Aja Sok Ngeyel (e-book).pdf

  • Uploaded by: nasir
  • 0
  • 0
  • June 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Aja Sok Ngeyel (e-book).pdf as PDF for free.

More details

  • Words: 12,152
  • Pages: 80
AJA SOK NGEYEL Kumpulan Cerita Cekak

Aryo Gendeng

Penerbit Garudhawaca

Aja Sok Ngeyel Kumpulan cerita cekak Penulis Aryo Gendeng Editor Sugito HS Tata Letak lan Gambar Samak Adi Sukmo 13 x 19 cm; 80 hlm ISBN 978-602-7949-88-1 Terbit Juni 2016 Diterbitkan oleh Penerbit Garudhawaca Yogyakarta www.penerbitgarudhawaca.com Pastikan anda mendapatkan buku ini melalui cara-cara yang shahih dan tidak melukai. Selalu belilah buku/ebook Garudhawaca dengan cara-cara yang jujur. Anda tidak diperkenankan meng-copy dan kemudian menyebarkan materi ebook ini kepada orang lain. Jika anda bermaksud memberikan buku ini sebagai hadiah kepada orang lain, maka lakukan pembelian kembali dan bingkiskan kepada teman anda

ii

Sakecreting Ukara Senajan basa sing digunakake ing padinane masyarakat, kaprahe, basa Indonesia, aja nganti kabudayan Jawa dadi banten: punah mung jalaran generasi mudhane wis ora paham lan malah ninggalake. Cerita cekak iki nggambarke polahe cah-cah enom wektu iku, diseja bisa kanggo gambaran wektu saiki, kenaa kanggo pawitan nandhingake cara uripe wong Jawa sing mbiyen karo saiki. Seperangan cerkak sing kamot ing kene wis tau dipacak ing majalah Djoko Lodang : “Aja Sok Ngeyel”, “Gara-gara Garukan”, “Ngeceeeeeng” lan “Ngamen”. Matur nuwun katur penerbit saha Garudhawaca ingkang sampun kersa kumpulan cerkak menika.

redaktur nerbitake

Matur nuwun katur tim editor, ingkang sampun kersa mbantu mulas seratan kula, saha tumrap para sederek ingkang kersa maos kempalan cerkak menika. Aryo gendeng

iii

Daftar Isi

Aja Sok Ngeyel ...................................................... 1 Gara-Gara Garukan .............................................. 11 Ngeceeeeeng ........................................................ 19 Ngamen ............................................................... 27 Kangen Kampung ................................................ 35 Saingan ................................................................ 45 April Mop ............................................................ 55 Renang ................................................................. 65 Penulis ................................................................. 75

iv



Aja Sok Ngeyel

Anne senenge ora jamak. Kucinge sing paling disayang iku saiki duwe anak. Weh kok kaya menungsa wae. Kucing kuwi anak jenenge sapa sih ? Cemeng ya ? Hla gene ki ngerti ! Hla ya kuwi, wis meh rong minggu iki cemenge tambah lucu, jalaran wis bisa mlayu-mlayu lan dolanan wulu pitik. Anne nganti lali angger wis ndolani ‘Si Manis’ cemenge iku. Harry dhewe uga seneng ndolani si manis nganggo wulu pitik. Si Manis saiki licah banget. Mbokne si Manis ki ndhisike rak mung diwenehi si Tika. Sing njaluk ya si Anne iku, “ Mas, mas Harry mbok aku dijalukke kucing nggone mbak Tika. Siji wae mesthi oleh Mas. Ya jalukke ya, Mas ?” kandhane nalika limang sasi kepungkur. Harry mung manut wae. Tika ki kancane Harry, duwe kucing akeh, yen mung dijaluk siji wae rak ya oleh. Ning tenan kok, Anne diwenehi kucing wadon siji senenge kepati-pati.

1

Hla saiki mbasan kucinge iku wis duwe cemeng cilik sing lincah…, Anne le ngrawat si Manis tambah mempeng. Saben esuk diwenehi susu. Nalika sore-sore, Harry karo Anne lagi ndolani si Manis ing teras ngarep omah. Asyik banget olehe ndolani. Cah loro ketungkul anggone ngejak guyon si Manis. Harry weruh seko kadohan, Heni, tanggane sing saiki dadi adhik kelase ing esema, lagi wae metu seka warunge Bu Hadi. “Heni…Heni…, Renea, aja dolan adoh-adoh…!” Heni nalika pas liwat ing ngarep omahe Harry kaget sak nalika. Dheweke mandheg lan mung ngguyu. “Hlo….mas Harry ngundang aku ya ?” pitakone Heni karo nudingi awake dhewe. “Ora ! Aku ora ngundang kowe kok Hen…” “Hla mau, mas Harry kok ngundang Heni, Heni, aja dolan adoh-adoh !” kandhane heni maneh. “Oooo…hoho, aku ngundang si Manis kucingku kok. Iki si Manis ki saiki rak tak jenengi Heni…” Harry nyeplos sak enak wudele dhewe. Anne ngguyu nalika weruh Heni ngamuk-ngamuk. Dheweke anyel, ning njur malah melu-melu ngguyu. “Mas Harry ki jan kurang ajar! Hla wong kucinge dhewe ki wis dijenengi si Manis kok, hla kok malah le ngundang nganggo jenenge wong liya!” Anne melu protes. Saking senenge olehe ndolani kucing, saiki Anne adhine Harry sing ya mung siji thil kuwi, njur lali apa-

2

apa. Bali seka sekolah, sing dicekel si Manis. Arep turu, si Manis. Ah, cah iki kok njur lali wektu ki kepiye ta ya? Harry nganti bola-bali ngandhani. “Ne, kowe ki mbok le memanjakan si Manis disuda…! Kae, kembang-kembang sing neng latar nganti padha alum, Ne…, kowe ndhisik rak sregep ta nyirami? Kenapa saiki ki kowe njur kaya ngono?” pitakone Harry nalika weruh Anne neng njero kamare, dheweke lagi ndolani si Manis. Anne ora nggubris omongane kangmase iku. “Hlo, apa hubungane? Aku ndolani si Manis kok kembange padha alum?” “Golekana dhewe! Saiki kowe pancen wis pinter ngeyel sih…” semaure Harry karo nglungani. Anne luwih asyik maneh le ndolani si Manis. Wuuih, malah si Manis diwedhaki barang raine. Dienggoni klambi-klambinan. Tambah asyik cooii..! “Ayo, Nis…, klambine dienggo ndhisik, ben tambah kece hlo. Yen ora gelem nganggo klambi, mengko ndhak elek kaya mas Harry,” Anne meksa-meksa ngenggoni si Manis kathok lan klambi. Cek…cek…cek…!! Cah siji iki kok aneh-aneh tenan ta ya? Untunge Harry wis ora neng kamar kono. Hla yen mau krungu tembung-tembunge adhine, apa ora dadi perang bebuyutan?! Ning pancen kok. Anne ki dikandhani paling angel. Akhire Harry malah nguja kesenengane adhine iku.

3

Dhasar ya isih bocah, yaben wae, ngono aloke Harry nalika dheweke wis ora bisa ngandhani maneh. Sore sak banjure, ana kancane Anne sing dolan nang omahe. Dewi lan Menik. Cah loro iku kanca nunggal kelas karo Anne. Rekane mono arep ngejak sinau bareng, sebab telung ndina engkas arep ana ulangan bahasa Inggris. Supaya luwih siap anggone ngadhepi ulangan, Dewi lan Menik ngajak sinau bareng ing sore iku. Ing sekolahan mau esuk ya wis padha janjian kok cah telu iku, padha siap sinau bareng-bareng mengko sore neng omahe Anne. Jam papat kurang seprapat, Dewi lan Menik wis teka. Anne isih ndolani si Manis. Malah dheweke ngumukake kucinge sing isih nyusu iku. “Nik, apik ya wulune ? Manis pa ora ?” pitakone Anne njaluk pertimbangan marang Menik “…?! Hmm, apik, apik Ne. Ning sida ora le arep sinau ?” “Iya, hlo Ne, wis sore iki!” aloke Dewi rada kesusu. “Ya wis lah…, ayo ndang dilekasi. Kosik ya, aku tak nglebokake si Manis neng kandhange…” kandhane muni ngono, dheweke mlayu mlebu ngomah njero. Dewi karo Menik tetep ngenteni neng ruang tamu. “Hlo…ana Dewi karo Menik ?! Nggoleki Anne ya? Wis ketemu pa durung?” pitakone Harry sing lagi wae mentas mlebu omah. “Wis kok Mas. Lagi wae Anne mlebu…”

4

“Yen durung ketemu Anne, ketemu Mas-e wae ya ra papa kok, malah luwih kece tinimbang adhine. Rak ya ngono ta Wi…?” Harry karo nyedhaki Dewi. “Ora isa..!! Ibuk wae ngomong, duwe anak lanang siji wae kok baguse kalah karo kucingku…” ndilalah Anne wis neng mburine njur celathu ngono. Hahahaha…!!! Cah telu padha ngguyu bareng. Mung Harry sing njur terus ngloyor mlebu. Meh setengah jam Harry neng njero kamare. Biasa, nulis-nulis cerita. Rasane yen ora nulis-nulis sedina wae, tangane pegel-pegel. Njur ora isa mlayumlayu..?! Hlo.., apa hubungane? Ya wis ben, sing penting si Harry sore iki lagi asyik nulis-nulis ing kamare. Aja diganggu. Kok ribut banget sih ?! Harry seka kamare mulai keganggu. Anne karo kanca-kancane neng ruang tamu lagi padha ger-geran. Ana apa ta ? Harry dadi kepingin ngerteni. Dheweke metu sedela, sak perlu mung arep ngerteni cah-cah iku lagi padha apa?! “Hlo…jare arep padha sinau…?! Kok malah ngomong sing ora-ora ki kepiye? Wis rampung pa olehe padha sinau…?” Harry kaget, jalaran cah-cah iku mung padha ngrasani. Istilahe ‘nggosip’ sing ora ada paedahe. “Hlo, iki lagi pemanasan. Sinaune mengko…” “Njur kapan olehe sinau ?” Harry takon maneh. “Pokoke …, yen wis rampung olehe nggosip, …Mas, kowe mlebua wae, rasah melu-melu. Iki konggres wanita kok. IWAPI…” kandhane Anne karo ngusir kangmase.

5

“Hlo…, kok tekan IWAPI barang…, Ikatan Wanita Pengusaha Indonesia pa kowe …” ‘Ya ora…., kowe aja ngarani sing ora-ora. Aku ki lagi nganakake konggres Ikatan Wanita Penyebar Isyu….lagi nggosip….” Sidane Harry mlebu kamare meneh karo ngguyu kemekelen. Huuu.., ana-ana wae cah-cah iku. Dhasar semprul!

***** Anne rasane bingung. Iki kudu tak weruhke Ibu ora ya?! Yen tak weruhke, mesthi Ibu bakal duka mengkone. Nanging yen ora…, kertas ulangan iki kudu ditandhatangani je. Hla piye iki apike ?! Anne mikirmikir. Ing njero kamar dheweke mung dhelag-dhelog. Kertas ulangan bahasa Inggris iku mung dideleng tanpa kedhep. Bijine sing ora isa mingkem, alias lima, cetha mela-mela. Gurune Anne le nulis nganggo pulpen abang gedhe banget. Oh, iya ah…njaluk tulung mas Harry! Mesthi dheweke gelem! Praupane Anne dadi sumringah maneh. Dheweke terus wae mlayu metu seka kamare, lan nuju kamare Harry sing mung keletan tembok. “Mas…, mas Harry. Kowe oleh salam …” kandhane Anne karo lungguh ing tempat tidure Harry. “Seka sapa…?” Harry isih asyik ing mejane. “Hmmm…seka Heni.” “Ah, tenane? Heni ki rak wis duwe pacar ta…”

6

“Huuu…durung! Hla saiki wae dheweke neng kamarku kok…” Harry sak nalika sadhar,” Oooo, Heni kucingmu sing mbok maksud…?!” kandhane Harry semu ngguyu. Anne uga melu ngguyu. “Eh, Mas, aku njaluk tulung ya. Aku saiki kapok tenan kok. Wingi kae aku rak ora ngandel ta mbok kandhani. Saiki aku kapok Mas….” Tembunge Anne memelas. “Hlo…, hlo…, kowe ki ngapa ta?” “Tulung ya Mas. Iki ditandhatangani. Aku wedi yen nganti weruh Ibu, soale Ibu mengko duka…” Anne nduduhke kertas ulangan iku. Harry mung mesem weruh hasil ulangane Anne. “Oooo.., iki ta akibat melu konggres IWAPI…?” “Wis ta Mas, aja nyindhir !! Gek ndang ditandha tangan. Aja nganti weruh Ibu hlo…” “Sik ya, tak ngomong Ibu…,” panggodhane Harry karo siap-siap arep metu seka kamar. Anne langsung mlayu nutup lawang. Sak nalika Harry mung ngguyu kemekelen. “Mas…! Aja…!” panjerite Anne. “Si Dewi karo Menik oleh pira ?” “Padha. Cah loro entuk lima, dadine cah telu ro aku…” “Wis mbok duduhke si Manis pa durung bijine ulanganmu ?”

