Wulangan 6; Tembang Dhandhanggula.docx

  • Uploaded by: lilik
  • 0
  • 0
  • April 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Wulangan 6; Tembang Dhandhanggula.docx as PDF for free.

More details

  • Words: 1,349
  • Pages: 6
WULANGAN 6 Tema:Budi Pakerti

Kompetensi Dasar 3.6 Memahami struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral tembang macapat secara lisan dan tulis.

Indikator 3.6.1 3.6.2 3.6.3 3.6.4 3.6.5 3.6.6

4.6 Mengubah teks tembang macapat menjadi teks prosa.

4.6.1 4.6.2 4.6.3

Menjelaskan guru gatra/ paddhâ andhegghân tembang macapat Dhandhanggula / Artatè. Menjelaskan guru wilangan/guru bilangan tembang macapat Dhandhanggula / Artatè. Menjelaskan guru lagu/ guru laghu tembang macapat Dhandhanggula / Artatè. Menjelaskan watak tembang macapat Dhandhanggula / Artatè. Menjelaskan isi tembang macapat Dhandhanggula / Artatè. Menjelaskan pesan moral tembang macapat Dhandhanggula / Artatè Melagukan tembang macapat Dhandhanggula / Artatè. Memparafrasekan/mengubah tembang macapat Dhandhanggula / Artatè menjadi teks prosa. Menceritakan isi tembang macapat Dhandhanggula / Artatè.

Pasinaon 1: STRUKTUR TEKS TEMBANG MACAPAT Coba gatekna kanthi setiti cakepan tembang ing ngisor iki! Utamane wong tinitah urip den abisa karya nak ing manah marang sapadha padhane pepadhane tumuwuh hangakehna panggawe becik luwes manis ing basa basuki ing tembung bungaha kang padha myarsa gegulangen ing siyang pan tara ratri ciptanen ing wardaya. Kanggo mangerteni tembang kasebut, coba wangsulana pitakon-pitakonan ing ngisor iki! 1. Tembang sapada kasebut ana pirang larik (baris)? 2. Ing saben larike ana pirang wanda (suku kata)? 3. Waspadakna swara pungkasan ing saben larike, tebane swara (huruf vokal)apa wae? 4. Sawise ketemu cacahe larik, wanda lan swara (huruf vokal) ing tembang, tembang kasebut kalebu tembang apa? 5. Coba tegesana tembung-tembunge!

1 Materi kls 8/2 wulangan 6 –tembang dhandhanggula–

Tegese tembung-tembung o o o o o o o o o o o

Utamane tinitah den abisa karya nak ing manah tumuwuh hangakehna panggawe becik luwes manis ing basa basuki ing tembung bungaha kang padha myarsa gegulangen ing siyang pan tararatri wardaya

: : : : :

sing paling apik digarisna, diciptakake kudu bisa gawe senenge ati nukulake

: : :

ngakehna penggawean apik anggone ngucap/ ngomong sing manis, nyenengna slamet ing omongan

:

nyenengna kang padha ngrungokna

: :

wulangen, plajarana saben awan lan bengi ati

Sawise ketemu tegese, ayo bareng-bareng ditemokake isi lan pitutur saka tembang kasebut, lan sasmitane tembang. a. Isine tembang:………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………….. b. Pitutur sajrone tembang: ……………………………………………………………. ………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………….. Saben tembang macapat nduweni paugeran-paugeran, sasmita lan watak kang beda. 1) Paugerane Tembang Macapat Tembang macapat iku kalebu geguritan lawas kang kaiket tatanan-tatanan (aturan). Dene tatanan kang ngiket tembang macapat yaiku : a. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada. Cethane, saben sapada (satembangan) tembang macapat apa bae wis ditemtokake cacahing gatrane. b. Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra. Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake cacahing wandane. c. Guru lagu yaiku tibaning swara/dhong-dhinging swara ing pungkasaning gatra. Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake tibaning swara ing pungkasaning gatra mau, bisa a, i, u, e, utawa o. No

Arane Tembang

Guru Gatra

Guru Wilangan 1

2

3

4

5

1.

