuwi jenenge Raden Kuda Panolih lan Raden Kuda Santeran, wong loro kuwi nduweni sifat kang umuk, congkak lan srakah. Dumeh isih kerabat saka penggedhe kerajaan, mula saben panjaluke kudu dituruti. Bener wae, tumindakke wong loro kuwi njengkelake wong akeh, nanging ora ana sing wani nglawan wong loro kuwi, kejaba Raden Kumuda. Supaya ora diece karo wong loro kuwi, Raden Kumuda ngoyak Raden loro kuwi karo nggawa tombak neng tangane. Wektu kuwi, Raden Ageng Ragawangsa cepet-cepet ngloprake kedadean iku lan njaluk pitulungan marang penggedhe kadipaten. Raden Kumuda bisa ngoyak Raden Kuda Santeran lan Raden Kuda Panolih kang ndhelik ing Desa Randukuning. Kasunyatan nonoman brandhal loro kuwi kaweden lan akhire mati diunus tombake Raden Kumuda. Mayate wong loro kuwi dikubur ing Desa Godi. Katentreman uripe Rara Mendut lan Raden Kumuda jebul ora suwe amarga kudu nduweni nasib nelangsa sawise Kadipaten Pesantenan ditaklukake karo Panembahan Senopati saka Mataram. Kisahe diwiwiti saka anggepan Sultan Mataram marang tandha-tandha pembangkangan Adipati Jayakusuma sing wektu kuwi pancen saya prakasa. Satemene, Adipati Jayakusuma ora nduweni niat mbangkung dening kakuwasaane Mataram. Adipati namung sibuk bebenah lan mbangun, mulane nundha kunjungane ing Mataram. Kabeh salah paham kuwi dibuktekake karo keputusane supaya ora ngladeni serangan prajurit Mataram kang wis nyepaki wilayah Pati. Mulane ing pungkasan Adipati mrintahake kabeh kerabat kerajaan supaya bunuh dhiri bareng-bareng. Lajeng Adipati Jayakusuma dhewe kang ngadhepi Sultan Mataram, nanging akhire mati keunus tombak saktine Raja Mataram.

Pawarta kalahe Kadipaten Pesantenan tambah maneh karo tambahe kewajiban nyerahake bandha rampasan, klebu nonoman sing dibutuhake pihak Mataram. Rara Mendut uga malang nasibe, amarga klebu nonoman kang kudu diboyong ning Mataram lan tekan ing tanggane Tumenggung Wiraguna. Sawise weruh rencana Tumenggung Wiraguna kang arep ndadekake Rara Mendhut bojone, Rara Mendhut milih mati katimbang kudu nuruti kakerapane Tumenggung Wiraguna. Temtu Tumenggung Wiraguna ngrasa susah arep ngawini Rara Mendut. Nanging Tumenggung Wiraguna ora kentekan akal, dheweke meksa Rara Mendut supaya mbayar pajak sing gedhe supaya Rara Mendut ora bisa mbayar. Nanging Rara Mendut mesti bisa mbayar, amarga dheweke dodol rokok ing njaba genteng tumenggungan. Ing sawijine dina, Rara Mendut ngerti yen ana nonoman ganteng kang lagi ngedu pitik jago ing ngarepe Tumenggung Wiraguna. Nonoman kuwi sebenere Raden Kumuda sing wis ganti jeneng dadi Pranacitra sing diangkat dadi punggawa tumenggungan sing nduweni tugas ngurusi jaranjarane sang tumenggung. Tugas kuwi dilakoni Pranacitra kanthi siap-siap ninggalake tumenggungan karo Rara Mendut. Ing sak tengahing wengi, Pranacitra lan Rara Mendut pancen bisa mlayu saka tumenggungan. Nanging, wong loro kuwi diburu para prajurit tumenggungan lan ditangkap maneh, diadhepake Tumenggung Wiraguna. “Nyeraha Rara Mendut, kasebab mustahil anggonmu mlayu saka tlatah kene,” omongane Tumenggung Wiraguna. “Aku ora bakal nyerah, senadyan aku kudu mati ing tangan paduka. Rasa tresna sing wis ana ing atiku kanggo kakang Pranacitra ora bakal musnah tekan kapan wae”, wangsulane Rara Mendut. Temtu wae wangsulan kuwi nambah panase ati sang tumenggung sing ngrasa dilecehake. Saking panase, Tumenggung Wiraguna ngunusake kerise lan langsung nusuk ing dadane Pranacitra sing posisine ora bakal nglawan. Getih seger mancur saka dadane Pranacitra sing ngglethak neng pangkone Rara Mendut. Jebul matine Pranacitra kuwi ora bisa ngubah kemantepan atine Rara Mendut marang Pranacitra. Rara Mendut ora nyerah marang Tumenggung Wiraguna. Akhire, Rara Mendut ngrebut kerise Tumenggung Wiraguna, banjur ngunusake neng dhadhane dheweke, kadadean kuwi ndadak banget, Tumenggung Wiraguna namung bisa pasrah amarga rumangsa mateni Rara Mendut. Nganti saiki, crita sing ngenesake kuwi isih dadi simbul crita katresnan kang abadi.Rara Mendut dadi panutan kang apik, amarga tetep setia marang bojone nganti mati.

