D
CALON ARANG Wayah bengi Calon Arang ing kuburan karo gowo sajen kanggo Dewi Durga. Calon Arang : “ Tekana…. Tekana Dewi Durga! Aku butuh bantuanmu…. Tekana….” Dewi Durga : “ Ha…ha….ha…ha ana apa koe ngundang aku Calon Arang? ” Calon Arang : “ Kula butuh bantuan Dewi….” Dewi Durga : “ Bantuan apa sing mbok butuhkake? Koe pingen banda? Apa pingen sekti?” Calon Arang : “ Ora kui Dewi…. Hamba pingen ngutuk warga Desa Girah kang wis lancang. Utamane para jaka kang ora gelem dadikake anakku bojone.” Dewi Durga : “ Kutukan kaya piye sing mbok pingenkake?” alon Arang : “ Hamba pingen warga duweni penyakit kang ora ana obate.” Dewi Durga : “ Yowis...bakal tak kabulke panjalukanmu.” Calon Arang : “ Maturnuwun, Dewi…” Dewi Durga : “ Sebarna bubuk iki ing kali mesti bakalane muncul penyakit aneh kang ora ana obate.” Calon Arang : “Maturnuwun... Dewi. Bakalane Hamba taburaken. Hamba wis ora sabar ningali warga Daha remuk ajur.” Dewi Durga : “Ndang baleko ! Lan sebarno bubuk kui.” Ing dalan balek Cslon Arang nglewati sungai. Deweke langsung naburaken bubuk racun sing diwenehi seka Dewi Durga. Sesoke wis mulai ana sing duweni penyakit aneh ing nyebar ing desa Girah. Kang ora ana obate. .
Ing kerajaan Daha, Raja Erlangga krungu kabar saka Patihe anggere warga Girah padha duweni penyaki aneh kang ora ana obate. Patih : “Hormat Paduka” Raja Erlangga : “Tak tampa hormatmu Patih, ana apa? Kayane ana sing penting?” Patih : “Inggih leres Paduka, niki enten hubunganne kaliyan warga” Raja Erlangga : “Ana apa karo wargaku patih?” Patih : “Warga ing desa Girah niku padha duweni penyakit, lan penyakite niku mboten wonten obate, sedaya tabib mboten enten sing saged ngobati penyakit niku mau.” Raja Erlangga : “Kok iso ngono pie critane?” Patih : “Saking omongan warga niki penyakit kutukan saking Calon Arang.” Raja Erlangga : “Apa?! Calon Arang?! Wani-wanine deknen gawe keributan, saiki kirim pasukan kanggo nyerang Calon Arang! Calon Arang kudu mati!” Patih : “Nggih baginda raja, kula pamit ajeng dawuhi prajurit rumiyin.” Raja Erlangga : “Iya kono dawuhi para prajurit kanggo perang” Patih : “Inggih Paduka.”
Sawise didawuhi kalian patih, para prajurit banjur nyiapkake kabeh sing dibutuhake kanggo perang. Para pasukan tentara sing dikirim kanggo mateni Calon Arang ora berhasil, amarga Calon Arang kui mau sakti. Sawetara wong utusan raja iku mati. Sawise pirang-pirang dina, Patih lan Raja Erlangga sepakat kanggo njaluk bantuanne Empu Baradhah kanggo ngalahkake Calon Arang. Raja banjur dhawuhi patih lungo menyang desa Tulis, nemuni Empu Bharadah kanggo njaluk tulung. Empu Bharadah nyanggupi panjalukanne.
Empu Bharadah njaluk tulung Bahula, salah sawijine muride kanggo bantuni awake kanggo ngalahkake Calon Arang. Banjur Empu Bharadah karo Bahula lungguh ing ruang tamu kanggo bahas carane ngalahkake Calon Arang. Empu Bharadah : “Ono hal penting sing arep tak omongke karo koe, iki tugas kerajaan.” Bahula : “Tugas napa guru sing kudu kula nglakokake.” Empu Bharadah : “Tugas iki kudu mbok lakokake karo ikhlas, rabi ya karo Ratna Manggali.” Bahula : “Inggih guru.” Empu Bharadah : “Sawise dadi bojone Ratna Mangali, takokna karo awake babagan kesaktianne ibune, Calon Arang.” Bahula : “Nggih Guru, napa kula naming tangled ?” Empu Bharadah : “Ora, koe ya kudu goleki kelemahanne, banjur omongke aku, lan aku ngko bakal ngatur siasat.” Bahula : “Kulo pasti ngelakukake napa sing diaturaken kalih guru, benjang kula badhe sowan wonten griyanipun Calon Arang, banjur kula ngelamar putrinipun. Mesti lamaran kula bakal ditampi.” Empu Bharadah : “Yen kui pasti, soale iki ono hubunganne karo warga, koe yo iso karo nambah ilmu.” Bahula : “ Inggih guru, kula bakal ngelakokake kabeh.” Empu Bharadah : “Yowis, kono siapkake opo sing mbok butuhke.” Bahula : “Nggih guru.”
