Aku Yeri, aku sekolah ing SMA 1 Jekulo. Sakliyane dadi pelajar, aku uga duweni gaweyan kang nguntungake, gaweyan iki amarga aku duweni kaluwehan. Aku bisa ngeti sing ora bisa dingeti kabeh wong. Aku ora ngerti asal-usul kaluwehan iki, aku sadar yen duwe kaluwehan iki wektu aku cilik, nalika almarhume si mbah kakung, aku diajak bapak nyekar ing makam. Ing makam, aku bisa ngeti kedadehan aneh arupa wong ngadeg nanging sikile ora napak ing lemah. Wiwit kedadehan iku, aku sadar yen aku beda, aku bisa ngeti bangsa alus.
***
“Aja lali tugase digarap, sugeng sonten, wassalamualaikum.” –Bu Guru
Sawise Bu Guru medhal, Lisa banjur marani Yeri,
“Yer, ayo ing omahku kanggo garap tugas.” –Lisa “Ora salah kuwe ngajak aku ? Kok biasane ngajak Jeni.” –Yeri “Aku duwe kaperluan liya karo kuwe.” –Lisa “Kaperluan apa ?.” -Yeri
-ganti latar, langsung ing omahe Lisa-
“Kuwe lungguh kene sek, tak jupukna suguhan.” –Lisa “Ora usah repot-repot Lis.” –Yeri “Ora apa-apa.” –Lisa
-ing ruang tamu omahe Lisa, Yeri noleh kiwa-tengen, deweke ngerti ana sing ora beres karo omahe Lisa. Ora suwe, Lisa teka karo gowo suguhan-
“Aku ngerti apa sing kok karepke, mulane ngajak aku garap tugas ing omahmu.” – Yeri “Alhamdulillah kuwe ngerti, seminggu kepungkur omahku rasane singup, aku kerasa ana sing ngawasi saka pojokan ruang tengah, coba ngeti ana apane ?.” –Lisa
Sawise diceritani Lisa, Yeri banjur diajak mlebu ing ruang tengah, deweke ngerasa ana hawa-hawa sing aneh ing pojok cedhak tv. Yeri ngangkat tangane lan mripate merem.
“Sek sek Lis, aku ngerasa ana sing aneh ing pojokan kono. Aku mambu mambu--” –Yeri “Heh aja ngono, aku wedi iki.” –Lisa medhot omongane Yeri
Yeri langsung menteleng
“Allahuakbar.” -Lisa “Panggone pancen ing pojok kono, nanging sing kok karepke lagi ora ana ing panggone, aku ora ngerti deweke ning ngendi.” –Yeri “Kuwe bisa ngusir ?” –Lisa “Insyaallah bisa.” -Yeri “Sesuk-sesuk wae aku iki mung cerita, ayo garap tugas sek, iki diteruske kapan-kapan wae.” –Lisa
-ganti dina-
“Heh heh heh iki rumuse piye “ –Arin “Santai ah, iki lho.” –Lisa “Ngawur, iki ngene loh Lis.” –Arin “Lha kuwe mau takon aku, yo tak jawab, piye sih.” -Lisa “Halah ribut, aku kudu ing kamar mandi iki, sebelah ngendi Lis ?.” –Yeri “Angger mlebu cedak kamar nomor telu.” –Lisa “Ok ok.” –Yeri
Yeri banjur mlebu ing jero omahe Lisa, pas ngelewati ruang tengah, Yeri mandheg ndadhak. Deweke ngelirik sisih kiwane.
“BAAA jebul ning kene kuwe.” –Yeri ujug-ujuge madhep kiwa “Heh kaget.” –Jeno “Lho kok kuwalik.” –Yeri
“He’e yo.” –Jeno “Lapo kuwe ing kene ? Lisa nganti keweden.” –Yeri “Yo pengen wae.”
-alur mundur, ceritane Jeno bisa dadi bangsa alus-
Aku Jeno, aku sekolah ing SMA 1 Garuda. Aku bocah sing angel diatur. Saben malam minggu, aku seneng balapan ana ing dalan pinggir kutha, aku uga seneng bolos sekolah. Lan ing sawijining dina, prastawa sing ora tak karepke kedadehan. Wektu iku aku ora siap balapan, nanging dipeksa balapan amarga yen menang bakale entuk hadiah. Aku sing pancen ora siap, ing tengah-tengah balapan aku ngerasa kabeh dadi burem, aku ora sadar yen wes metu saka arena. Aku nabrak palang pinggir dalan. Sawise iku aku ora ngerti apa maneh sing kelakon.