http://corojowo.blogspot.com/2011/05/rara-mendut-lan-pranacitra.html

1. Tema : legenda-kesetiaan 2. Paraga : a. Paraga utama : Rara Mendut, Raden Kumuda (Pranacitra) b. Paraga tambahan : Ki Ragawangsa, Ki Ageng Jiwanala, Raden Kuda Panolih, Raden Kuda Santeran, Sultan Mataram, Adipati Jayakusuma, Raja Mataram, Tumenggung Wiraguna, prajurit tumenggungan, Panembahan Senopati Mataram, kerabat Kadipaten Pesantenan 3. Watak : a. Protagonis : Rara Mendut, Raden Kumuda (Pranacitra), Ki Ageng Ragawangsa, Ki Ageng Jiwanala, Adipati Jayakusuma, kerabat Kadipaten Pesantenan b. Antagonis : Raden Kuda Panolih, Raden Kuda Santeran, prajurit tumenggungan, Tumenggung Wiraguna, Raja Mataram, Sultan Mataram 4. Latar : a. Latar panggonan : Desa Ragawangsa, Desa Randukuning, Desa Godi, Kadipaten Pesantenan, Pati b. Latar wektu : awan c. Latar swasana : seneng, susah, haru, pasrah, nelangsa 5. Alur : maju 6. Gaya bahasa : ngoko 7. Amanat : setia marang garwa

LEGENDA BLEDUG KUWU Nalika Jawa isih kabagi-bagi dadi kali gedhe kang bakale diarani kali Lusi,ing sisih lor diarani pauceti artine yaiku pulau sing asri. Ing sisih kidul diarani Yawa Dwipa,nduweni arti yaiku pulo loro sing pemerintahane dadi siji. Panggonan loro mau ditekani suku-suku hindhu kang manggon ing Yawadwipa kang urip ing kraton Kelet sing dipimpin Panangkarutawa Prabu Dewoto Cengkar. Masyarakate diarani Keling amarga wong-wong padha nganggo anting-anting ing kuping, gelang ing tangan, irung, lan gulu. Amarga Prabu Dewata Cengkar seneng mangan daging manungsa mula akeh masyarakat Kelins singpadha pindah ing Kalingga.

Sawijining dina ing negara Kalingga ana piyantun 3 kang kaombang-ambing ing laut,piyantun 3 iku mau jenenge Ajisaka, Duro lan Sembodo. Amarga dianggap asing mula piyantun 3 iku didhawuhi dening Sri Maha Datu Sima Dewi Kalingga lan diwenehi ukuman yaiku Ajisaka dadi abdi ing kraton dene Duro karo Sembada dadi abdi ing kapatihan. Amarga piyantun 3 iku mau agamane Islam mula piyantun 3 iku diusir saka Kalingga amarga dikuwatirake bisa ngasut wong-wong Kalingga padha pindhah Islam lan ninggalke Hindhu. Carane yaiku piyantun 3 iku mau difitnah,sawijing dina utusane raja Kalingga ndokokake barang ing ngempere omahe Ajisaka,banjur digawa mlebu Ajisaka. Saka kadadeyan iku Ajisaka karo Dura lan Sembodo diukum kang ditali ing kali gedhe amarga wis wani-wanine njupuk barang sing dudu duwekke.