7

Anne ngamuk-ngamuk. Dheweke ngancam, arep ngobong kamare Harry. Harry njur tambah Bangka wetenge. Mbasan weruh Anne sajak melas, sidane Harry nandha tangani kertas ulangan iku. Anne senenge tanpa kinira. “Nuwun ya Mas…!” kandhane karo metu seka kamar. Nanging durung nganti dheweke metu, Harry luwih dhisik nyaut tangane. “Kosik ta Ne…, lungguha kene sik.” Anne manut njur lungguh. Harry neruske le ngomong,” Tak kandhani kowe nggugu pa ora saiki ? Yen kowe manut karo aku, utawa ibu, kowe ora bakal kaya mangkono. Aku ki kerep hlo ngawasi kowe. Ben bengi, kowe saiki rak wis arang ta sinau? Mung dolanan kucing. Kowe yen dikandhani ngeyel. Ya kuwi oleh-olehane yen kowe nggugu karepmu dhewe…” Anne mung meneng wae. “Saiki ngene wae. Kowe kena ndolani kucing, ning kudu ngerti wektu. Piye …?” “….Yoh, Mas, aku nggugu kowe saiki,” tembunge Anne rada alot. Ya wis kana, saiki balia neng kamarmu. Aku ora bakal ngandhakake nyang ibu kok…!” “Siiiiiip….!! Yen ngene ki mas Harry kangmasku tenanan!” Anne ngesun pipine Harry, terus dheweke

8

mlayu metu kanthi praupan kaya Nawangwulan nemokake slendhange sing dicolong dening Joko Tarub. Harry mung gedheg-gedheg weruh adhine iku. Pancen kok, duwe adhi iku yen le ngandhani kanthi sabar, mesthi dheweke manut. Ning yen le ngandhani ora sabar, wooooo…, mbok nganti ngentut sak jege urip ya ora bakal manut! (Desember 1989)

9

10



Gara-Gara Garukan

Harry lan Dodot awan iki lungguhan neng ngisor wit jambu. Ngobrol ngalor ngidul. Angin kang sumiyut nambahi segere lehne ngobrol-ngobrol. Embuh pokoke apa sing diomongke, ya diobral ngono wae. Istilahe ki nggosip! Ah, ora dhing, nek nggosip ki kanca-kancane ibu-ibu arisan. Hla nek Harry karo Dodot ora ngomongke sing ora-ora kok. Rak hiya ta ? nek ra kepepet! Hehehe… Yaben dhing, nggosip ki pancen acara sing paling puuuueeeenak banget kok. Hayo rasah mukir! Sapa wonge sing ora ngakoni yen nyatur liyan ki ora kepenak ? Aku ra ngandel! Nggosip iku rak kaya bumbu masakan. Saoto kae rasane sepa__anyep yen ora diwenehi bumbu, rak hiya ta?! Wah, hla teneh yen aku karo Dodot lungguhan kaya awan iki tanpa nggosip teneh kaya saoto tanpa bumbu! Hlo, kok malah nggladrah…batine Harry. Bambang lagi maca majalah. Harry karo Dodot isih neruske le nggosip. Kopi lan gorengan sing dadi kanca cemilan neng lincak iku mung kari setengahe.

11

Lagi wae ngrasakake leyeh-leyeh ing lincak karo nggosip, sak nalika Harry sak kanca dikagetke dening tekane Eko sing ujug-ujug. Dheweke uga ngamukngamuk tanpa sebab. Mbuh apa sebabe, ngerti-ngerti wis ngono kuwi,” Biayangane! Sial-sial tenan dina iki…! Dhasar tukang cukur ora gableg..!” “Ana apa Ko, kok ujug-ujug muring-muring ?!” Eko meneng wae karo nyekeli topine. Raine abang ireng ketok le nesu banget. Harry karo kanca-kanca tetep ora dhong ndeleng tingkahe Eko sing nganeh-anehi iku. Mbuh topine wedi dibukak dening Bambang utawa Dodot, si Eko kawit mau mung nyekeli topi sing nutupi rambute. Hawa panas awan iku marahi sumuk, tanpa sengaja lan mungkin lali…, Eko mbuka topine dienggo kipas-kipas__sumuk tenan! Kringete Eko dleweran neng bathuke. Kabeh mata padha ngarah neng rambute Eko sing brocel-brocel__kaya neker wae, brocel! Harry, Dodot lan Bambang langsung padha nyekakak seru banget…WKWKWK… Ora ngira kawit mau Eko nyekeli topine iku, amarga wedi yen topine dibukak uwong. Ning bareng topine dibukak dheweke, Harry sak kanca kang weruh kedadean iku langsung ora isa ngampet le ngguyu. Jebul sirahe Eko rambute pating brocel ora karuan. Kaya copet sing kecekel warga njur di gundhuli, utawa kaya cah SMA kena razia rambut ing sekolahane. Hehe..!

12

“Ko, ngapa ta kok rambutmu buthak ora aturan ngono kuwi?” Bambang takon karo ngampet guyu. “Ora sah ngenyek,” Eko malah nesu-nesu. “Ko, yen nesu aja neng kene. Mengko nek njur kaya Dodot.., nggogohi jangan piye…?” kandhane Harry santai. “Mbok peyek ya peyek ning aja diremet-remet…!” Dodot njur rada ngamuk. Durung rampung Dodot le arep ngamuk meneh, Harry langsung nyambung ukara. “Ngenyek ya ngenyek, ning aja banget-banget…., karepmu ngono ta Dot ?! Hehehe…” Dodot ora sida mbludag nesune. Malah njur cengengesan. “Ko, piye sih kedadeane ?” Bambang tetep penasaran. Eko ora semaur. Isih getun karo rambute. “Ah, embuh.., mengko ming padha ngenyek…!” “Ora-ora Ko, nek kowe crita kanca-kanca mesthi padha ora ngenyek…” “Tenan..?!” “Teniiiiin…” sauté Harry bareng liyane. Eko akhire gelem crita ngenani kedadean sing mentas dialami. Ning dheweke janji marang kanca-kanca sak durunge crita pengalaman paite,” Ning aku mengko ditulungi hlo. Gelem pa ra?” Bambang sing nyauri. Dheweke mung manthuk,” Iki mengko rambutku sing durung rata, tulung dirapekna ya…” kandhane Eko meneh.

13

“Iya, wis gek ndang ngoceha. Ribut wae mung arep crita…” Ora suwe olehe padha ngenteni, Eko njur ngecipris kaya cucak rawa dawa buntute…, eh, kaya cucak rawa diwenehi kroto. Lambene nganti kiwir-kiwir. Sing marahi ora padha betah yen Eko crita ngono kuwi mung siji. Banjir bandhang sing muncrat seka lambene Eko iku hlo, nyiprat-nyiprat tekan endi-endi. Nganti Dodot raine klebus amarga kecipratan. “Mbok, nek ngomong aja nganti nyiprat isa ora ?” Dodot njur sumingkir ngadoh. “Hlo, jare mau dikon crita…” belane Eko wegah kalah. Dheweke tetep ngecipris. Nalika mulih sekolah, Eko kelingan menawa dheweke arep golek kaca spion kanggo sepeda motore, amarga kaca spione wis pecah. Rak sisan gresek-gresek golek spion neng pasar loak. Bola-bali olehe golek spion durung oleh kaya sing dikarepke. Neng sisih wetan kana ana barange, ning larang regane soale barange apik. Yen ing sisih tengah rada murah, nanging barange wis elik kaya sing dodol. Eko dadi bingung le arep milih spion. Nek sing regane larang, dhuwitku cupet, isih kudu disisani dienggo cukur rambut barang je. Hla yen milih sing regane murah, apa ora sisan tuku bakule?! Ah, malah bingung. Eko kukurkukur. Nalika dheweke nyoba ngenyang sing regane murah, Eko rada kepranan atine.

14

“Pak, sing niki regane pinten, Pak? Tesih sae mboten nggih?” Eko ngematke spion sing lagi dicekeli. Ah, lumayah isih rada apik kok, mbok arepa kaya sing dodol. “Hla, nggih tesih sae ta Den…, mirah kok niku.” “Mirah napa murah? Mirah niku tangga kula je…” kandhane Eko karo nyengenges. Bakule spion mung mesem. “Murah nggih kenging Den…” “Pinten Pak?” “Namung limalas ewu kok. Saget kirang sekedhik kok Den.” “Sepuluh nggih..?!” “Waaaa, niku mboten sekedhik kirange…, kakehan Den…” “Nggih pun kalih welas. Nika arta kula. Angsal ta Pak…, nek angsal kula tumbas hlo. Mbok diangsalangsalke nggih…” “Weeeee…, meksa niii yeee!!!” Eko ngguyu krungu tembunge bakul spion iku sok gaul. Simbah-simbah wae gaul, batine Eko. Sawise oleh spion, njur nggolek tukang cukur rambut. Kelingan yen rambute sing wis gimbal kuwi kaya peternakan tuma. Soale Eko saben arep turu sambat gatel-gatel wae sirahe. Rumangsane tuma-tuma ing sirahe iku lagi padha dugem. Pesta pora nggrogoti kulit sirahe.

15

Eko klinong-klinong golek tukang cukur amatiran, istilahe tukang cukur pithingan. Yen lagi bedja olehe nyukur mesthi rapi. Ora kalah hasile karo salon kecantikan. Malah kepara murah meriah. Ning yen lagi apes ya kudu ora sah protes karo hasile le nyukur. Eko njur kelingan yen ing sisih wetan mau ana tukang cukur rambut sing mepet pager. Ketoke lagi sepi tukang cukure. Eko gegancangan marani mlaku. Ah dadi santai ki…untunge pas sepi! Batine Eko. Tukang cukur rambut iku srat-sret mbabat rambute Eko sing gondrong. Ning ya karo ngampet ambune sing…., wah, jan ora isa diomongke, ambune kaya ngapa. Genahe wae, tukung cukur iku pringaspringis ngampet ambune rambute Eko. Lagi sak untara olehe dicukur, sirahe Eko isih pating brocel, ujug-ujug ana suara parane seka njaban kios. Ribut-ribut rame banget. Uwong-uwong sing padha dodolan ing kaki lima, padha mlayu nyelametke dagangane dhewe-dhewe. Le padha mlayu salang tunjang sak arah-arahe, mburu slamete. Dodolan padha diberesi, direngkesi. Ana sing sajak kesusu. Ana sing santai wae le ngringkesi dagangan. Sing paling ribut ki ibu-ibu bakul,” Awas..!! Ana garukan!” aloke saut-sautan. “Apa ? Garukan?! Tekan endi?” pitakone tukang cukur sing lagi nyukur Eko kaget banget. “Wah, pun celak hlo Pak! Wonten kidul mriku….”

16

Tukang cukur rambut iku kaget. Dheweke terus wae melu-melu ngringkesi gawane. Srat-sret olehe beberes, kaya le mau mbabat rambute Eko. Eko sing rambute durung tuntas wis ora digubris meneh. “Pak, kok le nyukur mboten mang teruske ta?! Eko mbengok mbingungi. “Wah, sori nggih dhik, wonten garukan je! Kapankapan njenengan dolan nggriya kula mawon, mangke kula rampungke nggih le nyukur…., pun, niki mori kula mang beta kangge nutup sirah…, ngge ganti rugi!” aloke tukang cukur kuwi tanpa dosa. Dheweke terus wae mlayu klepat ninggal Eko sing bingung dadakan. Wah, hla kojur! Kok kaya ngene nasibku?! Rambutku wis dipethas-pethas ora karuan je ditinggal lunga. Arep bali mulih, aku isin yen ngene kiyi! Eko misuh-misuh dhewe. Nanging pas arep mulih Eko weruh topine tukang cukur iku ketinggalan, langsung wae njur disaut tanpa rikuh lan pekewuh. Durung rampung Eko olehe crita, Harry sak kanca ngguyu kepingkel-pingkel nganti padha metu luhe. Apa meneh ndeleng rambute Eko sing pethas-pethas ora karuan. “Ko, mau bengi kowe ngimpi apa ?!” pangecene Dodot. “Hla njur spionmu ki wis mbok nggo ngilo durung …” kanca-kancane padha mbully Eko.

17

“Biyangane ki!! Wis ta gek ndang rapekna rambutku….” Eko ngamuk-ngamuk. Dodot sing lagi nyukur Eko mung ngampet guyune. “Sik…, sik…, Selfi bareng Eko yooo…” Harry, Bambang lan Dodot berpose neng jejere Eko, njur HP-ne Harry sing wis siap motret iku langsung KLIK… “Wah iso nggo kenang-kenganan!” Eko melu nyengir mbok arepa neng atine ndhongkol karo tukang cukur iku.

18



Ngeceeeeeng

Numpak bis kota, Trans Jogja, mlaku-mlaku bareng kanca, kowe wis tau ? Wah, mesthi uwis, hayo ngaku pa ra ? Ah, ning yen numpak bis kota ki pancen nyebahi tenan kok. Mosok angger wis kebak kok isih dijejel-jejeli penumpang nganti kaya iwak sardhen! Ning yen mlaku, eh…., mlaku-mlaku bareng karo kanca-kanca ki luwih seneng hlo. Apa maneh isa nggodha cah wadon sing kece, lan malah isa entuk kenalan, uuuuuhhuuuui tambah heybring deh! Kaya saiki, rencanane Harry, Bambang, Eko lan Dodot padha arep mlaku-mlaku neng Mall. Ora sah nggawa sangu, hla mung arep ndelokndelok wae kok. Ning tak kira kanca-kancaku ya padha maklum kok. Gandheng bocah kos__Eko, Bambang karo Dodot rak manggon neng kos-kosan cedhak omahe Harry. biasa ta yen nonton barang sing kepajang neng etalase toko. Isa nonton wae wis bungah rasa atine. Arep tuku ?! Hla dhuwite sapa ?

19

Ora perlu gengsi-gengsian barang! Nyantai wae, mung arep mlaku-mlaku kok tujuane. Yen luwih mantep meneh jare kanca-kanca, sekali mlaku-mlaku tetap mlaku-mlaku…, Merdeka! “Hee, Ri, Nana arep mbok jak sisan ora ?” “Ah, rasah dijak Ri, mengko kowe malah ora isa bebas nggodha cewek hlo…” “Iya Ri, empat sekawan wae le mlaku-mlaku…” kandhane Eko, Dodot lan Bambang saut sinaut. “Waaaalaaaah, aku ora oleh ngejak Nana ya ora pa-pa kok. Nana ya wis ngerti ngerti kok yen aku arep neng Mall bareng kowe kabeh. Aku ki rak tipe cah lanang sing setia…” jawabe Harry. “Caaaiilaaah, kaya sing paling setia sak donya wae! Gek karo pembantune Mbok Juwir kowe wingi ya sok nggoda kok….” kandhane Dodot. “Hlo, aku nggodha jilah pembantune Mbok Juwir kae rak mung kompensasi wae. Ora duwe karep liya. Eh, kowe cemburu ya yen Jilah tak godha ?” “Iya Ri, kowe saiki aja sok nggodha Jilah hlo…, Dodot lagi kasmaran karo dheweke,” ujare Eko karo cengengesan. Dodot mrengut-mrengut, lan let sak untara menyemburlah sumpah serapahe. Eko diamuk dening Dodot. “Hehehe..! Wis, ayo saiki mangkat wae yooo. Sida pa ora le arep mlaku-mlaku? Yen ora sida ya ora pa-pa kok…” Eko lan Dodot njur padha leren olehe regejegan.

20

Cah loro iku pancen kaya kucing karo tikus kok yen wis kerah. Nganti Iran lan Iraq isa damai kok. Hlo, apa hubungane?! Ora nganti setengah jam, Harry lan kanca-kanca wis tekan Mall. Rame tenan mbengi iki. Yen ndeleng barang-barang sing ditata rapi ing etalase iku marahi ngiler. Yen lagi nyekel dhuwit ya isa nyicil ayem. Isa tuku sing dipingni ya tambah seneng. Hla yen mung ndeleng?! Rak tetep isa nyicil…., nanging mung mecicil lan ngiler. Dodot ki wonge gumunan. Angger ana barang sing durung tau diweruhi mesthi dideleng nganti suwi. Wis jan, kaya-kaya Harry sak kanca ki dadi pengawale Dodot kabeh. Malah saiki Dodot mlebu metu kamar pas. Dheweke nyoba –nyoba celana jeans. “Mbak sing luwih gedhe ana ora ya Mbak? Sing iki sesak je…” kandhane karo mbalekake kathok sing bar dicoba ing kamar pas mau. Penjaga toko sing rada kece iku nampani kathok mau. “Nah, yang ini saja Mas…” Harry lan para kanca malah padha bingung. Dodot ki arep tuku apa mung nyoba-nyoba?! Yen Harry ngetung dheweke mlebu kamar pas wis ping lima luwih. Mlebu metu nanging meksa durung marem. “Dot, kowe arep tuku pa piye?” Eko ora sranta olehe nunggoni. “Sik, tunggu dhelet engkas…” Dodot nyoba klambi meneh.

21

“Piye Mas, wis pas? Jelas pas ta Mas…” Mbake sing jaga toko bagian pakean iku mesam-mesem genit. “Iya Mbak, sudah pas. Ning kok regane larang banget ya?! Isa mudhun ora sih regane Mbak? Dikorting skeet persen ya…” “Hlo…, kene ki dudu emperen toko Mas. Harga-ne wis pas kabeh. Gak ana korting-kortingan…, yen diskon mengko yen pas ngarepi lebaran. Dadi Mas iki mung arep nyoba klambi, latihan dadi peragawan kamar pas ya? Wah, lumayan isa nyoba kathok lan klambi anyar ya…” Dodot klincutan digodha dening pelayan toko iku. Harry lan kanca-kanca mung cengengesan wae seka kadohan. Dodot kisinan gedhen-gedhenan, amarga okeh wong-wong sing padha krungu panggodhane pelayan iku. Mesthi wae dheweke terus ngajak lunga seka toko iku. Yen Harry, Eko lan Bambang ngono ora masalah. Ora isin. Kapokmu kapan Dot! “Peragawan kamar pas ni yeee!!” aloke pelayan liyane, nalika Dodot ngliwati pelayan sing njaga pakean anak-anak. Dodot dadi memble. Mlebu neng toko liya, Harry bareng karo sawijing cewek sing kece-ne nggaudubilahiminas syaiton…. Wah jan kaya Maradona…, eh, Madona penyanyi Amerika kae hlo. Irunge mbangir kaya gunung sing arep mbledhos, lambene nawon kemit…., hlo, apa hubungane? Wah, pokoke kece tenan!

22

Cewek kece iku njur dadi pusat perhatiane sing padha mlaku-mlaku neng Mall. Eko, Bambang lan Dodot njur padha kepengen mbarengi. Harry pas mlebu mau ora sengaja kok le bareng. Cah telu iku ngesuk-suk Harry. “Rii, kowe sisih kene ta. Kowe rak wis duwe cewek ta? Ayo ora sah melu-melu nggodha. Pemerintah wae wis nglarang kok program polo…, eh, poligami. Ayo kowe gek ndang sumingkir…” Bambang narik tangane Harry. Busyet cah kiyi…!! Bambang, Eko lan Dodot akhire isa neng mburine cewek kece iku. Harry njur ngalah, yaben cah telu iku padha ngecengi cewek kece iku, aku tak manut wae neng mburine. Harry mbatin. Ngoman-ngomani cah-cah sing durung duwe pacar. “Wah, Mbak-nya cocok hlo kalau pakai baju ini….” Eko nggodha njur nunjuk klambi-klambi nggo cewek sing dicanthelke. “Eeeh, cocok juga hlo Mbak kalau pakai jam tangan kuwi…” Dodot ora gelem kalah. Cewek kece iku ora kepencut digodha cah loro iku. Dheweke tetep wae mlaku. Sing dituju kasir. Bambang, Eko lan Dodot njur padha ngenteni ora adoh seka kasir iku. Wooo, jan cah ora duwe isin!!! Dhasar cah-cah iki dhek cilikane mbiyen panganane rebung, mulakna gedhene rai gedheg! Ndableg!

23

Harry aksine ya mung ndeleng-ndeleng klambi. Lagi enak-enak ndeleng klambi sing modhel anyar, lengene Harry dijawil dening cah wadon sing durung dingerteni. Blaik..! Sapa sing njawil aku ya ? Batine Harry…, Hlo, kok Nana ? “Hlo…, Nana…?! Bareng sapa le mrene? Tuku klambi ya ? Apa bar nonton film ?” Harry gumun meruhi Nana ujug-ujug wis neng sandhinge sinambi mesammesem. “Ora nonton kok Mas, aku lagi ngeterke sedulurku sing mau esuk teka seka Jakarta. Putrane Pakdhe. Oh, iya, mas Harry durung kenal ta? Tak kenalke ya, gelem hlo Mas. Dheweke apikan kok, semanak uwonge…., lan kece banget. Ning mengko yen wis kenal aja lali marang aku hlo…” “Hlo, sedulurmu sing endi?” “Hla kae, dheweke lagi mbayar neng kasir…” Nana nudhing cewek sing lagi mbayar neng kasir. Hlo, kuwi cewek…?! Cewek sing mau digodha dening kanca-kancaku?! Batine Harry. Hah…! Tenan kiyi, iku cewek sing mau dibajul Dodot karo Eko…, jebul isih sedulure Nana? Harry bingung. Tujune wae, mau Harry ora melu-melu mbajul. Hla yen nganti konangan melumelu nggodha rak mengko dadi ribut karo Nana! Harry mung manut digandheng Nana. “Halooo, Mbak Desy, ini saya bawa piaraan satu. Mbak Desy mau ta kenalan sama makhluk langka ini…?!” kandhane Nana karo cengengesan.

24

Banjindhul ki! Padhakake ingon-ingon wae, batine Harry. “Harry…” tangane kumlawe nyalami dheweke. “Desy…” Harry, Nana dan Desy akhire ninggal kasir kuwi. Hlo, Dodot lan rombongane mau padha nang ngendi ya?! Ah, mbok ben cah-cah iku. Ben padha golek kecengan dhewe-dhewe. “Mbak Desy baru datang ya ..? Liburan ta?, atau main-main saja ?” “Iiiiiih, mas Harry ki hlo…, mbok nek takon ora borongan kaya ngono. Kaya calo bis antar kota wae!” Nana njiwit lengene Harry. Desy mung ngguyu lirih. “Iya, saya baru liburan semesteran kok…” kandhane santai. Durung nganti metu seka toko ing Mall iku, Harry weruh sak klebatan Dodot, Eko lan Bambang. Cah-cah iku ora ngerti yeh Harry lagi mlaku neng jejere cewek kece mau. Harry santai wae mlaku bareng Nana lan mbakyu ponakane iki. Pas ngliwati cah-cah iku,” Haiii broow…! Ayo mulih sik yaaa. Aja padha dadi peragawan kamar pas meneh hlo. Arep padha mulih ora? Apa arep ngancani pelayan toko iki?” Eko, Bambang lan Dodot raine abang ireng sajak isin. Amarga weruh yen sing mlaku neng jejere Harry iku

25

cewek sing mau padha digodha dening…., eh, cah-cah iku mau padha nggodha ponakake Nana. Cah-cah iku langsung nyingkir kanthi pasrah. Kabeh padha mlayu rekat banget, semangate ngluwihi merdheka atau mati.

26



Ngamen

Wadhuuuh! Dhuwit neng dhompet wis kari recehan, hla piye kiyi lekhu arep nraktir mangan dhoiku malem Minggu mengko? Apa ndadak ngebon maneh neng nggone Mbok Juwir wetan kana? Hla ya cotho yen mangkono. Utangku ki neng nggone Mbok Juwir wis berkembang biak je, kok malah arep ditambahi maneh! Ning yen dibadhingke karo Dodot jelas beda. Yen Dodot iku duwe filsafat “Tiada hari tanpa utang”. Hla yen aku mono utang ki yen dhong pas kepepet kaya saiki. batine Harry. Piye ya yen nyilih dhuwit neng nggone Bambang? Bambang ki uwonge rak apikan. Ah, ora sah dhing! Dheweke anak turune rentenir, mengko dhuwitku malah manak yen utang nggone si Bambang. Harry isih dheleg-dheleg mikir isi dhompete sing wis kosong mlompong. Sore iki sinambi genjranggenjreng dolanan gitar, pikirane isih mubeng wae mikir isi dhompete. Saingan karo kitiran kipas angin sing neng kamare Eko.

27

“Heee…, ngalamun apa gitaran ?” Eko ujug-ujug nggablog gegere Harry. Dhuuuh, ya lara tenan je. Harry njur ndeleng sing lagi wae nggablog gegere. Eko cengengesan ing sandhinge. Dheweke nggowo kertas cilik-cilik. “Ah, ora, ora ngalamun kok, yooo, gitaran…” “Gitaran ? Wah emoh, tinimbang gitaran mbok aluwung neruske le golek ilham…” kandhane Eko karo asyik nyorat-nyoret kertas cilik-cilik iku. “Ilham ? Ilham apa Ko ?” “T… O... G… E… L…!” Harry kaget saknalika. “Huuu..! Dhasar, cah gemblung! Dadi wong terpelajar ning ora gableg! Kowe ki duwe pepinginan mlebu fakultas filsafat jurusan ngramal togel pa ?! Wah cita-citamu apiiiik tenan, yen lulus dadi pakar togel…, yen mengko ketangkep penegak hukum paling mlebu hotel prodeo…, heybring tenan Ko….” kandhane Harry seru. Eko cengengesan. Dheweke terus wae lunga, mlebu ngomah kost-e. Wah jan, cah siji iku kok le mblubut banget karo sing jenenge ramal-meramal. Yen mbiyen jaman SDSB, Porkas…, saiki togel…, mengko apa meneh. Nganti isi kamare kebak primbon ramalan. Angger krungu omongan aneh sithik wae tur aneh, mesthi dening Eko dicathet dienggo bahan ramalan.

28

Ah, tinimbang mikir sing ora-ora kaya si Eko kuwi, mbok aluwung mikir sing sak nyatane wae. Mosok ana wong edan lagi ngomyang besasar-besusur kok dicathet…., iki sing edan njur sapa ?! Sidane Harry dolanan gitar dhewekan neng ngarep kamare Eko. Sore iki Harry gitaran neng teras sinambi ngeceeng! Hla kae…! Dhoiku, si Nana lagi nyirami wit-witan. Wah cah kae kok katon manis ya? Bakale mengko bengi kamare Nana kebak semut. Hla sore iki wae wis katon manis kaya sekar kedhaton je! Nana mung ngawe-awe Harry. Esem-e ngujiwat temenan, marahi atine Harry ser-seran… melayang__fly! Ning yen kelingan isi dhompete sing kosong mlompong, nggrantes banget atine, adhuuuuh….dhuuuuh…dhuuuuh, Nana njur katon ora manis meneh. Buset ! batine Harry nelangsa. Dhuwit…! dhuwit…! kowe kok marahi mumet! Malem Minggu ora isa nraktir si dhoi. Untunge malem Minggu iki, Harry ora duwe acara bareng Nana. Eh iya dhing, Nana mau pamitan marang Harry, yen mbengi iki dheweke arep nggarap laporan, tugas seka sekolahane, neng nggone kancane. Ah, yaben…, kuwi pancen tugas sing penting kok kanggone cah sekolah. Ora saben malem Minggu mesthi kudu pacaran wae. Dadine Harry ora bisa meksa dheweke lunga nggarap tugas sekolah. Malem Minggu iki Harry sendiri lagi (kaya lagune Dian Pisesa neng pesona Sembilan puluh ya!)

29

Piye ya enake malem Minggu yen lagi dhewekan kaya saiki?! Mlaku-mlaku…? Nonton…? Ah, ora bakal marem, soale ora isa berbagi rasa je. Oh, iya… piye ya yen mbengi iki tak nyoba ngamen. Idhep-idhep golek dhuwit nggo ngisi dhompet sing kosong kanthi cara sing halal. Harry sumringah oleh ide sing jitu. Ananging Harry njur mikir-mikir meneh. Ngamen ora ya..?! Ngamen ora ya ?! Yaben ah, tak ngamen wae. Ngamen iku rak halal ta? Sapa kandha ora halal, mengko tak dongakne mlebu neraka! Harry nyengir. Lagi wae arep mangkat, ujug-ujug Dodot nyegat Harry sing lagi nggawa gitar. Dodot sajak gumun njur celathu,” Bengi-bengi ora ana kantor gadhean sing bukak Ri. Lagi bokek ya? Gitarmu arep mbok sekolahke neng gadhean pa, Ben pinter?” aloke Dodot rada ngece. Bajindhul ki, Harry misuh-misuh neng batin. Sabar-sabar… “Ah, ora Dot, aku lagi arep latihan vocal grup neng nggone kancaku…” Harry oleh alasan sing pas dienggo njawab ocehane Dodot. Sidane Dodot ora neruske le ngece Harry. “Oooo, iya Dot, kowe wingi digoleki anake Mbok Juwir….” “Sapa ?! Sapa ? Mbok Juwir?” pitakone Dodot dadi gugup. “Ah, ora sah gugup Dot. Jare Mbok Juwir utangmu bakal lunas…, ngono kandhane.”

30

“Heee.., apa? Lunas?” pitakone maneh sajak ora percaya. Ulate Dodot sing mau peteng dadi sumringah. “Ha-a…, dianggep lunas. Ning angger pembantune kae mbok rabi…, hehehe…” kandhane Harry cuek. Dodot mbludag nesune. Harry dioyak dibandhem sandhal japit. Tujune Harry luwih cepet olehe mlayu_ora kena. Kapok ora kowe Dot…, Harry dilawan…! Meh rong jam Harry mubeng-mubeng ngumbar suara. Cihuuui, lumayan isa oleh seket ewu. Jebul ngamen iku enak. Sewengi wae isa oleh sak mono, apa meneh yen mben dina. Lan uga yen le ngamen neng nggone kos-kostan cah putri. Kaya mau kae, Harry dibuking nganti meh limang lagu non stop. Apa ora heybring?! apa meneh pangalembanane cah-cah mau… “Wooo…heybring deh Mas suara kamu. Mirip…” “Goerge Michael…!!” “Eeeh, bukan, mirip Broeri..!!” Aloke saut sinaut. Sirahe Harry dadi kembang kempis saking senenge dialem. Malah ana sing ngajak kenalan. Wengi iki Harry kaya-kaya dadi artis tiban, njur ethok-ethok rada sombong sithik. “Mas, namanya siapa sih…? Boleh kenalan nggak?” pitakone salah sijine cah putri iku. “Hmmm…, nama saya Harry Van Houten…” “Huuuu…!!!” pambengoke cah-cah iku rada nggondhog.

31

“Dudu…, bukan Mas. Namamu yang pas Harry Mao aja…, hahaha.” kandhane, let sak untara njur mbata rubuh olehe padha ngguyu cekikikan. “Yaben, tapi kan kece orangnya…!” kandhane Harry tanpa dosa lan cuek. Cah-cah putri iku pating plenggong…., nggondhog kaping pindho. “Eh, Mbak, sekarang jam berapa ya ?” pitakone Harry. “Hmm, jam delapan lebih dikit…” “Lebih berapa ? Masak gak dikandhani sekalian ?” “Mau apa sih Mas ?” “Maaf, mau rapat dinas…” jawabe Harry karo nglungani papan iku. Durung adoh seka omah kos-kosan putri iku, ana salah sijine cah putri sing ngundangundang. “Mas Harry….!! Besok ngamen kesini lagi ya…!” Harry mung mbales nganggo eseme. Ah, lumayan isih jam wolunan. Isih ana wektu kanggo golek dhuwit meneh. Isa nambah ki hasile ngamen yen mung telung puluh ewu sak lagu utawa rong lagu meneh, rak lumayan tinimbang nyolong. Harry terus wae mlaku golek papan sing penak dienggo ngamen. Ah, mugo-mugo ana omah sing isih rame…! Harry mbatin. Hla kae apa, isih ana omah sing katon padhang! Kok katone isih rame ya, mesthi isih ana cah-cah enome. Ini dia santapan lezat! Rejeki-rejeki…, ora bakal ilang.

32

Muga-muga ora teka ya…, batine Harry sumringah. Harry njur uluk salam. Lagune Iwan Fals sing judhule Kemesraan njur ngumandhang ing wengi iki. Adaa hatiii… membara erat bersatu…. Suara alam ini….. HAAAA !!! neng batine Harry njerit seru__kaget! Harry ora neruske le nyanyi. Saking kagete ngadeg nggejejer neng ngarep omah iku. Jebule omah iku?!, omahe kancane Nana..!! Hla kae, Nana karo kancane lagi arep metu seka njero ngomah. Wadhuuuh, dheweke malah wis weruh Harry sing wis klincutan. “Ditinggal dhoi malem minggon, kesepian ni yeeeeee….!!” pambengoke kanca-kancane Nana koor bareng. Mati gaya aku!! Batine Harry kisinan. Nana uga wis weruh Harry sing lagi ngadeg nyekeli gitar. “Mas…, mas Harry entas ngamen ya?” pitakone Nana bisik-bisik. “Ora…, aku mung arep methuk kowe kok. Wis rampung durung le nggarap laporan?” Harry ujug-ujug oleh alasan. Dhalang ora bakal kentekan cerita__batine Harry kemekelen. Nana ya ora curiga. Sawise pamit, Harry karo Nana njur mulih. Wah malem minggu iki sidane ora kesepian. Harry klecam-klecem mlaku mulih bareng Nana.

33

“Mas Harry entas ngamen ya? Mesthi entas ngamen. Hayo ngaku pa ora !” pangancame karo mrengat-mrengut. “Weee, dhik Nana ki yen ndakwa sembarangan wae! Aku ki ora entas ngamen…. Aku isin yen ngamen iku. Ning yen kepepet kaya wengi iki ya ora pa-pa ta ngamen…” kandhane Harry tanpa dosa. Nana njiwiti lengene Harry. Adhuuuuuh…dhuu…dhuuuh !!! Kok njiwiti. Harry kelaran. Ning mbok arepa kaya ngapa le njiwit, angger sing njiwit Nana ya ora krasa lara, malah tambah mesra. Sidane wengi iki Harry lan Nana njur mangan bakso neng nggone Pak James Bond sing baksone gedhegedhe. Kenapa diundang James Bond, soale jungkatan rambute kaya agen 007. Hla nek kaya Tukul mungkin sebutane beda meneh. Ya ngene ki nikmate ngamen. Isa nraktir si dhoi…

34



Kangen Kampung

Wis tau durung, kowe ngrasakake kelangan ati? Wis tau durung kowe nandang wuyung? Yen wis tau mesthine padha rerasane atimu karo si Harry saiki. Dheweke lagi grasakake wuyung…., kangen, lan sak piturute. Hla piye ta, wis meh seminggu dheweke kudu ngancani si Aryo ing desane Mbahe Aryo, sing daerahe susah banyu. Yen arep adus kudu balapan, rebutan karo sapi utawa kebo. Yen awan sithik wae wis mesthi kedhisikan sapi utawa kebo. Hiiiih…, marahi nggondhok! Panggrundele Harry ing ngemper omah. Hla piye meneh, prei-prei ngene kiyi yen mung njegogrog neng omah dhewekan ya ora betah je. Aryo sih sing ngejak Harry dolan neng ndesane Mbahe. Nggo ngisi liburan sekolah. Pancen uga, Harry pingiiiiiin banget suasana anyar. Jare yen neng kutha terus wis sumpek rasane. Kaya-kaya arep mbledhos ndhase. Harry mono mung mesakake si Aryo. Harry dadi kelingan nalika Aryo memelas ngejak dheweke,” Riii, mosok kowe ora memelas ro aku?! Aku ki wis suwi tenan hlo ora

35

dolan neng nggone Mbahku. Neng ndesa simbahku isih sejuk hawane. Yooo, ta Riii, preinan seminggu iki ditutug-tutugke nang kana ya….” Jare Aryo wektu semana. Aryo dhewe jan-jane ya wis ora betah urip neng ndesa kaya saiki. Ning piye meneh?! Hla simbahe isih kangen karo putune,” Sak elek-eleke Aryo nak Harry, Aryo ki putune simbah sing nggantheng dhewe. Hla wong putune simbang sing lanang ya mung Aryo kok….” kandhane simbahe Aryo nalika wingi Harry lan Aryo lagi wae tekan omahe simbah iku. Simbahe njur ngambungi Aryo.

***** “Yok…, Aryo..!! Tangi, wis esuk!” Simbahe Aryo esuk-esuk wis bengak-bengok.” Kae hlo srengengene wis munggah. Cah enom kok le turu kaya jaran gendhengan.” ngono kuwi sarapan esuke Harry karo Aryo. Sebabe simbahe Aryo yen tangi mesthi gasik. Pitik jagone wae kalah gasik yen dibandhingke simbahe Aryo. Aryo karo Harry mung kucek-kucek mata. Arep tangi isih aras-arsen arep gumregah tangi. “Mbah jam pinten sak niki?” Harry anguk-anguk seka cendhela karo ndeleng simbahe Aryo lagi nyapu latar ngarepan. “Wis jam setengah enem cah bagus…” “Ooo, nggih pun awan yen ngoten…” Harry terus wae mlayu njujug pawon, terus nyangking sabun, odol

36

lan sikat gigi. Ora keri andhuke njur semampir ing pundhake. “Aryo ajak sisan yen arep adus..” jare simbahe karo nyapu latar. “Aryo aduse seneng bareng kebo Mbah…, hla niku tasih ngepluk mawon. Malah sarunge ngge kemulan malih…” Harry langsung njranthal mlayu. Ketoke wedi kedhisikan karo kebo apa sapi. Kaya adat saben, Harry yen arep adus kudu anguk-anguk sik. Ing blumbang ana cah wadon sing adus ora ya?! Ah, kok ketoke ora ana. Terus wae Harry uculucul klambi njur kungkum ing blumbang. Durung limang menit kungkum. Kayane ana suara cah wadon padha mrene. Atine Harry nratap. Wah gekgek bener?! Kayane sih ana wong telu iki yen dirungokake. Harry mbatin karo njur slulup sirahe ing njero banyu. Mung katon irunge lan matane sing ngawatawati. Hla tenan ta, ana cah wadon telu sak umurane Harry arep adus neng mblumbang. Manis-manis je…, cah ngendi ya? Batine Harry.

***** “Hiii..! Ana sing lagi kungkum…!” panjerite salah siji cah wadon karo mbenakake sarunge sing mlorot. Cah wadon liyane padha melu ngawaske Harry sing lagi njedhul semu isin. “Mbak.., aku dudu yuyu kangkang kok. Aku Harry, omahku lor kono. Ora pa-pa kok, adusa wae…” Harry

37

rada isin arep ngomong meneh. Cah wadon sing sarunge mau sempat mlorot uga isih ngrasa kisinan. Meh wae, sing mak bedunduk arep methungul. Sing jarene dingindingin empuk. “Aku Rini…, iki Dewi lan sing mlorot iku Yuni…,” Cah telu padha kenalan karo Harry. Salaman. “Kowe asli kene Ri..?” Rini takon meneh. “Ora, mung dolan. Nginep nggone simbahe kancaku. Aryo…” “Oooo, nggone mbah Kromo kono. Dadi kowe kancane Aryo anake Pak Diyo ya?” Dewi nyela-nyela. Harry mung manthuk ngiyani.” Aku ki pernahe sedulure Aryo nunggal simbah.” Dewi ngambali maneh.

***** Bali seka adus … “Kok, kowe sajak seneng Ri..?” Aryo penasaran. “Ah.., biasa…, hla wong entas adus kok. Seger… seger… seger!,” semaure Harry njur nyidhuk sega ing bakul. “Ah, iki mesthi ana apa-apa?! Kowe bar adus, apa bar nginjen cah adus?” “Loro-lorone.., putih-putih. Mulus meneh pupune…, iiiiiih, pokoke yen mung karo bintang film wae isih mulus kuwi…” “Tenane…?! Mengko mung ndobos!” “Iya, aku mau adus ndhisik. Let sak untara, pas arep bali, bareng karo cewek telu iku, njur blumbange

38

langsung diserbu dening sapi cacahe papat. Putihputih…, mulus, Yok!” Aryo nggondhok sak kendhil.” Eh, leh mu adus mau barang sapa?! Karo cewek telu?” Harry ngandhani Aryo bisik-bisik. Aryo njur manthuk-manthuk.

***** Sore-sore Aryo lan Harry dolan neng omahe Yuni. Kabeh wis pada jagongan. Ana Yuni, Dewi lan Rini. Rini ki sing ngejak kenalan pisanan karo Harry mau esuk. Omah iku katon asri, resik latare amarga entas wae disaponi lan disirami wit-wit kembange. Latare isih amba, dadi ora sumpek kaya omah-omah neng kutha. Pokoke isih sejuk lan nengsemake ati. Yuni sing duwe omah, sore iki ya katon manis. Pancen kok, ireng manis. Rambute sing dikucir kuwi mobat-mabit kena angin (kaya geni wae!). “Ri, kok kaya-kaya kowe naksir Yuni ya?” Aryo mbisiki Harry. Harry ora kumecap. Aryo njur mbaleni takon. “Hmmm…” Harry mung dhehem wae. “Kowe ki rak wis duwe pacar ta Ri…?” Aryo jengkel. “”Yaben ta…, aku arep golek pacar enom kok. Apa ora oleh?” “Apa..?! Pacar enom?” Aryo sak kal kaget,” Aneh kok kowe ki. Kaya om-om wae, sing sok golek bojo enom__ABG-ABG disikat. Mbok aja kemaruk__malak!

39

Bagi-bagi karo sing durung duwe pacar no…” cah loro glenak-glenik dhewe. “Kawit mbiyen kowe rak wis tak wehi saran, kae hlo.., pembantune tanggaku naksir berat marang kowe. “ kandhane Harry. Cah loro kaget. Aryo arep ngamuk ora sida.” Ayo padha diombe hlo wedange mumpung isih anget.” Yuni wis njedhul karo mesem. Sore iku cah lima crita ngalor-ngidul. Kadhang kala cekikikan bareng, njur sesuk padha janjian arep mancing neng blumbange wong tuwane Yuni. “Ri, mumpung preinan isih ana wektu rong ndina meneh. Awake dhewe durung tau hlo mancing. Mben dina mung neng sawah wae…” Aryo mbukak suara nalika mulih seka omahe Yuni,” Kira-kira kowe jenuh ora dolan mrene?” Aryo neruske gunemane. “Piye yo Dab…, yen tak rasakne bosen. Iya mboseni. Hla ning kok malah wektu sing meh entek masa liburane iki, malah ana suasana liya. Pingine preinan iki ditambah meneh…” “Maksudmu kowe ben isa cedhak karo Yuni..?” Aryo nebak-nebak. Harry ndeleng kadohan seka cendhela kamar. Wingi-wingi ana rasa bosen, pingin cepet-cepet mulih neng kutha. Saiki kok njur malah kosok balene ya. “Hehehe…, Yok, kowe cemburu ya? Yen aku cedhak karo Yuni?”

40

“Oooo, ora..ora. Mung saranku, kowe aja dadi play boy cap klembak, mesakno Yuni…” “Ah, aku dadi cah lanang tanggung jawab kok Dab.., aku kenal Yuni, Dewi lan Rini ki, ora ana sing nyanthel ing atiku. Mung sing tak rasakne, lugune ABGABG iku durung kenal Mall…” Harry lan Aryo mlebu ngomah. Langit ing bang kulon wis katon mulai peteng. Adzan maghrib keprungu seka langgar, nandhakake yen sedhelet meneh mlebu sepining wengi. Keprungu uga suara-suara jangkrik lan kodok sing saut sinaut ngisi wengi iki. Mecah suasana wengi sing kekes neng balung. Harry mung kethap-kethip mripate ing amben. Arep turu kok angel banget ngeremke mata. Yen neng kutha isa nonton TV. Neng ndesa kaya ngene ki, durung ke-ambah dening barang elektronik iku. Apa meneh sing jenenge HP. Sinyal HP wae ora mlebu. Jan sepi tenan. Harry njur isa turu karo ngekep bantal guling sing wis kempes. Ing pangimpene Harry peplayon karo Yuni. Suasana kaya neng taman kang asri. Persis film India. Cah loro lagi ngobrol asyik banget. Ujug-ujug ana udan gedhe. Mak bres. Yuni mlayu ninggalke Harry. Kari Harry glagepen dhewe kudanan. “Heee…, tangi!” Aryo wis pethenthengan ing ngarepe amben bar nyiprati Harry nganggo banyu. “Waaah, tak kira ki udan je…” Harry ngolet njur gragapan. Wooo..! Dhasar si troublemaker__pengacau!

41

Harry mencak-mencak weruh raine diciprati banyu dening Aryo.” Huuuuh..! Ngganggu wong lagi ngimpi enak-enak…” Aryo cengengsan. Harry sing lagi wae rampung adus, wis disusususu dikon cepet klamben dening Aryo,” Ngapa ta kok kowe ora sabaran?!” Harry protes. “Hla, kae delengen, cewek telu wis padha ngenteni neng latar ngarep. Cepetan hlo Ri.., wis digawakake pancingan barang hlo…” “Iya.., iya.., aku nyusul,” Harry njur srat-sret nganggo kaose lan kathok. Sidane cah lima mangkat bareng, mancing ing blumbange wong tuwane Yuni. Mbok arepa rada adoh, cah lima mung seneng rasane mlaku turut galengan sawah. Maklum, Yuni iku anak lurah neng ndesane simbahe Aryo. Hlo…, apa hubungane? Ora nganti setengah jam wis padha tekan blumbang iku. Sinambi mancing, cah-cah wadon nyiapke lotisan. Klasa digelar ing sak ngisore dhapuran wit pring. Rasane eyup banget. Kaya obat stress wae yen ngene ki__batine Harry. Guyon lan mangan lotis ngisi suasana le padha mancing. Ora krasa yen mancing ki mbuang wektu. Ngertingerti wis sore,” Mulih yo.., wis sore..!” aloke Aryo sebel, amarga ora entuk-entuk iwak lehne mancing kawit mau.

42

“Iya yooo..., supaya mengko bengi isa siap-siap…” Harry mberesi klasa sing nggo lemek lungguh lan pancinge. “Siap-siap apa?” “Ya siap-siap turu, yen wis mbengi…” semaure Harry meneh. Aryo mung ndomblong.

***** Dina Minggu esuk Harry lan Aryo ngringkesi pakeanne. Kabeh wis mlebu ngetas. Rasa-rasane wis ora ana sing ketinggalan meneh. Mung ing ati kok kaya ana sing ilang ya, Harry mikir-mikir meneh. Lagi wae kenalan karo cewek-cewek ing kene rong ndina, kok wis lekas mulih. Dadine ya kangen, kepingin dolan ing ndesa kene meneh…., ah, mengko yen preinan dawa kaya saiki. “Yok, sida arep mulih saiki?” simbahe takon meneh. Rasane abot arep nguntapke putune lanang. “Inggih Mbah. Hla wong mbenjang dinten Senin mpun mlebet sekolah malih je…” “Ya wis, nyangoni slamet wae. Salam nggo bapak lan ibumu. Yen ana wektu dikon mrene ya…, simbah kepengen ketemu…” “Inggih…” Cah loro pamitan. Terus mlaku njujug dalan aspal sing ora adoh seka omahe simbahe Aryo arep nyegat bis sing liwat kono. “Harry…!!, Aryo..!!, sida bali tenan ya?” Yuni celukceluk seka latar ngarep omahe.

43

“Iya, hla wong sesuk wis mlebu sekolah sih,” jawabe Harry karo nyedhaki Yuni. “Wah, yen ngono ora isa mancing meneh awan iki,” ana rasa kuciwa ing atine Yuni. ”Aja kuwatir Yun…, mengko yen aku mrene meneh tak gawakake sabuk seka kulit, supaya sarunge ora mlorot maneh…” aloke Harry sinambi nyalami Yuni. Yuni kelingan kedadean iku. Raine abang ireng, isin. Harry njur dioyak mubeng-mubeng latar. Harry isane mung tulung-tulung digablogi gegere. Adhuuuuuuuh…!! Yuni karo nyengir terus wae nggablogi amarga sebel lan nggondhog.

