Kidung Rumeksa Ing Wengi.docx

  • Uploaded by: Eko Febriantho
  • 0
  • 0
  • April 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Kidung Rumeksa Ing Wengi.docx as PDF for free.

More details

  • Words: 191
  • Pages: 1
Kidung Rumeksa Ing Wengi Ana kidung rumeksa ing wengi Teguh hayu luputa ing Lara Luputa bilahi kabeh Jim setan datan purun Paneluhan tan ana wani Miwah panggawe ala Gunaning wong luput Geni atemahan tirta Maling adoh tan ana ngarah ing mami Guna duduk pan sirna Sakehing lara pan samya bali Sakeh ngama pan sami miruda Welas asih pandulune Sakehing braja luput Kadi kapuk tibaning wesi Sakehing wisa tawa Sato galak tutut Kayu aeng lemah sangar Songing landhak guwaning wong Lemah miring myang pakiponing merak Pagupakaning warak sakalir Nadyan arca myang segara asat Temahan rahayu kabeh Apan sarira ayu Ingideran kang widadari Rineksa malaekat lan sagung pra Rasul Pinayungan ing Hyang Suksma Ati Adam Utekku Baginda Esis Pangucapku ya Musa Napasku Nabi Ngisa linuwih Nabi Yakup Pamiyarsaningwang Dawud Suwaraku mangke Nabi Ibrahim Nyawaku Nabi Sleman Kasekten mami Nabi Yusup Rupeng wang Edris ing Rambutku Baginda Ngali kuliting wang Abubakar Getih daging ngumar singgih Balung Baginda Ngusman Sungsumingsun Patimah linuwih Siti Aminah Bayuning Angga Ayup ing Ususku mangke Nabi Nuh ing Jejantung Nabi Yunus ing Otot mami Netraku ya Muhammad Pamuluku Rasul Pinayungan Adam Kawa, sampun pepak sakatahe para Nabi dadya sarira Tunggal

Related Documents


More Documents from "Iwan Apriana"