Ing dukuh Kamulyan ana Mbok Randha Cangkek kang nduweni anak wadon jenenge Wuyung Wulan, nalika iku Mbok Rondho ditekani utusan saka Medang Kamulyan kang njaluk upeti nanging Mbok Randha ora bisa mbayar amarga ora duwe duwit banjur gantine Wuyung Wulan dadi nduwekke Dewata Cengkar. Saking bingunge Mbok Randha banjur lunga arep bunuh diri nyebur ing kali gedhe. Nalika tekan kali Mbok Randha nemokake piyantun 3 iku banjur ditulungi, rumangsa utang budi Ajisaka banjur ngepek Mbok Randha dadi bojone. Sawijining dina Mbok Randha ngaku yen dhewekke isih nuweni anak wadon ing omah, ing Medang Kamulyan Wuyung Wulan sing ditinggal ibune saben dina nangis wae kang dikancani pitik jagone yaiku Grenteng arane. Nalika Ajisaka, Mbok Randha, Dura lan Sembodo tumekan ing omahe, Wuyung Wulan isih nangis nganti ora ngerti yen ana tamu ing ngarep omahe. Amarga ora tega weruh Wuyung Wulan kaya ngana banjur ditulungi lan dibopong dening Ajisaka. Sanalika Wuyung Wulan kaget, ana priya gantheng nulungi dhewekke. Wuyung Wulan kang tanpa busasa rumangsa isin amarga korat manine tumetes ngenani murate Wuyung Wulan. Grenteng uga ndang gage nothol urat mani iku kang dikira jagung. Ora suwe Pakuojo Nayoko utusane Dewata Cengkar kang nduweni niat njaluk upeti tumeka ing omahe Mbok Randha, sanalika geger karo Sembodo banjur perang tanding. Sawise iku Ajisaka gelem ngganteni Wuyung Wulan dadi tumbal kanggo Dewata Cengkar. Sadurunge dipangan dening Dewata Cengkar, Ajisaka nduweni kekarepan yaiku njaluk lemah kang ombone saukuran karo ikete. Dewata Cengkar nyanggupi kekarepane Ajisaka banjur iket dijereng lan nalika Dewata Cengkar ora waspada Ajisaka nancepake keris ing gulune. Sanalika gulu karo sirahe Dewata Cangkar pisah dadi loro lan diguwang ing Segara Kidul. Saka iku Dewata Cengkar njalma dadi Jin Bajul Putih. Sawise Dewata Cengkar mati, Medang Kamulyan ora nduweni raja banjur Ajisaka diangkat dadi raja dene Wuyung Wulan diangkat dadi permaesurine. Gelem ora gelem Mbok Randha kudu nampa iku kabeh senajan dhewekke uga uwis ngandhut jabang bayi. Mbok Randha ora kepingin anakke urip mula wetenge diremes-remes supayane anakke matinanging anakke ora mati banjur lair kanthi awak kang cacat kaya ula. Ajisaka krasa isin nduweni anak kang cacat kaya mangkana kang mlakune ngosel-osel ing lemah kaya ula. Ajisaka banjur semedi njaluk petunjuk dening Sang Hyang Widhi, saka semedi iku Ajisaka oleh pepadhang supayane anakke diruwat nglakoni tapa brata ing Oro-Oro Ombo kanthi dikawal pamong 9 yaiku Roro Dukun, Roro Beser, Roro Denok, Roro Penganten, Roro Jangkung, Roro Pekik, Jaka Tuwa, Jaka Bledug kanthi diiringi 7 kebo ireng. Sadurunge budhal menyang Oro-Oro Ombo, anakke diwenehi jeneng Jaka Linglung. Sawise tumekan ing Oro-Oro Ombo, Jaka Linglung didhawuhi pasa ora kena mangan apa-apa ananging saben dina Senin Wage mangane pitik panggang lan dina Jum'at Legi mangane jenang cethil. Ing Medang Kamulyan, Wuyung Wulan lagi ngandhut nanging Ajisaka katon sungkawa (sedih) mikirake nasibe Jaka Linglung. Nalika iku utusane Jin Bajul Putih yaiku Titi Mungil lan Tepenggreges tumeka ing Medang Kamulyan, nduweni niat arep njaluk tumbal yaiku getihe wongwong Medang Kamulyan kang cacahe 100 wong. Yen ora diwenehi mula dadi gantine Ajisaka karo Wuyung Wulan dadi tumbal kanggo Jin Bajul Putih. Ajisaka nesu banjur nundhung minggat jin loro mau.