44



Saingan

Apa biasane sing dilakoni yen lagi nandang katresnan ? Coba dipikir, yen kowe lagi naksir cowok, lan uga kowe yen lagi naksir cewek. Kok malah mbingungi. Sing bener ki, yen cah wadon lagi naksir cowok, iku apa sing dilakoni ? Nyimpen photone cowok, terus nulis-nulis puisi cinta, apa mung ngalamun …?! Ah, kowe kabeh mesthi padha karo Anne. Hla ya iku, saiki adhine Harry__Anne, sing neng esempe, lagi naksir cowok. Guantheng banget. Yen diibaratke bintang film kaya Bopak Castelo.., eh dudu. Kaya Aliando Syarief. Mung ya kuwi, cowok sing ditaksir Anne iku ora nanggapi. Saiki Anne dadi sedhiiiiiih banget. Pingine Anne, mbokyaa, cowok iku ngerti perasaanku, sing bener-bener lagi wuyung. Batine Anne. Yen lagi ndeleng photone Andrew ngono kuwi atine mak seeeeerr! Kabeh ora isa kelingan, kejaba mung wewayangane Andrew__iku jenenge cowok sing ditaksir Anne. Andrew

45

iku kanca sak kelase Anne, dheweke bocah anyar pindhahan seka Jakarta. Harry paling sebel, yen saben wektu pas merhatekne polah tingkahe adhine sing mung siji thil iku. Hla, piye ta le ora sebel. Saben weruh Anne, kepeneran apa disengaja dening Anne, dheweke mesthi lagi ndeleng photo cowok sing di-idolakne__digandrungi! Kaya ora ana wektu kanggo kegiatan liyane wae. Mulih sekolah, ora njur salin klambi ndhisik, eee, malah langsung mlebu kamar.” Bali sekolah ora malah resikresik awak, kok mung ndelengi photo wae!” panyentake Harry.” Apa ora ana gawean liya?” panegure Harry maneh rada nesu. “Ya ana ta Mas.., ndeleng photo ngene ki rak ya gawean ta..?” Anne semaur karo isih ngliling photo cowok iku. Yen wis ngono kuwi, Harry njur ora nggape maneh. Dikandhani wong tuwa ora nggugu, ya wis! Apa maneh Anne yen ngumukake bab cowok iku marang ibune, wah yen lambene durung kriting utawa ireng, ora bakal leren! Neng ruang tamu, apa pas lagi mangan…, kadhang kala yen ibune lagi masak ing dhapur. Mbok arepa ibune ora nanggapi, Anne kaya-kaya wis ngetokake uneg-uneg ing pikirane__plong! Njur Anne kerep curhat marang kancan akrabe sing mben sore dolan neng ngomahe__si Atun. “Piye ya Tun, Andrew kok kaya-kaya ora nanggapi marang sikapku iki. Aku ki nganti bola-bali pasang aksi

46

neng ngarepe dheweke…., eee, malah dheweke ngobrol karo Rina…” Anne mbukak isine ati sing lagi kisruh. “Tenang wae lah Ne.., aku dhewe uga ya lagi pasang aksi supaya dheweke gelem ngobrol karo aku…” “Hlo..?! Kowe uga naksir dheweke?” Anne kaget. “Naksir sih ora…, mung simpati wae. Ning yen padha-padha naksir rak ya ora dosa ta Ne…” Anne sak nalika ngusir Atun. Go AWAY ..!! “Ne..., prapatan ya prapatan aja ana kirike…” kandhane Atun sak durunge lunga lan njur mulih. “Ngapa parikan barang..!” Anne wis mbludhag nesune. “Saingan ya saingan ning aja ana serike…” Atun njur bablas angine. Kari Anne sing mung nggejejer. Hlo, kok aku ndadak ngusir Atun sohibku dhewe ya ..?! Batine Anne gela.

***** Ing wayah esuk. Andrew mlebu regol sekolah sok gaul lan okeh gaya. Akeh mata sing padha ngawaske carane mlaku dheweke. Mesthi wae matane cewek-cewek ing sekolah iku. Wuuuiiiih, gantheng tenan ya! Ana sing bisik-bisik karo kancane. Ning uga ana sing cuek wae. Emang gue pikirin…., batine sing padha ora pedhuli karo Andrew. Anne ben esuk wis parkir ing regol sekolah, karepe ben isa ngecengi idolane__si Andrew. Eeeeh, ladalah…, hlo, kok Atun ya melu parkir ora adoh seka

47

regol?! Anne kaget. Atun jual mahal marang Anne, ethokethok ora weruh. “Hai, Andrew…, kok gasik banget le teka?” Atun wis ndhisiki le negur Andrew, Anne kalah dhisik. “Eh, kowe Tun, aku mau kesusu. Soale durung nggarap pe-er matematika je…,” jawabe Andrew,” Kowe wis nggarap durung?” pitakone Andrew sak teruse. “Aku uwis hlo Drew…!” Anne nyrondholnyrondhol, karo nduduhke buku matematikane. Andrew mung ngguyu ora nanggapi. Batine Anne, cowok sombong! Kaya sing paling bagus dhewe wae sak ndonya! Benci aku! Anne terus wae mlaku ndhisiki cah loro iku.

***** Mulih sekolah, nalika wis tekan ngomah Anne langsung mlebu kamar. Photo sing gumlethak ing meja belajar, disaut langsung disuwek-suwek. Benci aku…, benci aku…!! Terus diidak-idak. Lega rasane atine Anne isa ngelampiaske rasa jengkele. Krungu suara grubag-grubug ing kamare Anne, Harry langsung marani,”Ana apa Ne..” pitakone Harry. Harry ndeleng ing njogan. Oooooo…, photone Andrew kancane Anne disuwek-suwek?! “Ana apa ta, kok photo kesayanganmu mbok suwek-suwek?” Harry ambal pitakon maneh.” Ora ana gawean meneh pa sak liyane nyuwek-nyuwek photo?” “Tau ah…., gelap…!” Anne mbludag nesune.

48

Harry njur nyedhaki, ngerih-erih. Biasane yen wis dierih-erih ki Anne njur ora nyokot. Mesthi manut. Yen istilahe kewan njur jinak.” Coba Ne, pikiren…, kowe ki rak wis kelas telu esempe. Sedhelet engkas ujian__UN. Kok malah ora tau sinau. Hla mengko bijimu piye …?” Harry nyoba nasehati Anne. Anne mung tumungkul. Bener uga kandhane mas Harry! Ing njero atine Anne ngakoni, ning isin arep ngandhakake__gengsi dong! Liya dina Anne wis ana perubahan. Wis gelem mbukaki buku pelajarane saben mulih sekolah. Harry rumangsa seneng weruh adhine wis sadhar. Sebabe Anne weruh dhewe, wingi pas pelajaran fisika__sing mulang Pak Ganjar, sing galake ngluwihi macan. Andrew ki ora isa nggarap soal latihan. Padahal gampang banget. Mung ngetung sanga ping enem__meh setengah jam ngadeg ning ngarep papan tulis ora ketemu-ketemu jawabane. Hla show must go on,” Kowe ki gantheng, ning ora sembada karo ganthengmu. Sanga ping enem wae ora isa. Cah SD wae isa. Kowe Sarjio…, pira sanga ping enem?” pitakone Pak Ganjar nunjuk Sarjio karo malang kerik. Ora lali karo dagadu-ne mlotot. “Seket papat Pak…” jawabe Sarjio sajak wedi. “Kae, Sarjio sing ora gantheng wae isa njawab kok…” Sarjio sing dialem dening Pak Ganjar rada mongkok atine. Ning batine Sarjio, MBAHMU..!! ganthenge kaya Tukul Arwana ngene kok. Andrew dadi salah tingkah. Isin karo rupane.

49

Hla ya kuwi, akhire cah sak kelas marabi Andrew si Cabo__dudu Catatan Si Boy sing difilmke kae, ning si Cakep Bego. Andrew dadi isin. Saiki ora gelem pamer ganthenge. Rambut njur dicukur gundhul__jare ben pelajaran apa wae cepet cemanthel ing otake, kandhane Andrew karo ngelus sirahe sing buthak. Ganthenge dadi ilang, sebabe rambute ilang kabeh.

**** Ing wayah awan… Harry bali sekolah ketemu karo Atun ing cedhak warung bakso pinggir lapangan bal-balan.” Tun, kok saiki arang dolan neng omah sih? Lagi sibuk ya…? Apa lagi soting film si Dul Anak Sekolahan?” pitakone Harry nggojeki Atun. “Ah, mas Harry takon kok borongan…” “Apa lagi golek pacar?” “Ah, ora kok mas Harry. Takona Anne wae…, prapatane isih ana kirike apa ora?” Harry tambah bingung. Prapatan sing endi kiyi?, karo kukur-kukur sirah sing ora gatel. Sak keplasan Atun wis lunga seka ngarepe Harry. Harry njur mlaku bali. Karo singsot-singsot lagu dangdut__Terajana. Tekan ngarep omahe Heny, tanggane Harry, pembantune Heny nggoyang-nggoyangke bokonge sing sak tambir gedhene. Asyiiiik…! “Nem, lagi apa kok sajak seneng?” Heny nyeluk Inem pembantune.

50

“Eh, ndara Heny…, kula lagi njoget ndara. Hla niku…, krungu singsot-singsote Mas-e niku…” Harry mak plepeg. Inem pembantune Heny ki njoget-njoget amarga aku singsot-singsotku mau?! Harry arep protes ora sida, ndak malah dikira dheweke sing edan. Busyet deh!, batine Harry nggondhog tenan. Lagi wae mlebu omah, wis keprungu suara telpon sing krang-kring bola-bali. Maklum jaman durung ungsum handphone. “Haaloooo? Iki sapa?” Harry ngangkat telpone. “Iki aku Mas. Iki mas Harry ya..? Aku, Atun Mas, kancane Anne sing mau ketemu karo kowe. Mengko sore aku arep dolan mrono, tulung welingke marang Anne ya Mas….” keprungu suara ing speaker telpon iku. “Jam piro Tun..?” “Sore Mas..” “Eh, kosik, kosik Tun. Aja ditutup. Kowe mau ngomong prapatan ana kirike. Prapatan sing endi ?” “Goleki dhewe wae…” Atun wis nutup telpone. Gombal mukiya! Harry ya njur nutup telpon karo nggondhog banget. Kepeneran, Anne balik seka sekolah weruh kangmase ngamuk-ngamuk le ndelehke gagang telpon, dheweke njur takon,” Ana apa sih kok sajak entas nesu?” dheweke nyedhaki Harry. “Kuwi kancamu bar telpon. Jare mengko sore arep dolan mrene…” Harry bablas mlebu kamare. Ora takon maneh, Anne ya njur salin penganggo.

51

Kaya adat saben, yeng sore biasane Anne nyapu latar lan nyirami kembang. Sore iku Anne lagi asyik nyirami kembang. Dumadaan ana suara wong uluk salam. “Kula nuwun…!” kok kaya suara cah wadon? Anne marani suara iki ing ruang tamu. “Eeeh, Atun.” Anne dadi salting__salah tingkah. Atun uga iya….., padha salting. “Piye Ne, kabare? Apik-apik wae ta?” Atun ngejak salaman Anne. Akhire cah loro iku wis padha gojekan meneh. Cah loro njur ngrumpi bab Andrew, ngandhakake yen Andrew ki jebulna bodho kaya kebo. Mung paitan nggantheng wae dipamerke,” Kok isa-isane ya Tun, awake dhewe dadi padha udreg-udregan bab cowok. Hla, yen dipikir, kowe sing paling ngerti aten-atenku, kok malah tak musuhi ya Tun…” “Iya Ne, aku dhewe mikir, nalika bali seka kene wektu iku…, Anne kok tega banget ngusir aku, mung amarga bab cowok. Ora biasane Anne kaya iku sifate…” Atun nggetuni. Cah loro weruh Harry mlebu omah. “Eee, Atun…, kowe mau kandha bab kirik sing neng prapatan…, kirike sapa ya?” Harry njur takon. “Ah, wis ora ana kok Mas kirike. Hla wong kirike mentas wae mlebu omah kok…” Anne langsung nyonthong.

52

Harry rumangsa dikirik-kirikke dening Anne, njur mbludag nesune. Seka A nganti Z metu kabeh, isih ketambahan isen-isene kebun binatang. Cah loro cengengesan.

53

54



April Mop

Sore iku Dita, kancane Harry nunggal kelas mampir ing omahe Harry. Jarene bar les bahasa Inggris neng cedhak prapatan sekolahan. Amarga wis kesoren, dheweke ora kebagian angkutan. Pancen sih, yen wis ngarepi wayah surup angkutan umum wis mlebu kandhang. Angel golekane. Yen numpak becak adoh, mesthi ya larang. Apa meneh yen malem Jumat ya padha sepi tukang becake. Dita njur mampir omahe Harry amrih dheweke gelem ngeterke mulih. Dita ngaya-ngaya kursus sore iku, sasi ngarep jare ujian neng panggonane dheweke le kursus. Harry untunge ana neng omah. Biasane yen sing dolan neng omahe cah lanang, yen durung janjian, cah iku ilang wae. Ora tau ana neng tempat. Ananging yen sing dolan iku cewek, tanpa janjian mesthi ana wae dheweke. Duwe ngelmu apa cah iku… “Wah, pas bener hlo, Dit, aku ora lunga. Biasane yen wektu pas wayah semene ki aku sok lagi sibuk….” Jare Harry nalika nemoni Dita ing ruang tamu.

55

“Sibuk apa Ri..? Sinau ya..?” “Ora mesthi..! Kadhang dolanan nekeran, main layangan.., yen ora ya bal-balan neng lapangan.” Dita mbatin ing njero ati. Dhasar Harry, yen malem Jumat ngene ki kudu disajeni je! “Hlo.., kowe isa bal-balan ta..?” pitakone Dita karo mbukaki majalah basa Jawa sing gumlethak ing meja ruang tamu. “Sapa sing kandha? Aku neng lapangan ki ndelok wong main bal-balan…, ora main bal-balan…” protese Harry. Tenan ta, rada ora beres cah siji iki! Dita mbatin meneh kanthi pasrah. Akhire Harry ngeterke Dita mulih numpak motor. Dita lungguhe mepet gegere Harry. Amarga nganggo celana panjang, Dita luwih enak le mbonceng Harry. Isa mlangkah sikile. Ujug-ujug…, Ciiiiiiiiiiiitt…!!! Harry ngerem ngeget motore. Maklum, wayah surup ana jeglongan. Ora mat je! Harry ya kaget. “Wah, sori Dit…, kaya-kaya ana sing nabrak gegerku je…,” “Hla, ngapa ta?” aloke Dita kebak tandha pitakon. Kaya keweden, soale malem Jumat je.”Mbok aja medenmedeni Ri…!” “Ora meden-medeni Dit.., aku krasa ana sing dingin-dingin empuk nabrak gegerku….” Semaure Harry cengengesan tanpa dosa.” Rasa-rasa gemrenjul…, empuuuuuk.”

