ARJUNA SASTRABAHU : heh Sumantri, garwaku Dyajeng citrawati ngerkersake taman sriwedari sing ana ing kahyangan Untarasegara. Gelem ora gelem, seneng ora seneng, awakmu tak utus muter taman iku ono praja maespati kene.
SUMANTRI
SUKRASANA
: Apa? Apa meneh iki Dhuh gusti, Menawi jengandika maringi pacoban urip menika dhateng kawula, punapa lelabuhan kula ngantos samenika tangeh lamun ing panggraita panjenengan?
: [suara kerdil dan cacat] Kakang Ati..., aku bakal nulung awakmu kakang…… elinga janjiku marang sliramu. Aku bakal nulungi awakmu nalika awakmu nandhang susah lan nalika sedhih bakal dakgawe bungah.
SUMANTRI
: apa isa yayi? Iki kayata cebol nggayuh lintang, tangeh lamun.
SUKRASANA
NARATOR
: yen gelem budidaya, apa awake dewe iku dadi enthung kang isa maleh dadi kupu-kupu? Ayo dedonga lan lelaku brata bareng-bareng, coba delengana kakang atiii...
: sabubare padha samya manekung puja brata, aneng sisih kidul etan Praja Maespati kang lemahe nela-nelaa maleh awujud dadya taman kang kaya separate swarga, ya iku taman sriwedari. (sriwedari jadi pake kayon) Sakwise taman sriwedari tumata aneng sakidulwetaning praja, Dewi Citrawati niliki kaendahan aneng jeroning udyana. Teka-teka BANJUR…
CITRAWATI
: aaaaaaaa kakangman
ARJUNA SASTRABAHU
: ana apa yayi?
CITRAWATI
: taman kene jebul ana buta bajang nggegirisi kakang, singkirana buta iku kakang apa aku bali ing Magada
ARJUNA SASTRABAHU
: iya yayi dakwujudi
Sumantri.. lakonana apa sing dikarepna dening garwaku, yen ra kowe sing bali ing Jatisarana. SUMANTRI
: [PUISI BAIT 4] Apa? Apa maneh iki dhuh Gusti? punpa kawula kedah ngurbanaken daging satengkel kawula ?? Ohhh adhiku sukrasana Senajan awakmu disingkiri dening para putri kedhaton. Nanging awakmu bakal dadya garwaning widadari ing kaswargan jati yayi.
SUKRASANA
: kakang ati, enten napa ta kakang? Kula kangen marang kakangati.
SUMANTRI
: (menangis) Adhiku dhi, ayo mulih, ayo mulih. Sliramu ora cocok aneng praja kang kadya neraka iki. Yayi, sepisan maneh ayo mulih ning jatisarana wae yayi. Sejatine awakmu bakal disebratake karana kowe gawe gegirise pameswari kraton yayi. (memalingkan badan dan keris menghadap ke sukrasana)
SUKRASANA
: kakang, sliramu jebul kawit biyen jek duwe rasa isin dateng awakku? Kaya kacang sing lali karo kulite wae, oh kakang ati, jebul sliramu durung bisa nampa aku. Sanadyan kabeh manungsa ing marcapada kene nganggep aku iblis. Namung sliramu kang mangerteni yen adhimu iki malaekat pangayomanmu. Luwih becik patenana aku wae kakang, sampurnakna aku kakang, aku lila kakang. Aku bakal nampa kabeh iki kanggo kowe kakang ati. (kata2 terakhir sambil menusuk keris ke dadanya)
SUMANTRI
: ora yayi lir kadya samudra kang nampa rereged saka dhedharat, sejatine aku ora kaya mangkono yayi. Yayi, luwih becik balia wae yayi. Papan panggonan iki neraka sing medhun ana bumi Yayi… (mengetahui bahwa adiknya bunuh diri lalu berteriak) YAAAAYIIIII....... Yayi Sukrasana, sira wus dadya prawira ing jro kalbuku, pun kakang tresna marang sliramu yayi..... (menangis)
SUKMA SUKRASANA : kakang Sumantri…. Kula tasih ngantu-antu kakang Besuk yen sira ketemu tandhing yudha kalawan manungsa paling laknat lan angkara ana ing marcapada iki, iku sasmitaku kakang, yen bakal nggandeng konca sliramu sowan ing kaswargan jati kakang (sambil meninggalkan sumantri)
Kesimpulan
: