Ana Kidung Rumeksa Ing Wengi

  • May 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Ana Kidung Rumeksa Ing Wengi as PDF for free.

More details

  • Words: 641
  • Pages: 2
Leo Sutrisno Ana kidung rumeksa ing wengi

.

2 5 6 6 6 2 2 2 2 1 A-na ki-dung ru-mek-sa ing we-ngi, 2 2 1 6 5 6 6 6 6 6 Te-guh a-yu lu-put ing le-la-ra, 6 1 1 1 6 6 5 5 Lu-put ing bi-la-hi ka-bèh, 5 6 6 6 6 61 6 jim sé-tan da-tan pu-run, 5 5 2 2 5 6 16 6 216 Pe-ne-luh-an tan a-na wa-ni, 2 2 2 2 2 2 2 mi-wah pang-ga-wé a-la, 1 6 1 2 61 65 Gu-na-ning wong lu-put, 1 2 2 2 2 2 2 2 Ge-ni a-te-mah-an tir-ta, 5 3 2 16 6 6 6 6 6 1 2 Ma-ling a-doh tan wa-ni ce-dhak ing ma-mi, 5 6 1 6 3 2 1 Tu-ju gu-na pan sir-na. (Kidung Montrawedha)

2

Cathetan: not menika kawaos ing basa Jawi. Kadosta: ro ma nem nem nem ji ro ro lsp. Para kadang kinasih, Tembang Dhandhang-gedhis kados ingkang kaserat ing nginggil menika asring sanget dipun kidungaken swargi bapak ing wanci dalu. Biasanipun ngantos lingsir dalu. Tentu, kula sampun wungsal-wangsul nglilir bapak dèrèng kèndel. Saèstunipun swargi bapak mboten nembang, namung rengeng-rengeng kémawon. Nanging, jalaran dedalem ing padusunan, mila swasana ndalu panci sepi. Rengengrengengipun bapak kepireng cetha. Saking kamar, kula kula ugi mireng enthiring gangsir ing kang manggen ing pekawisan wingking. Kala wanci enthiring gangsir menika sesarengan kaliyan enthiring sawer ingkang ngerong ing pèrènging sumber wingking griya. Sumber wau ketelah sumber Nggolèng. Ngendikanipun para sepuh, ketelah ‘nggolèng’ amargi ing èrèng sisih elèr sumber tuwuh wit gayam ingkang sakelangkung ageng. Dongklak wit gayam ageng mekaten kawastanan ‘golèng’. Sasireping enthiring gangsir, kirang langkung pukul sewelas dalu, kagantos gegeritaning deling ori ingkang moyag-mayig gésékan deling sami deling amargi katiup angin ingkang midid saking kilèn. Ing wanci kados ngaten menika rengeng-rengengipun swargi bapak kepireng cethaaa sanget. Duka pukul pinten bapak kèndel. Swargi ibu naté ngendika bilih wancinipun bapak kendel kirang langkung nyelaki klurukipun sawung kaping tiga. Mbok bilih kirang langkung wanci pukul tiga énjing.

Melèkan kados mekaten menika mila asring sanget dipun lampahi swargi bapak, langkung-langkung ing wanci kula saksedhèrèk nembe nempuh ujian utawi ulangan umum. Senadyanta, kula saksedhèrèk sampun nempuh pasinaon wonten ing kitha Ngayogya, ngendikanipun swargi ibu, bapak tetep nindaken melèkan kados menika wau. Mila, raos kula saksedhèrèk mbombong sanget. Anjalari sengkut sinau ngantos lepas saking pamulangan inggil. Berkahipun Gusti, lancaring pasinaon kalajengaken ugi rikala pados pedamelan. Ndalu menika, malem Minggu Legi, tanggal 11 Juli 2009, kula ngidungaken sekar Dhandang-gendhis ingkang kados kaserat nginggil ing sisihing anak kula ingkang nembé sakit bentèr. Ing pangajab, mugi-mugi Gusti paring saras dhumateng anak kula wau. Samangké sampun pukul setengah sewelas dalu, sampung marambah-rambah kakidungaken. Saya dangu saya alon, namung rengeng-rengeng. Saya dalu saya sepi, saya alon rengeng-rengeng kula. Alon saya alon. Lirih saya lirih, ngantos talingan kula piyambak kemawon mboten saged mireng swanten kula malih. Éwa samanten, destun saya cetha ing mbatos.

Ana kidung rumeksa ing wengi,teguh ayu luput ing lelara,luput ing bilahi kabèh,jim sétan datan purun,peneluhan tan ana wani,miwah panggawé ala, gunaning wong luput,geni atemahan tirta,maling adoh tan wani cedhak ing mami,tuju guna pan sirna. Manah kula sowan ing Ngarsa Dalem Gusti. Atur panuwun ing Pangéran Ingkang Paring Gesang anak lan sémah kula pinaringan ganjaran sakit asrep bentèr. Kula pitados bilih ing tembé wingking ganjaran wau badhé kagantos kasarasaning badan saéngga saged kanggé tetulung dhateng sesami sawancinipun kabetahaken. Atur uninga bilih sémah kula menika dokter. Kula pitados, ing wanci ngajeng badhé kathah sanak sedhèrèk ingkang badhé ngersakaken bantuanipun. Semanten ugi anak kula, kula pitados Gusti badhe paring lelintu kasarasan prima ing amrih saged ngeteraken ibunipun sawanci-wanci dipun timbali para sedhèrèk ingkang sami nandhang gerah. Wanci sampun mèh pukul kalih welas dalu. Orong-orong sampun dangu kèndel. Peksi puter nembé kewawon manggung kasautan swantenipun peksi derkuku. Kula kinten sampun wancipun kita pepisahan. Ndherekaken sugeng saré, mugi-mugi berkahing Gusti kita sged pinanggih malih kathi ngrembag babagan sanes. Nuwun.

Related Documents