56

Seeebbeeeeeeeellll…!!! Dita njiwit cuuiiiiilliiiiik banget ing wetenge Harry. Adhuuuuuuuuuh…!!!

***** Ing kadohan kana, pernahe ing omahe Aryo. (Suara intro musik ………….) Malam Minggu…, pukul tujuh… Aku apel di rumahmu… Kumandange suara CD player ing kamare Aryo keprungu. Iki ya salah sijini lagu kebangsaan Aryo. Lagu sing dinyanyekake dening Gombloh iku kerep disetel yen pas malem Minggu kaya saiki. Apel mrana-mrene mung ditolak wae dening cewek. Dadine yan mung ura-ura dhewe. Obsesine Aryo ki, yen malem Minggu isa ngejak mlaku-mlaku apa nonton film bareng cewek sing ditresnani. Apa maneh si Aryo rak wis tau kagol, nalika ditolak dening Mita. Dheweke wis berkorban, nganti ngrelak-relakne dadi tukang antar jemput sekolah si Mita. Eeh, jebule si Mita wis duwe pacar. Ya amarga iku, Aryo dadi kagol. Ning sak kagol-kagole Aryo, ora njur pingin njegur sumur kok. Amarga wis dierih-erih dening Harry,” Dadi play boy, aja patah semangat, mbok arepa sepuluh cewek sing lagi mbok cedhaki, satus cewek sing nolak tresnamu.., tetap semangat!” Saiki meh saben malem Minggu Aryo mung ngejogrog neng ngomahe wae. Biasane ditekani Harry.

57

Mau awan Harry janji arep dolan mrene, dienteni wis meh setengah jam kok durung njedhul. Paling-paling dheweke apel neng nggone Nana. Aryo njur unjal ambegan landhung. “Ngalamun wae..!, mugakna ora isa apel yen malem Minggu. Hla mung ngalamun wae sih gaweanmu…” Aryo krungu suara seka njaban cendhela omahe. Kaya-kaya suarane Harry. “Eh, kowe Ri…, ayo mlebu,” Aryo mateni CD playere. Harry njur ndlosor ing njogan cedhak Aryo. Saiki kamare Aryo wis katon resik. Ora kaya mbiyen__meh kaya toko serba ada. Kaos kaki lan sepatu sing diparkir sembarangan, gombal-gombal pating klarah, uga kulit gedhang. Saiki wis ora ana. Buku-buku lan majalah wis tumata rapi ing rake cedhak meja belajare Aryo. Njur CD film lan CD lagu barat ya rapi ditata. Ning Aryo isih nyimpet kaset kesayangane__lagu patah hatin-e Rahmat Kartolo. Iku jimat penangkal patah hati yen bar ditolak cewek. “Wah, saiki kamarmu wis rapi hlo…” aloke Harry sajak ngalem. Sing dialem cuek wae. “Kowe ora apel neng omahe Nana Ri, malem Minggu iki?” “Ora, aku mesakne kowe. Jan-jane ana apa kowe ngakon aku mrene? Ana wigati apa..?” Sepisan meneh Aryo unjal ambegan landhung.

58

Aryo mbukak buku pelajarane. Ndilalah ana surat tiba seka sela-selane buku iku. Pas ing sikile Harry surat iku cebloke. “Aku oleh surat seka kanca cedhak Ri. Kanca dhek esempe mbiyen..” kandhane Aryo karo mbukak amplop surate, terus nduduhke isine marang Harry. Harry melu maca surat iku. Ana photone sing ngirim surat. Waaoooo, kece tenan hlo! “Piye Ri..? Kece ta…, dahsyat tenan photone…” Aryo berbunga-bunga atine. “Hebat…! Hebat…!” Harry ngacungi jempol papat, soale jempol sikile Harry ya diathungke…, hehehe. “Yen menurutmu piye Ri..? Gelem ora dadi pacare dheweke?” “Aku piye ya?! Yen durung duwe pacar sih gelemgelem wae. Irunge kuwi hlo…, mbangir. Idepe nawon kemit…” “Mbok sing bener…! Mosok idep kok nawon kemit!” Aryo njur mbenerke omongane Harry. “Iya, maksudku kuwi hlo…, idepe sing neng tawang ana lintang kae ta…” “Ah, dhasar PETHUK..! Idepe ki tumenging tawang…” Harry mung cengengesan. Ping pindho salah wae, maklum pelajaran basa Jawa dheweke ora nguasai. “Hla, saiki karepe kancamu iku, dheweke kepengen apa, kok gelem-geleme kirim surat nggo

59

kowe?” Harry ora enggal ngrampungke olehe maca surat. “Mbok diwaca nganti rampung sik. Le takon mengko….” Aryo nyelani. “Ooooo…, dheweke kepengen kowe dolan neng omahe ta…, jare dheweke kangen…” Aryo mung manthuk thok.

***** Aryo wis siap-siap. Klambine disletika nganti klimis saingan karo rambute. Lenga wangi ngganda arum ing klambine. Ana sik kurang ora ya? Aryo mubeng minger ing ngarep pengilon. Wah gek-gek ana sing kurang. Dibaleni meneh, Aryo le ngilo neng ngarep pengilon. Wis, saiki wis komplit. Ora ana sing kurang. Sepeda motore dituntun metu seko omah. Distater…, gruuuuung..!! Langsung urip. Aryo bablas neng ratan gedhe. Apike dolan neng nggone Yesi ki dhewe apa ngejak Harry ya?! Aryo ragu-ragu le nentokake keputusane. Yen dhewe grogi je! Ah, ngejak Harry wae lah. Aryo njur bablas tumuju omahe Harry. Sak dawane dalan, Aryo mbayangne Yesi kancane esempe mbiyen sing ngetop. Akeh sing naksir. Mbasan saiki esema kok gelem ya nyurati aku? Ngakon dolan neng omahe. Aryo rumangsa bungah atine__heboh bro! Hla si Udin sing mbiyen ya sak kelas karo Yesi apa ya sering disurati ora ya? Aryo mikir-mikir. Udin kanca

60

kenthele Aryo neng esempe. Saiki dadi kanca sak kelas karo Aryo lan Harry neng esema (SMA). Harry kaget nalika Aryo teka,” Walah-walah kowe ki dodolan minyak wangi ya..” “Rii, terke aku ya dolan neng nggone kancaku, si Yesi…” Aryo nari Harry. “Mosok arep apel kok ndadak njaluk diterke…” “Grogi je Ri…” tumben Aryo lugu le njawab. Sidane Harry njur mbonceng Aryo. Ngeterke dolan neng nggone Yesi. Hlo…, kok arahe kaya tumuju omahe Dita ya? Harry ing boncengan mbatin,” Yok, kowe arep nyang omahe Yesi apa Dita?!” Harry rada kaget. “Hlo, ya neng omahe Yesi kancaku esempe! Pancen liwat dalan iki…” Aryo rada ngotot. Harry njur manut wae. Aryo crita ngalor ngidul bab si Yesi. Menawa Yesi mbiyen ki dadi primadonane kelase Aryo. Pinter, uga pancen grapyak marang kanca-kanca. Harry mung ngrungokake ocehane Aryo. Mbok ben, Aryo mengko rak ya njur meneng yen krotone entek. Batine Harry nglipur awake dhewe. “Ri, kuwi wis ketok omahe…”Aryo njur ngendhegake motore. Cah loro mlebu pekarang omah iku. Ing njero omah ana suara cah wadon jerit-jerit. Let sedhela njur krungu suara wong nangis dhewe. Terus ngguyu latah-latah. WKWKWK…!!! Aryo lan Harry wis dheg-dhegan atine.

61

Thok-thok-thok…! Aryo nothok lawang omah iku. Ana ibu-ibu setengah tuwa umur-umuran seket taun mbukakne lawang,” Nggoleki sinten nggih?” pitakone. “Menapa niki daleme Yesi Bu..?” Aryo takon sopan banget. “Inggih, njenengan sinten nggih?” Ibu iku takon sajak ana sing aneh. “Kula kancane Yesi…, kanca esempe Bu…” Wong wadon setengah tuwa iku katon sedhih. Ana rasa kang cemanthel suwi ing njero atine. Yaiku rasa sedhih amarga ngrasakake anakke__si Yesi. Yesi sing mbiyen dadi primadona neng esempe. Sing ayune kaya bintang film luar negeri. Dheweke crita menawa saiki anakke iku wis ilang pikirane kang waras…., alias rada setrip__gendheng!! Aryo njenggirat kaget. Semana uga Harry, ora kalah kagete tinimbang Aryo.

***** Esuk iki Harry karo Aryo lagi ngobrol ing kantin sekolah. Cah loro padha pesen es cendhol rong gelas. Ujug-ujug Udin karo Dita teka, terus melu lungguh ing sandhinge Harry. “Wah, kebeneran Dit. Aku wingi karo Aryo mlakumlaku meh tekan omahmu hlo…” kandhane Harry. “Hla kok ora mampir Ri..?” Dita takon.

62

“Aku ki mung ngeterke Aryo, dolan neng nggone kancane esempe-ne sing mbiyen dadi primadona kelas…” “Apa kowe wong loro dolan neng nggone Yesi sing saiki edan kuwi ya?’ Dita nebak-nebak. Harry lan Aryo pandeng-pandengan. Ora ana suara kan kawetu, ning seka sorot matane cah loro iku nandhakake yen ngiyakake omongane Dita. Pungkasane Dita njur crita,” Wah, mesakake hlo Yok, si Yesi iku. Ditinggal kawin dening tunangane…, terus dheweke mung ngalamun wae. Eee, akhire saiki lulus le gendheng…” critane Dita mupus pangarep-arepe Aryo.” Tunangane ngetengi tanggane Yesi…” “Hlo.., Dit, si Yesi iku isa nulis surat ya? Malah ngirimi photone dheweke je…” protese Aryo sajak ora percaya. Udin sing kawit mau mung meneng wae, njur mbukak suara,” Yok, saiki ki rak wulan April. Biasane ana acara April Mop ta. Muga-muga kowe isa dadi tamba kanggo si Yesi…” aloke Udin sing mbiyen uga nunggal sak esempe bareng Aryo. “Dadi sing ngirim surat lan photone Yesi ki kowe ya Din…?!” Aryo langsung menthelengi Udin. Cah telu__Harry, Udin lan Dita wis ngakak. WKWKWKWK. “Iki hadiahe April Mop….” Kandhane Aryo karo nggebyur Udin nganggo sisa es cendhole.

63

64



Renang

Harry dolanan gitar ing teras ngomah. Lagu sing kerep dinyanyekake Bruri Pesobendho…eh, Pesolima sing judule Angin Malam dinyanyekake dening Harry kanthi apik tenan. Metu seka kerongkongane Harry__suarane persis kaya kaset. Malah luwih apik suarana Harry. Yaben ta ngalem awake dhewe (batine Harry). Ora ana wong sing gelem ngalem endhas sepur! Rak iya ta? Hehehe…! Aah, sesuk prei. Harry tambah santai le gitaran. Biasa harpitnas__hari kejepit nasional alias tanggal abang. Wengi iki dheweke ora neng ngendi-endi. Mulane njur dolanan gitar. Yen malem Minggu rak apel neng ngomahe Nana. Sesuk prei. Hla, kok ora ana kanca sing dolan mrene ya? Wis meh setengah jam le gitaran. Ora ana sing ngganggu. Ning weruh Anne adhine sing bolak-balik mlebu metu omah, Harry rumangsa keganggu anggone dolanan gitar.