Sabubare iku Medang Kamulyan kena pageblug saka jin-jin kang sengaja njarah getihe wong-wong Medang Kamulyan. Ajisaka bingung banjur semedi njaluk petunjuk marang Sang Hyang Widhi. Saka semedine iku kang bisa ngilangke pageblug-pageblug iku mau yaiku Jaka Linglung. Ajisaka ngutus Duro lan Sembada dhateng Oro-Oro Ombo supaya Jaka Linglung sowan ing kedaton, maksute yaiku ngutus Jaka Linglung mateni Jin Bajul Putih kanggo katentremane wong-wong Medang Kamulyan. Jaka Linglung karo pamonge budhal tumuju ing kraton banjur ngaturaken sembah sujud ing ngarepe Ajisaka. Karo nangis Ajisaka medhar sabda ngutus Jaka Linglung nanging Jaka Linglung kanthi ikhlas nglaksanakake dhawuhe bapake. Jaka Linglung nyuwun pangestu banjur budhal tumuju ing Segara Kidul, sawise tumeka ing Segara Kidul, Jaka Linglung banjur sowan ing kratone Kanjeng Ratu Kidul saha nyuwu petunjuk. Saka petunjuk-petunjuk Kanjeng Ratu, Jaka Linglung bisa mateni Bajul Putih. Nalika iku Bajul Putih nduweni jimat Gineng Suket Grinting warnane Wulung panggonane ing njero elak-elakan lambene, supayane Bajul Putih gelem mbukak lambene Jaka Linglung njoget-njoget lucu. Nalika Bajul Putih ngguyu lan ora waspada Jaka Linglung njupuk Ajian Gineng Suket Grinting lan mateni Bajul Putih. Supayane ora konangan para jin liyane, Jaka Linglung diutus supaya metu njero lemah kanthi ngetotake cahyo putih. Yen durung tumekan ing Oro-Oro Ombo Jaka Linglung ora oleh metu saka njero lemah amarga iku salah sijine ruwatan supaya Jaka Linglung bisa kaya manungsa normal liyane. Saka ruwatan iku ana sawijining larangan kang ora oleh dilanggar dening Jaka Linglung, yaiku ora kena noleh mburi. Durung nganti rampung anggone nglakoni ruwatan iku Jaka Linglung kang kesel banjur njebol saka njero lemah. Anjebole Jaka Linglung iku sing diarani Bledug Kuwu amarga ana suwara-suwara dug…dug…dug…kaya bedug lan ngetokake unthuk (gelembung) sing panas lan asin, yen Kuwune iku merga anjebole Jaka Linglung ing desa Kuwu. Jaka Linglung mikir kanapa lelakone iku ora rampung-rampung banjur dhewekke noleh mburi amarga penasaran karo larangane Kanjeng Ratu. Sanalika Jaka Linglung kaget amarga Kanjeng Ratu Kidul ana ing mburine kang melu ngetutake lelakone Jaka Linglung. Amarga kuciwa karo tumindake Jaka Linglung sing ora manut miturut dhawuhe Kanjeng Ratu Kidul sanalika Jaka Linglung disabda yen nasibe dhewekke ora bisa dirubah maneh. Jaka Linglung nangis banjur mulih ing Medang Kamulyan. Ing Medang Kamulyan, Wuyung Wulan kang wis nglairke anakke kanthi sehat tanpa cacat nggawe Ajisaka katon bungah ananging isih nduweni penggalih mikirake Jaka Linglung kepiye nasibe yen ngertani adhine lair normal tanpa cacat kaya dhewekke. Nalika Jaka Linglung tumekan ing Medang Kamulyan, dhewekke banjur sujud ing ngarepe Ajisaka. Ajisaka rada bingung amarga anakke katon ora seneng wis nindakake ugas kanthi asil kang apik. Jaka Linglung menehake Ajian Gineng Suket Grinting Wulung kanggo tandha yen dhewekke berhasil mateni Bajul Putih. Suket iku banjur disimpen ing Medang Kamulyan kanggo jaga-jaga mbok manawa ana jin-jin kang ora trima yen Bajul Putih mati lan nuntut balas. Tumakan saiki wong-wong Medang Kamulyan ing Grobogan isih percaya yen suket Grinting Wulung iku bisa nolak balak. Mula wong Medang Kamulyan padha njupuk suket iku yen ana keluargane sing lara. Jaka Linglung kuciwa lan ora pingin urip suwe-suwe maneh amarga isin nduweni fisik kang cacat kaya ngana. Ajisaka ora tegel yen ngingeti anakke kaya ngana banjur budhal tumuju ing Segara Kidul kanggo takon marang Kanjeng Ratu Kidul kanapa ruwatane Jaka Linglung ora ana kasile .