Sawetara pirang – pirang dino, Bahula lungo menyang Calon Arang kanggo ngelamar Ratna Manggali. Bahula : “tok..tok..tok... kula nuwun.” Ratna Manggali :” Nuwun sewu, wonten nopo nggih mas?” Bahula : “Aku arep ketemu Nyi Calon Arang.” Ratna Manggali :”Ohh inggih mas, mangga lenggah rumiyin, kula ajeng ngundangkake ibu rumiyin.” Bahula : “Nggih.”
Calon Arang : “Oo ana tamu jebule, ana perlu apa mas teka merene?” Bahula : “Kula dateng wonten mriki badhe ngelamar putrinipun panjenengan nyai.” Calon arang : “Apa koe tenanan arep rabi karo anakku?” Bahula : “Kula tenanan nyai ajeng ngelamar putrinipun panjenengan” Calon Arang : “Yo tak tompo lamaranmu, bakal tak siapkake kabeh apa wae butuhe kanggo perkawinanne anakku” Bahula : “ Matur nuwun nyai, kula bakal dadi bojo sing apik kangge Ratna Manggali.” Calon Arang : “ Ratna, rene nduk ono sing meh tak omongke.” Ratna Manggali : “Nggih ibu wonten napa ?” Calon Arang : “Koe mesti bakal seneng krungu iki, mase iki teka mrene kanggo ngelamar koe.” Ratna Manggali : “ Napa leres niku?” Bahula : “ Iyo bener, aku teka mrene kanggo ngelamar koe, lan ibumu nerima lamaranku, dhewe bakal rabi.” Calon Arang : “ Bener anakku, acaramu dilakokakke 2 minggu meneh, ibu bakal nyiapkake kabeh.” Ratna Manggali : “Nggih ibu kula seneng.” Calon Arang : “Ibu ya padha-padha seneng.” Sawetara 2 minggu kepungkur, acarane Ratna karo Bahula diadakake pesta ingkang geden pitung dina pitung wengi. Acarane iki marakake calon Arang seneng. Ratna Manggali karo Bahula melu seneng amarga dheweke saling sayang . Acara kawinanne wes kelewat nanging suasana seneng ijek ana ing desa Girah. Bahula gunakake wektu kui kanggo ngelakokake tugase. Seko Ratna, Bahula reti nek Calon Arang maca kitab lan ben bengi ngelakokake ritual ing kuburan. Bahula banjur ngatur siasat kanggo njipuk kitabe calon Arang. Pas tengah wengi, Bhula mlebu panggonan Calon Arang kanggo nyimpen kitab. Sawise jipuk kitab kui mau, Bahula mulih menyang desa Lemah Tulis lan nyeritakake kabeh kebiasaanne mertuane ing Empu Bharadah. Bahula banjur ndang mulih maneh ing Desa Girah sak durunge Mertuane reti. Empu Bharadah nyusul ing desa Girah. Ing kuburan Desa Girah, empu Bharadah ketemu karo Calon Arang. Empu Bharadah : “ Mandekno kabeh ritualmu Calon Arang. Ojo mbok lanjutna.” Calon arang : “ Apa urusanmu ?” Empu Bharadah : “Urusanmu seiki dadi urusanku! Amarga koe wes wani nyengsarakake warga desa iki. Ndang mandekno ritualmu!” Calon Arang : “ Wes! Rasah kakehan omong!!” Empu Bharadah : “Yowes nek koe arep tarung!!” Banjur ana perang antara Calon Arang karo Empu Bharadah. Amarga kitab sing selama iki ono ing calon arang wes ilang, akhire calon arang mati. Ratna Manggali kaget lah sedih nalika krungu kabar yen ibune wes mati. Dekne lan Bahula banjur lunga menyang kuburan kanggo ndelok jasade ibune. Ratna Manggali : “ Ibuuu... aja lunga buuu... aja tinggalkake ratna buu..” Bahula : “Sabar Ratna, iki bisa dadi dalan sing apik kanggo dhewe kabeh. Ikhlasna wae.” Empu Bharadah : “Aja sedih. Iki wes takdir sing kuasa.”
Bahula : “Nggih guru.” Ratna Manggali : “Kepriye aku rak nelangsa, ibuku wes meninggal.” Bahula : “Iya aku reti, nanging nek koe nangis apa iso ibumu urip maneh ?” Ratna manggali : “Nggih mas, kula bakal ngikhlaskake ibu.” Empu Bharadah : “Ndang kuburna jasade mertuamu. Semogo bariki keadaanne dadi apik neh.” Bahula : “Nggih Guru.” Calon arang banjur dimakamkake. Sawise kui, ing desa Gieah dadi aman lan tenram kaya biyen. Kabeh warga ngerasa senang amarga rak ono sing gawe resah maneh. Ratna lan Bahula yo bahagia, uripe mereka dadi damai lan dadi keluarga sing saling sayang.