65

“Ngapa sih Ne, bolak-balik wae kaya bakul srumbungan!” Harry sebel weruh adhine ora isa meneng. “Ben, ning rak kece…” Haaah! Kece?! Harry gondhok sak nalika,” Kecean sandhal japitku tinimbang kowe…” protese Harry. “Yaben…, ning rak pe-dhe…!” Harry tambah sebel. Untunge Udin karo Aryo teka. Hla rak tenan ta, ana kanca sing teka mrono. Weruh Aryo dolan mrono, Anne ujug-ujug ngejak bedhekan. Dheweke njur narik-narik tangane Aryo. “Mas…, ayo, mas Aryo bedhekan yuk…” Anne rada meksa le ngejak bedhekan. “Emoh, yen kalah kowe urik, njur ngombe wedang suguhane tamu. Gah aku…” semaure Aryo. Anne ora kentekan akal. Biasa ta, yen wong tukang jail utawa usil ki akeh pikirane. Weruh rambute Aryo sing wis okeh uwane, Anne metu usile. Anne njur nyedhaki Aryo, karo ndeleng sirahe Aryo sing rambute okeh uwane. “Eh, mas Aryo, kok rambutmu wis akeh sing putih sih. gelem pa tak wenehi resep? Cespleng hlo…” Anne nyoba cara liya, amrih Aryo ketarik dijak bedhekan. Aryo cuek wae. Anne mbaleni maneh le ngandhani Aryo. Saiki Aryo njur dadi kepingin ngerti__penasaran. Dheweke risi, isih enom kok wis okeh uwane. Om-om sing genit-genit sok nggodha ABG wae durung akeh uwane.

66

“Tenane hlo Ne. Coba aku njaluk resepe…” Aryo tambah penasaran. “Ah, resepe gampang kok. Mung kowe kudu nyepakake endhog pitik siji, brambang sesiung, kobis lan sledri….” Anne ngakon Aryo nyathet ing kertas. “Hlooo, resep kanggo rambut kok kaya nggawe martabak sih…?!” Udin nyela-nyela. “Huuus..! Rasah protes…!!” Anne nggetak si Udin. Sing digetak langsung mak klakep.”… langkah, eh, langkah…, Cara kaping pisan, brambang diiris-iris tipis. Kobis karo sledri uga diiris lembut lan tipis. Njur dicampur endhog pitik kampung. Aja endhog pitik liyane ya. Aja lali uyah sak cukupe…, diublag, njur digoreng…” “Bar kuwi diuntal…! Enaaaak..!!” Aryo nyela-nyela ora sabar. Dheweke nguncalke pulpen sing nggo nyatet resepe Anne ing meja tamu. Aryo kagol. Anne njur ngerih-erih supaya ora nggogohi jangan. “Mbok kosik ta mas Aryo…, aku durung rampung. Yen wis digoreng le mangan saben sore jam lima. Utawa yen esuk ya jam eneman. Nah gawenen resep iku nganti seminggu, supaya protein endhog pitik kampung iku bereaksi sih…” kandhane Anne sok yakin. Aryo karo Udin manggut-manggut sajak percaya banget resepe Anne iku manjur,”…yen bar mangan aja lali ngombe wedang putih segelas gedhe. Le ngombe madhep ngetan nek esuk, lan madhep ngulon yen wayah sore…, tut-ke arah srengenge…” Anne neruske resepe.

67

“Hla mengko yen wis nyoba njur tetep ora ilang uwane terus kepiye ?” Aryo duwe rasa pesimis marang resepe Anne. Anne nyengir. “Ya disemir wae ta Mas rambute…, nganggo semir rambut peakok. Hla ngono wae kok ndadak bingung…” semaure Anne karo ngloyor mlebu ngomah. Batine Anne, syukur tak gombali…! Jeneh dijak bedhekan wae ora gelam, malah ndadak mbukak wadi, ngelengake sok ngombe wedang suguhan nggo tamu. Soale Aryo kagol, wis ping pira wae, angger dolan omahe Harry, suguhan wedang sing digawe ibune nggo Aryo mesthi dientekne Anne. Yen ora diicipi sik…, sing jelas disisani! Huh.., nganyeli ta! Kari Udin lan Aryo ndlongop kaya sapi ompong. Harry cekakakan weruh cah loro padha digombali dening Anne. Aryo sadhar yen Anne mung ndobos thok! “Dhasar…, Joko sembung nggawa golok!” kandhane Harry karo cengengesan. “Apa hubungane Ri…?” Aryo takon kaya wong bego. “Gak nyambung goblok….!!” Udin karo Harry kepingkel-pingkel weruh Aryo muring-muring. ***** Ing wayah esuk, pas preinan harpitnas. Harry wis siap-siap nyepakake sing dijanjekake Aryo lan Udin mau bengi. Ana ban njero bekas motor

68

vespa sing wis dipompa. Celana renang, andhuk, lan liyaliyane. Krungu-krungu cah telu iku arep padha renang. Jare Udin sih, sing ngejak ki cah-cah cewek, kanca sekolahe Harry sak kelas. Hla, mau bengi Udin lan Aryo dolan neng ngomahe Harry ki tujuane ngandhani Harry supaya esuk iki dheweke isa melu renang bareng. Jam ing tembok omah wis nduduhke sanga lewat seprapat. Udin lan Aryo kok durung njedhul-njedhul ta ya. Harry wis ora sabar le nunggu. Ah, paling cah loro iku padha ndobos. Harry njur lungguhan neng lincak ngarep omah. Ujug-ujug seka regol ngarep wis padha methungul menungsa-menungsa iku. “Hai, brow… sajake wis siap…” Aryo nyengir. “Iya Ri…, wis siap tenan iki..” “Hla yen mbok deleng wis siap durung? Ora sah kokean komentar. Aja mung NATO wae… “Apa meneh kuwi?” “Not Action Talk Only…, alias ngomong thok!” “Wis yooo, ndang padha mangkat, selak kawanen.” Aryo njur nyangking tase. Cah telu njur langsung ngacir. Ora nganti sejam wis tekan kolam renang. Ing kono cewek-cewek kancane Harry wis padha nunggu. Malah wis ora sabar. Mita, Dita, Menik Dewi lan liya-liyane padha mbesengut kaya wong lagi ngedhen. Sebabe wedi gagal acarane yen Harry ora gelem dijak renang. Kok wedi gagal?!

69

“Ah, kok suwi men sih? Keju ngadeg kawit mau nunggu nang kene…” Mita protes nalika Harry nyedhaki. “Sik, kosik ta, iki dudu aku sing salah. Hla aku dhewe wis ngenteni cah loro iku kawit mau jam wolu esuk, le teka neng omahku jam sanga…” Harry mbela dhiri karo nyalahke Udin lan Aryo. “Wis lah, wis lah, aku sing salah! Yooo, gek ndang padha pesen karcis. Sida arep renang ora?! “ Aryo nengahi lan ngaku salah. Aryo ngumpulke dhuwit seka kanca-kancane njur tuku tiket nggo mlebu kolam. Ing njero kolam renang isih rada sepi. Hla, tenan ta, biasane wong padha renang ki jam sewelasan. Iki jam sepuluhan wis mlebu kolam renang. Asyiiiik…!!! Kancakancane Harry padha bungah, saking sepine kolam renang. Udin, Aryo karo liya langsung mbukak klambi njur ambyur neng kolam. Harry malah ndepipis ing bangku pojokan sing ana eyup-eyupane sisan nunggoni pakeane kanca-kancane sing wis nyebur neng kolam. Durung wani ucul-ucul kaos, malah asyik mangani kacang. “Haaiii, Ri, ayo nyebur..” Aryo undang-undang Harry seka tengah kolam renang. Awake ora ketok, mung sirahe wae sing mencungul sewates gulune. Sing diundang mung gedheg-gedheg, malah enak-enak mangan kacang. Kaose ya isih tetep dienggo Harry. Harry mungkin isin karo awake sing ceking iku. Yen klambine dibukak njur kaya piano balungan awake.

70

Hla wong ibune Harry wae milih diijolke tela tinimbang weruh awak kok balung thok kaya ngono. Ning sing paling marahi mongkok, gedhe atine, Harry nalika lomba pitulas Agustusan wis tau dadi juara siji bina rangka sekampunge. Dheweke oleh hadiah bungkuse gedhe banget. Pas dibukak isine sandhal jepit karo kaos gombrang. Nganti saiki sandhal jepit kesayangan iku kerep dienggo. Yen kaose mung dipajang neng kamare. Neng kolam renang… Ora adoh seka le ngumpul Harry karo kancakancane cowok, Mita, Dewi, Menik lan liya-liyane lagi pada bisik-bisik. Ketoke lagi padha ngrembug bab sing nyalawadi banget. “Iya, saiki dicedhaki ndhisik wae. Mengko yen dheweke kelimpe, awake dhewe cepet-cepet nggotong, njur ceburke bareng-bareng….” Menik sing ngatur scenario iku. “Oke, oke…, aku setuju.” “Yen balungan kaya ngono sih kecil…” kandhane Dewi karo nyentilke kuku jenthike nganggo kuku jempol tangane. “Ya.., siiip laaaah…” liyane padha nyauti. Ana apa sih kok sajake cewek-cewek iku arep padha jail ? Njur sapa sing arep dijaili, diceburke neng kolam? Dewi lan Dita sing awake gedhe-gedhe wis siapsiap nyedhaki Harry. Mita ngajak ngobrol Harry. Cewek telu iku wis padha nganggo pakaian renang. Mita ketok montok awake, yen cah lanang ndeleng sing mak brenjul

71

iku marahi mak cleguk…, kala jengking…., eeeeh, kala menjinge sing ndeleng isa munggah mudhun. Awake Mita kaya artis Jupe. Apa meneh yen nganggo pakaian renang ngono kuwi. Harry sing lagi mangan kacang wae nganti kleru, sing dimamah malah kulit kacange. “Wah, enak nemen Ri kacangmu, bagi-bagi dhong…!” Mita melu lungguh ing sandhinge Harry. “Doyan kacang pa? Mengko jerawaten hlo yen kakehan kacang. “ kandhane Harry karo ndelehke plastik bungkus kacang ing meja ngarepe Mita.” Eeeh, Mit.., kowe ki mbiyen tukang mangan kacang pa? Kok kukulmu…, gedhe banget…” Harry neruske celathune. “Kukul sing endi? Aku ki kerep ngresiki kulitku nganggo kosmetik sing larang hlo…, ora mungkin kukulen__jerawaten!” Mita protes sak nalika. Harry cengengesan. Matane nglirik sing methungul gedhe banget ngisor gulune Mita…, mbrenjul ana loro. Sing dipliriki rumangsa diawasi bagian awak sing kaya Jupe iku, Mita langsung pekewuh. “Kuwi kukul apa….” Durung rampung olehe ngomong, Dita karo Dewi wis nyangking awake Harry. Mita menehi komando. Saiki ganti Harry sing mberot-mberot dicengkiwing karo awak sing gedhene kaya sumpel bom. Kanca-kancane Harry sing lagi padha renang melu surak-surak ngabani. “SIIIJIIII…LOOOORROOOOO…TEEEELLLUUUUU…! !!!” komando liyane. Harry mabur diuncalke dening Dewi lan Dita. Kaya bom seka pesawat kae….

72

ciiiiiiiiiiuuuuuuu…. byuuuuuurr!! Klambi lan kathoke padha teles kabeh. Harry njur mentas. Nalika mentas kanca-kancane Harry padha nyalami dheweke. Harry dadi bingung, ana apa iki ?! “Eeeh, iki ana apa ta ?” “Slamet ya Ri…” “Iya Ri, traktir ya Ri…, tulisanmu dimuat neng majalah ta…” kandhane Aryo. Oooo.., iki genah pokale kanca-kanca! Harry mung nyengir, kelingan yen dheweke nulis cerita njur kepacak ing majalah. Kanca-kancane malah luwih ndhisik le ngerti. “Heeeiiii…!! Padha mrenea kabeh…!” Harry ngundang kanca-kancane.” Kanggo cowok-cowok, njupuka es krim coklat…, lan kanggo cewek-cewek njupuk kacang wae…, ben kukulen…” kandhane Harry meneh karo nglirik Mita. Krungu Harry ngomong bab kukul, Mita langsung ngamuk. Ning Harry wis bukak kaose njur ambyur neng kolam karo cekikikan……., hahahahahaha……..!!!!! Hihihihihihihihih..!! wkwkwkwkwkwk….!!!

73

74

Penulis

Haryono, nama ini pemberian orang tuanya sejak lahir. Sedangkan Aryo Gendeng untuk nama hasil karyanya. Saat ini tinggal di Perumahan Graha Pandak Permai Blok D4 Karadenan Kabupaten Bogor, Jawa Barat. Pria asli Jogja ini bekerja di SMKN 2 Bogor. Ia menulis sebagai bentuk kepedulian akan kelestarian penggunaan Bahasa Jawa sebagai bahasa sehari-hari yang saat ini sudah mulai ditinggalkan oleh generasi muda khususnya keturunan orang Jawa. E-mail Telpon FB

/ WA

: [email protected] : 08159908225 : Aryo Gendeng

75

76

Related Documents

Aja
July 2020 14
Lesson Plan Sok
June 2020 1
Workshop Aja
December 2019 10
Nostalgia Aja
November 2019 18
Wow Aja
October 2019 31

More Documents from "kokoreh 87"