Lan ning kene aku saiki, dadi arwah. Aku ora setan amarga aku ngerti dewe awakku ana ing ruang operasi lan digawa metu ing ruang inap, nangin aku kangelan balik ing awakku dewe, kaya ana sing ngalangi. Wong-wong saiki ngaranine koma.
“Pengen-pengen enak wae sing ngomong. Kuwe sakjane kan wis munggah ing duwur kono, lapo ing kene ?.” –Yeri “Ngawur wae, aku durung mati.” –Jeno “Halah rak usah ngapusi, wes kono lunga.” –Yeri “Kuwe ngusir aku ?” –Jeno “He’e, lapo kok ora ?” –Yeri “eee kurang ajar iku Lisa.” –Jeno “Yer, kuwe kok suwi bange ing kamar mandi ?” –Lisa undang-undang saka teras “Otewe otewe, wetengku mules.” –Yeri “Awas kuwe ganggu Lisa.” –Yeri “Ora-ora, wes kono lunga hus hus.” –Jeno “Lah kok malah aku sing diusir, setan ancen.” –Yeri
Sawise garap tugas, Arin pamit muleh saka omahe Lisa, nanging Yeri isih ing kono amarga arep cerita ing Lisa babagan bangsa alus sing ana ing ruang tengahe deweke.
“Ora muleh Yer ? Wis sore loh.” –Lisa “Jare aku kok kon ngusir sing ning omah iki, piye ? Sido ora ?” –Yeri “Yo sido, piye ? Butuh apa wae tak siapno.” –Lisa “Ora usah nganggo apa-apa, dongakno wae aku selamet.” –Yeri “Siap bos.” –Lisa
Banjur Lisa lan Yeri mlebu, Yeri nemu bangsa alus lanang mau lagi lungguh santai ing salah siji sofane Lisa.
“Iku loh, lanang.” –Yeri nunjuk bangsa alus mau “Heh tenane ?” –Lisa “Dikandani ora percaya.” –Yeri “Wis arep diapak-apakno sembarang, pokoke setan iku pindah.” –Lisa “Enak wae sing ngomong, aku ora setan.” –Jeno “Ribut, protes wae.” –Yeri “Kok kuwe nyeneni aku sih Yer ?” –Lisa “Aku ngomong karo iku loh.” –Yeri nunjuk Jeno “Wis, angkat tangan aku.” –Lisa “Kuwe arep mindah aku Yer ? Lawan sek kanca-kanca ku.” –Jeno “Wah nantang.” –Yeri “Malam jumat, tak enteni ing buri omahe Lisa, awas wae ora teko.” –Jeno
-malam jumat, buri omahe Lisa-
Yeri wis siap siap, ing lawang pawon ana Lisa lagi ngawasi lan ing sanding wit ana Jeno lan kancakancane sing rupane macem-macem, ono kuntilanak, zombie, lan sundel bolong.
Jeno banjur ngawe-awe Yeri supaya deweke cepet maju lan ngelawan kanca-kancane. Lucune, carane Yeri ngelawan setan-setan iku ora karo donga utawa kembang lan sakliyane, nanging uga kaya tukaran karo manungsa, Yeri lan setan-setan mau adu jotos. Yeri wis bisa ngalahake mbak kunti lan mbak sundel, Jeno sing ngerti iku banjur keweden.
“Waduh, mati aku, mbakyu mbakyu ku kalah.” –Jeno “Kabur wae.” –Jeno banjur mlayu ora ngerti ing ngendi “Lho lho kabur, heh heh.” –Yeri bengok “Piye piye Yer ?” Lisa takon, deweke isih deli king jendela pawon “Wah kabur Lisa setane.” –Yeri “Terus piye ?” –Lisa “Sesuk aku mara ing omah mu maneh.” –Yeri
-ganti dina-
Yeri lagi lungguh ing karpet ruang keluargane Lisa, Lisa ngawasi saka kamar. Saiki ing ngarepe Yeri ana Jeno lagi lungguh.
“Wis, karepmu piye ? Kesel aku, pindah, Lisa gak seneng ana kuwe ing kene.” “Aku moh pindah.” “Panggonmu ora ning kene, heh astagfirullah.” –Yeri “Aku wis reti panggon ku ora ing kene ah.” –Jeno “Nek wis ngerti, lapo isih ing kene ?” –Yeri “Yo sakarepku.” –Jeno “Rene tak jambak rambutmu.” –Yeri ngadeg lan arep jambak rambute Jeno “Heh heh santai mbak.” –Jeno ngalangi tangane Yeri
Dingeti saka cedhakan, Yeri ngerasa yen ana sing aneh saka Jeno. Wujude Jeno biasa, ora kaya setansetan umume, deweke mung kaya manungsa sing lagi lara, pucet. Lan Yeri ngakoni yen Jeno kuwi ganteng.
