Alhamdulillahirobbil Alamin Kito Taseh Dipariningi Nikat Kesehatan Nikmat Keimanan Sehinggo Kito Taseh Saget Ngraosaken Nikmatipun Taqorrub Dateng Alloh Swt.docx

  • Uploaded by: Subhi Fathul Anif
  • 0
  • 0
  • June 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Alhamdulillahirobbil Alamin Kito Taseh Dipariningi Nikat Kesehatan Nikmat Keimanan Sehinggo Kito Taseh Saget Ngraosaken Nikmatipun Taqorrub Dateng Alloh Swt.docx as PDF for free.

More details

  • Words: 776
  • Pages: 3
                 Alhamdulillahirobbil alamin kito taseh dipariningi nikat kesehatan nikmat keimanan sehinggo kito taseh saget ngraosaken nikmatipun taqorrub dateng Alloh SWT. Kranten detik meniko katah tiang ingkang nglanggar perintahipun Alloh namung sekedar nggolek kebetahan nddonyo, amargi anggepanipun tiang meniko kenikmatan lan kebahagiaan saget diraih kanti kerjo kerjo lan kerjo.saking meniko sampun 1500 th kepungkur kanjeng nabi muhammad sampun dawuh sugeh ora diukur karo akehe kemewahan ndonyo nagnging sugih yoiku ati kang terus ngroso cukup. Saking sukur meniko monggo kito terus berusaha ningkataken taqwa kito dumateng Alloh Swt. Taqwa ingkang artosipun nnglampai punopo ingkang dados perintahipun Alloh lan nebihi punopo ingkang dados laranganipun. TANPO PANDANG PILIH. Jamaah sholat jumah rokhimakumulloh Nembekemawon kito sampun nglebeti tahun enggal, saking tahun 2018 gantos dados tahun 2019. Nyikapi perpindahan tahun meniko katah umat islam ingkang sami bingung. Katah ingkang medal teng tempat tempat wisata namung nonton pertunjukan kembang api, katah ingkang tumut tumbas terompet ingkang sakmangkeh bade dipun unekaken pas jam Kaleh Welas Ndalu katah ingkang begadang (lek lekan) dugi ndalu namung ajeng dados saksi perpindahan tahun. Mboten sadar nek meniko termasuk golongan kegiatan ingkang mubadir. (INNALMUBADIRIN KANU IHWANASYAATIN) saktemen kegiatan seng mubadir, (pemborosan, Ora manfaat), kui kancane setan. Disadari mboten disadari sakniki kito nglewati detik ingkang enggal, menit engkang enggal, jam ingkkang inggal, bahkan mangkeh ndalu kito nglebeti dinten ingkang inggal ugi. Saking mekaten pergantian tahun meniko sifatipun biasa mboten enten seng spesial nopomaleh sakral ingkang kedah ditunggu tunggu. Jamaah jumah rokhimakumulloh Budaya ngrayakake tahun baru meniko asal usulipun budaya jahiliyah ingkang terus menyebar. Perlu panjenengan mangertosi bilih kaum yahudi meniko manggil umatipun beribadah mbeto terompet, nasrani mbeto lonceng, lan majusi mbeto geni. Nah wonten malem pergantian tahun baru meniko sedoyo alat ngumpul dados setunggal. Lan parahipun ingkang ngebaki

panggenan-panggenan meniko katah tiang islam. Meniko nandaaken umat islam sakniki tebih saking tuntunan lan syariat. Wonten hadits riwayat al baihaqy “Arep bakal teko sijineng jaman. Naliko kui ora ono islam kecuali namung jenengane, lan oraono quran kecuali tinggal tulisane, masjid masjid dibangun megah neng adoh seko tuntunan, lan ulamake paling elek neng ngisor langet, seko omongane metu fitnah fitnah lan ffitnah kui bakal bali marang deweke,” suoro mercon katah ananging suoro waosan ayat suci Alquran sepi. Tempat tempat wisata meniko kebak ananging masjid masjid sepi saking kegiatan agami. Kito umat islam nyikapi pergantian tahun meniko mboten hura – hura ananging islam nuntunaken kito supados mukhasabah (ngetong etong amal). Amal teng wedal ingkang sampun kelampah luih katah dosanipun nopo ganjaranipun. Amargi hakikatipun tahun nambah meniko umur kito tambah katah. Umur tambah katah meniko hakikatipun wedal kito wangsul wonten ngarso dalem alloh swt tambah cepet ugi. Lan sedoyo ingkang kito perbuat wonten alam ndonyo meniko bakal disuwuni tanggung jawab. wonten hadits riwayat tirmidzi ingkang artosipun “ora obah sikile wong neng dino kiamat. Sakdurunge ditakoni umure entek kanggo opo?, ilmune digunaake kanggo opo, bandane seko ndi anggone nggolek lan kanggo opo dibelanjaake, lan awakke kanggo opo digunaake. Umur meniko telas diginaaken damel maksiat nopo taat? Ilmu wonten pikiran meniko diginaaken kangge manfaat nopo khianat, harta ingkang melimpah ruah meniko diginaaken kangge sodakoh amal jariyah nopo damel mubadir, muspro tanpa guna, badan ingkang waune gagah ronggah ronggah dumugi lemah tanpo doyo diginakaken berjuang fisabilillah nopo berjuang fi sabilisyaiton. Sakeng hadits meniko kedahipun kitpo sungguh sungguh ngelampai tuntunan Alloh swt. Ampun ngantos kito kegodo gemerlape ndonyo seng sifate menipu lan sementara. Jamaah rokhimakumulloh

                 Aja ketipu karo kamardikan (Kegiatan, Tingkah laku, Polahe) wong kafir neng jerone negri. Iku mung kesenengan seng sedelo , banjur panggonan wong wong mau neng neroko jahannam lan jahannam kui sak elek eleke panggonan. (Ali imron 196-197.)

                                   Wong wong yahudi lan nasrani ora bakal ikhlas karo koe (wongislam) sak durunge koe melu marang agamane. Omongnno “petunjul Alloh kui petunjuk seng bener” lan saktemene nek koe melu kekarepane yahudi lan nasrani sakwise koe ngerti petunjuk (agomo islam). Mongko Alloh ora bakal ngenei koe perlindungan lan pitulungan. saking ayat meniko kaum ahli kitab nggadai misi ingkang tersusun rapi sainggo saget mikat kaum muslim sekilan dumugi sekilan, sehasta dumugi sehasta, sehinggo kaum ahli kitab mlebet teng leng biawak mawon kito bakal tumut. pramilo sumonggo kito sebagai umat islam kedah nggadai pondasi ingkang kuat. Inggih puniko paham punopo ingkang wasiatke kanjeng nabi muhammad SAW lan ugi istiqomah ngamalaken syariatipun.

Durumakitabillahi khaesuma daro Beredarlah Kamu Sekalian Bersama Alquran Kemana Ia Beredar

Related Documents


More Documents from "Noer Salim"