Pucung

4

12u

6a

8i

12a

2. 3.

Maskumambang Gambuh

4 5

12i

6a

8i

8a

7u

10u

12i

8u

8o

4.

Megatruh

5

12u

8i

8u

8i

8o

5.

Mijil

6

10i

6o

10e

10i

6i

6

7

8

9

10

6a

2 Materi kls 8/2 wulangan 6 –tembang dhandhanggula–

6. 7.

Kinanthi Durma

6 7

8u

8i

8a

8i

8a

8i

12a

7i

6a

7a

8i

5a

7i

8.

Pangkur

7

8a

11i

8u

7a

12u

8a

8i

9.

Asmaradana

7

8i

8a

8e

8a

7a

8u

8a

10.

Sinom

9

8a

8i

8a

8i

7a

8u

7a

8i

12a

11.

Dhandhanggula

10

10i

10a

8e

7u

9i

7a

6u

8a

12i

7a

2) Wewatakan lan sasmitane tembang macapat Saliyane kaiket paugeran-paugeran tembang macapat uga nduweni wewatakan lan sasmita kang antarane tembang siji lan sijine beda-beda. No

Arane Tembang

Watake Tembang

1. 2.

kendo, tanpa greget: kanggo crita kang sakepenake Pucung Maskumambang sedhih, nelangsa, keranta-ranta: kanggo crita kang sedhih

3.

Gambuh

4. 5. 6. 7. 8. 9. 10. 11.

Megatruh Mijil Kinanthi Durma Pangkur Asmaradana Sinom Dhandhanggula

utawa susah rumaket, kulina, wani-wanuh: Kanggo pitutur kang rada sereng (keras) sedhih, nglokro (putus asa): kanggo crita kang susah banget wedharing rasa: kanggo crita isi pitutur seneng, asih tresna: kanggo crita kang ngemu tresna galak, nantang, nesu, muntab: kanggo crita perang sereng: kanggo crita kang ngemu sereng utawa gregeten sengsem, sedhih, prihatin: kanggo crita kasmaran sumeh, grapyak: kanggo crita isi pitutur luwes, ngresepake: kanggo piwulang

Pasinaon 2: NGGANCARAKE TEMBANG MACAPAT Umume tembung-tembung ing tembang macapat nggunakake tembungtembung kawi lan tembung-tembung kang ora kaya ing basa padinan. Kanggo mangerteni isine tembang, luwih gampang menawa ngowahi wujude tembang dadi basa gancaran (memparafrase). Coba tembang dhandhanggula ing ndhuwur owahana dadi wujud gancaran luwih mangerteni isine! …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… 3 Materi kls 8/2 wulangan 6 –tembang dhandhanggula–

Pasinaon 3: NEMBANGAKE TEMBANG DHANDHANGGULA Dhandhanggula

2 5 6 6 6 1^ 2^ 2^ 2^ 2^ U- ta- ma- ne wong ti- ni- tah u- rip 2^ 2^ 6 1^ 6 6 6 6 6 5 56 den a- bi- sa kar- ya nak ing ma- nah 5 6 6 6 6 6 5 1^.65 ma- rang sa- pa- dha pa- dha- ne 5 6 6 6 6 1^ 656 pe- pa- dha- ne tu- mu- wuh 5 5 2 2 5. 6. 1 6. 216 ha- nga- keh- na pang- ga- we be- cik 6. 6. 6. 6. 1 1 1 lu- wes ma- nis ing ba- sa 6. 5. 6. 1 2 6. 1 6. 5. ba- su- ki ing tem- bung 12 2 2 2 2 2 2 2 bu- ngah- a kang pa- dha myar- sa 5 3 2 1 6. 6. 6. 6. 6. 6. 1 2 2 ge- gu- la- ngen ing si- yang pan ta- ra- ra- tri 5. 6. 1 6. 6. 6.1 1 cip- ta- nen ing war- da- ya