“Kok ganteng ?” –Yeri ora sadar ngomong “Heh ? Piye-piye mbak ?” –Jeno “Ora, wes kono-kono.” –Yeri langsung ngadeg “Ngomong apa aku mau ? Wah wis ora waras aku iki.” –Yeri ngomong karo mlaku metu omah lan ing burine ana Lisa
-sekolahan-
“Lisa.” –Yeri ujug-ujuge marani Lisa “Apa ?” –Lisa “Sing ing omah mu isih ganggu ?” –Yeri “Ngapa ?” –Lisa “Yen isih ganggu, tak usir meneh.” –Yeri “Wis ora sih, nanging isih singup.” –Lisa kaya mikir-mikir “Tapi bahaya loh Lis.” –Yeri “Apa iya ?” –Lisa kaget “He’e, mulih sekolah ayo tak usirke meneh.” –Yeri “Sip-sip.” –Lisa
Wiwit iku Yeri saben dina yen mulih sekolah mesti mampir ing omahe Lisa, alasane garap tugas, numpang mangan, lan liyane. Nangis iku mau mung alesan, Yeri mung pingin ngeti Jeno sing lungguh anteng ing ruang keluargane Lisa. Biasane uga tukaran disik ing ruang tengahe Lisa, nganti Lisa bingung, sakjane kancane iku ngapa lan kenapa
“Coba kuwe manungsa, aku bakale wis dadekno kuwe pacar.” –Yeri tanpa sadar ngomong ngono terus metu saka omahe Lisa.
Wis seminggu iki Yeri ora tau ngeti Jeno meneh, deweke ora ngerti Jeno ana ing ngendi. Ndekne ngerasa ana sing beda.
-sekolah-
“Eh Yeri, aku arep cerita.” –Lisa “Apa ?” –Yeri “Akhire, omahku ora kerasa singup meneh.” –Lisa
Yeri langsung kaget
“Loh kok bisa ?” –Yeri “Nyoba kuwe mengko ing omahku.” –Lisa
-omahe Lisa-
“Loh iya, omah mu ora singup meneh.” –Yeri “Seneng aku, matursuwun yo Yer, sesuk minggu kuwe arep diajak ibuk bapak ku lunga ing pantai, gelem ora ?” “Eh tenan iki ? Matursuwun loh, aku tak ing omahmu sesuk minggu.” –Yeri “Tapi aku tak ngeti ruang keluarga mu sedela ya ?” –Yeri “Monggo.”
Yeri banjur mlebu, nangis ora ana apa-apa ing kono, sepi.
“Mbake luru mas Jeno yo ?”
Yeri langsung kaget
“Mbake, kaget aku.” –Yeri “Luru mas Jeno tho ?” –mbak kunti “Sapa iku Jeno ?” –Yeri bingung dewe “Iku loh mas-mas ganteng sing biasane lungguh ing sofa.” –mbak kunti “Oh jenenge Jeno, he’e ing ngendi mbak Jeno ?” –Yeri
“Aku ora ngerti sih, nanging dina selasa bengi, aku weruh ana putih putih padhange pol ngasi ora ketok raine, marani Jeno, terus Jeno diajak putih-putih mau.” –mbak kunti “Jeno wis munggah ing duwur yo mbak ?” –Yeri “Katone sih ngono.” –mbak kunti
Yeri metu saka omahe Lisa,
“Wis pancen dalane, kuwe karo aku beda, beda alam.” –Yeri
-sekolah-
Sewulan kepungkur, Yeri wis arang dolan ing omahe Lisa. Yeri lagi lungguh anteng, nanging dikancani mbak kunti ing sebelahe.
“Heh heh hot news hot news.” –Arin mlebu kelas karo gembor-gembor “Apa sih Rin, kupingku budheg iki dungu kuwe gembor.” –Lisa “Ana murid anyar loh.” –Arin “Sapa ?” –Yeri “Ora ngerti aku, pokoke lanang, ganteng loh, aku ngerti pas mlaku ngelewati ruang BK.” –Arin “Bu Guru Bu Guru.” –Sakelas “Assalamualaikum,”
Bu Guru mlebet kelas nanging ing burine ana bocah lanang sing melu.
“Bocah-bocah, iki ana kanca anyar, deweke pindahan saka SMA 1 Garuda, ayo cah bagus kenalan.” – Bu Guru “Maturnuwun bu, tepangaken jeneng ku Jeno Abraham.”
TAMAT