Mc Jawa.docx

  • Uploaded by: Ahmad Haryanto
  • 0
  • 0
  • June 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Mc Jawa.docx as PDF for free.

More details

  • Words: 533
  • Pages: 3
Sepindah, monggo kito ngaturan puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi ucapan Alhamdulillahirobbil 'aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kulo panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan sedoyo saget angrawuhi jamaah rutin Enggeh meniko Waosan Yasin, Tahlil Ugi Kitab Al-Manakib Syeh Abdul Kodir Jailaiani, wonten dalemipun Bapak ...................... kanthi kawontenan sehat wal afiat mboten wonten rubedo menopo-menopo, Mugi-mugi kehadiran kulo panjenengan sedoyo estu-estu dicatet kalian Allah SWT dadoso amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin 2X Sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito kanjeng nabi Muhammad SAW, biqouli Allahumma sholli 'alaa Muhammad... ingkang sampun paring pitedah dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi agami Islam, Mugi2 dalu menika ngantos akhir hayat kulo panjenengan sedoyo tetep netepi agami Islam, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kulo panjenengan sedoyo dadoso umatipun Muhammad ingkang angsal syafaatipun kanjeng nabi Muhammad SAW. Amin 2X yaa robbal 'alamin ... Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, Dalu menika Bapak ................. segojo giler pengaosan Yasin soho tahlil ugi Waosan Manakib Syeh Abdul Kodil Al-Jailani, niat lan tujuanipun inggih punika, kirim doa dumateng junjungan kito nabi besar besar Muhammad SAW soho keluarga lan sahabatipun lan lumeber dateng sedoyo leluhuripun keluarga besar bapak ……… engkang sampun wangsung eng jaman kelanggengan munggi2 sedoyo amal sae nipun pun saget di tanpi deneng allah SWT lan amal awon nipun sanget di magfirih sehinggo dipon tempataken dating suarganipun Allah SWT.

Ingkang kaulo hormati hadirin jamaah yasin soho tahlil engkang minulya, wabil khusus shohibul bait, shohibul hajat, Bapak .......... sekeluarga ageng

 

Ingkang kaulo hormati hadirin jamaah yasin soho tahlil wabil khusus shohibul bait, shohibul hajat, Bapak MAD SUHADI sekeluarga ageng

Sepindah, monggo kito aturan raos puji syukur dumateng Allah SWT kanthi ucapan Alhamdulillahirobbil 'aalamiin, keranten eng wedal dalu meniko kito sedoyo tasek pinarengan kesehatan lahir ugi baten sehinggo keto sedoyo saget rawoh wonten dalemipun bapak MAD SUHADI Sekeluarga ageng mriki, niat dan tujuanipun enggeh meniko Ngelaksanaaken waosan SURAT YASIN UGI TAHLIL Mugi-mugi kehadiran kulo panjenengan sedoyo estu-estu dicatet kalian Allah SWT dadoso amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin allahumma amiin. Sak lajengipun sholawat lan salam mugi mugi tetep keaturaken dumateng junjungan kito nabi Muhammad SAW, engkang sampun paringi pitedah dumateng kulo panjengengan sedoyo, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, mugi-mugi kulo panjenengan sedoyo dadoso umatipun Muhammad ingkang angsal syafaatipun. Amin yaa robbal 'alamin ... Hadirin Jamaah yasin engkang kaulo hormati dalu menika Bapak MAD SUHADI sekeluarga ageng, segojo giler pengaosan Surah Yasin soho tahlil niat lan tujuanipun inggih punika, kirim doa dumateng junjungan kito nabi besar Muhammad SAW soho keluarga lan sahabatipun lan lumeber dateng sedoyo keluarga nipun bapak MAD SUHADI engkang sampun wangsung eng jaman kelanggengan enggeh meniko nom or : 123-

munggi-mugi sedoyo ahli kuburipun Bapak MAD SUHADI Sekeluarga ageng sedoyo amal sae nipun pun saget di tanpi deneng allah SWT lan amal awon nipun sanget di magfirih sehinggo dipon tempataken dating suarganipun Allah SWT. Saklajengipun saksamponipun Bapak MAD SUHADI Ngiler pengaosan Surat Yasin ugi Tahlin dipun tambahi Iman islamipun, dipun gangsaraken anggenipu pados rizki, rizki engakang halal, engkang barokah kangge ngibadah dumateng Allah SWT, lan putra wayahipun engkang saat meniko tasek lenggah wonten bangku pendidikan mugi-mugi dipun gampelaken anggenipun tholabul ilmu, sehimggo sangeto angsal ilmu engkang barokah mangfaat fidini waddunya hatla akherot

Related Documents

Mc
December 2019 54
Mc
April 2020 33
Mc
November 2019 62
Mc
June 2020 27
Mc
June 2020 36
Mc-petra
November 2019 20

More Documents from ""