Sawise diterangake dening Kanjeng Ratu, ananging Kanjeng Ratu kepingin yen Jaka Linglung dadi senopati ing segara Kidul sawise Bajul Putih mati. Ajisaka banjur njaluk ngapura lan pamitan mulih ing Medang Kamulyan. Tumakan ing Medang Kamulyan Ajisaka ndawuh Jaka Linglung semedi ing Oro-Oro Lencong lan oleh mangan apa wae kang tumempel ing lambene. Sasuwene ditinggal Jaka Linglung, Medang Kamulyan diserang musuh lan dikuwasai saka kerajaan liyane dene Jaka Linglung nembe tapa ing gunung. Iku dadi pungkasane lelakone Jaka Linglung. http://corojowo.blogspot.com/2009/05/legenda-bledug-kuwu.html

JAKA TARUB Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun Mbok Randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha Kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.

Wonten ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun ba’da subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih. Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayahipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang.

Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal

widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan. Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putri saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun Jaka Tarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung. Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul. Wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

1. Tema : legenda 2. Paraga : c. Paraga utama : Jaka Tarub, Nawang Wulan d. Paraga tambahan : Mbok Rondo, Nawang Sih, widodari-widodari 3. Watak : c. Protagonis : Nawang Wulan, Mbok Rondo, Nawang Sih d. Antagonis : Jaka Tarub, widodari-widodari 4. Latar : d. Latar panggonan : wana, sendang, lepen, griya, kayangan, satunggaling dusun, peken ing saklebetipun kitha Kudus e. Latar wektu : satunggaling dinten, ba’da subuh, dalu f. Latar swasana : duka, seneng, susah, lara ati 5. Alur : maju 6. Gaya bahasa : krama 7. Amanat : ampun seneng ngapusi, ampun mendet barangipun tiyang liyo, njagi janji

LEGENDA CANDI PRAMBANAN Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan. Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang. "Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, nanging ana syarate." "Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso. "Gawekno aku 1000 candi nanging wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang. Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi kerjane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi nek Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayangdayange. Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, nanging kurang 1. Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung Bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.

1. Tema : legenda-blenjani janji 2. Paraga : e. Paraga utama : Bandung Bondowoso, Roro Jonggrang f. Paraga tambahan : Prabu Baka lan pasukane, jin, setan, dayang-dayang, Pasukan Kerajaan Pengging

3. Watak : e. Protagonis : Prabu Baka lan pasukane, f. Antagonis : Roro Jonggrang, dayang-dayang, 4. Latar : g. Latar panggonan : Kerajaan Prambanan h. Latar wektu : bengi i. Latar swasana : khawatir, wedi, sengsara, seneng 5. Alur : maju 6. Gaya bahasa : ngoko 7. Amanat : janji kudu ditepati

Related Documents


More Documents from ""