Tugas Kelompok Tindakna pakaryan ing ngisor iki! a. Wacanen kanthi titi cakepan (syair) tembang! b. Wangsulana pitakonan-pitakonan iki! 1. Sebutna guru gatrane! 2. Tulisen guru wilangan lan guru lagune ! 3. Tembang kasebut kalebu tembang apa? 4. Kepriye watak lan sasmitane tembang? 5. Apa tema kang trep kanggo tembang kasebut? 6. Temokna pitutur luhur saka tembang kasebut ! 7. Critakna isine tembang kanthi negesi tembung-tembunge! 8. Owahana tembange wujud gancaran !

4 Materi kls 8/2 wulangan 6 –tembang dhandhanggula–

Dhandhanggula Wus temekeng titiwanci sami Suka syukur ing ngarsaning Allah Tegese tembung-tembung: Krana nutug ngibadahe temekeng : tumeka ing krana : amerga Pasa kwajiban luhur mesu : ngendhaleni(menahan) Dhawuh Gusti Kang Maha Suci brata : semedi (mendekatkan mertapa diri) Mesu brata mertapa catur : papat yekti : satemene,sabenere Ngendhaleni nafsu Siyam wajib sasi pasa Rukun Islam ingkang kaping catur yekti Tindak laku utama

Materi kls 8/2 wulangan 6 –tembang dhandhanggula–

Dhandhanggula Eling-eling pra kadang den eling Tegese tembung-tembung: Urip ira ing donya tan lama ira/ sira : sliramu, awakmu Bebasan mung mampir ngombe tan : ora nulya, nuli : sateruse, sacepete Cinecep nulya wangsul segeralah mring : mara ing Mring asale sangkane nguni sangkan : asal Begja ingkang wus pana nguni : biyen pana : ngerti, paham Sangkan paranipun den ambah : kudu dilewati kasidan : samun, rahasia Dedalan kang den ambah Mrih rahayu lumampah margi utami Sejatining kasidan

5 Materi kls 8/2 wulangan 6 –tembang dhandhanggula–

Dhandhanggula Wardining kang wasita jinarwi Wruhing kukum iku watekira Adoh marang kanisthane Pamicara punika Weh reseping sagung miyarsi Tata krama punika Ngedohaken panyendhu Wardining kang sasmita jinarwi Ngupa boga dene kelakuan becik Weh rahayuning angga

Tegese tembung-tembung: wardi : tegese, maknane wasita : pitutur kanisthan : tumindhak ala jinarwi : kandha, dikandhakake sagung : sakabehe myarsi : ngrungokna panyendhu : pasemon, sindhiran ngupa boga : bab golek pangan angga : awak, badan

Materi kls 8/2 wulangan 6 –tembang dhandhanggula–

Dhandhanggula Dhuh Gusti kang Maha welas Asih Tegese tembung-tembung: pinundhi : diajeni, diurmati Sesembahan sagung pra kawula sabda : prentah Pinundhi-pundhi sabda-Ne sasar susur : keliru, sesat sagung : sakabehe Ing kalane kebentus tumuliya : sateruse, sacepete segeralah Sasar susur keplintir muntir gya : gageya, segeralah Tumuliya hangrasa gunging : gedhene sapudhendha : ukuman, siksa Dosa gya nenuwun Nyuwun gunging pangaksama Muga-mugi sapudhendhaning Hyang Widhi Pinaringan ngapura

6 Materi kls 8/2 wulangan 6 –tembang dhandhanggula–

Related Documents


More Documents from ""

Pohon Zaitun.docx
October 2019 35
Sectio Caesaria.docx
November 2019 36
Soal Ekonomi Dodik.docx
November 2019 22
Intervensi Keloid.docx
November 2019 29
Dekubitus Lealflet.pdf
October 2019 28