Adicoro Temanten.docx

  • Uploaded by: sidik purnomo
  • 0
  • 0
  • May 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Adicoro Temanten.docx as PDF for free.

More details

  • Words: 2,554
  • Pages: 10
1. Pasrah Penganten. Assalamualaikum wr. Wb. Matur nuwun dhateng sedherek pranoto adicoro ingkang sampun kepareng paring wedhal dhumateng kulo. Kawillujengan soho kesarasn sih nugrahaning Gusti ingkang Moho kuwoso mugi tansah kajiwo soho kasariro dhumateng poro rawuh kakung miwah putri mliginipun kulowargo ingkang hamengku gati dalasan kulo. Poro pepundhen,pinisepuh soho sesepuh ingkang buntas ing pamawas ,luhuring budi,pantes kinaryo pandom pandoming poro kawulo dasih ,pantes den pundhi –pundhi. Poro rawuh kakung miwah putri ingkang sinugoto pakurmatan ,mugi tansah angluberaken sih samudro pangasksami dhumateng kulo, awit kulo kumowantun ngadeg njejer dhateng ngarso panjenengan , mboten ateges kulo ngirangi subo sito soho toto krami jalaran kulo pini tados dening Bopo…… ..kinaryo sulih sariro soho talangingatur ,matur dhateng ngarsanipun poro rawuh kakung miwah putri. Poro rawuh ingkang minulyo , saderengipiun kulo angaturaken menopo ingkang dados wosing gati, monggo sareng2 amengku pujo soho syukur dhateng ngarsa nipun Gust i ingkang moho Agung ,ingkang sampun kepareng berkah ,rahmat, saha nikmat. Mapinten pinten kanikmatan ingkang kaparingaken dhumateng panjenengan sami dalasan kulo, langkung 2 bab kawilujengan soho kesarasan ingkang tansah tumanduk dhumateng kulo lan panjenengan sami, saengga ri kalenggahan meniko kulo lan panjenengan saget ngempal manunggal dhateng dhalem ipun Bopo………saperlu hangestreni lan jurung pandongo dhumateng Bopo…….. sakaluargo anggenipun kagungan kersa miwoho ingkang putro . Poro rawuh kakung putri ingkang winengku ing karaharjan , kepareng kulo caos uningo .Nalilko condro soho rahino ingkang sampun kawuri . Bopo……. …soho Bopo………..sami kagungan rembag, dene ingkang dipun rembag inggih puniko badhe njodoh aken putranipun . Dene Bopo………..kagungan putro kakung ingkang kekasih bagus………… lan Bopo………. Kagungan putro estri ingkang sesilih roro ayu………… Putro kekalih wau badhe kajodohaken gesang bebrayan mbangun bale wismo ,lelumban wonten samadyaning masyarakat agung. Dene rembag kolo wau saking setunggal dados kalih, kalih dados tigo, tigo dados sekawan . Salajengipun rembag dados sekawan dados tigo, tigo dados kalih, kalih dados setunggal . Dados rembag wau sampun golong gilig ,ateges rembag kalo wau sam pun manggih aken pasarujukan ,bilih bagus………lan roro ayu………… sarujuk kajhodokaken.

Sak sampunipun rembag dipun sarujuki, pramilo ri kalenggahan meniko kulo kinanten sanak kadang sowan wonten ndhalem ipun Bopo………… minongko duto saroyo Bopo……….. Dene pisowan kulo ri kalenggahan meniko kirang subo sito lan kirang toto krami ,saenggo kirang nuju prananing Bopo………… sakulowongso sumrambat poro rawuh kakung miwah putri ,kanthi anurogo kulo nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami. Poro pepundhen pini sepuh soho sesepuh tuwin poro rawuh kakung putri ingkang minulyo. Pisowan kulo ing mriki minongko duto sarono Bopo……. Lan minongko sulih sariro talanging atur matur dhumateng ngarso panjenengan sami. Dene atu r kulo ing mriki sepisan Bopo………sakaluargo ngatur aken salam taklim mugi katur dhateng ngarsanipun Bopo………sakaluwongso. Ingkang kaping kalih ngatur aken sarono mas kawin ingkang arupi seperangkat alat sholat kinanten rerangkenipun ingkang arupi sanggan ,majemuk, sangsangan , sesupe lan seperangkat busananing calon temanten putri. Ingkang angka tigo angaturaken arupi arta kagem mbantu anggenipun miwoho ingkang putro samangkeh. Ingkang angka sekawan ngaturaken calon temanten kakung ingkang sesilih bagus…….. inggih putranipun Bopo………. Kanthi nyuwun Bopo……. Keparenga angijabaken kaliyan calon temanten putranipun Bopo…… ingkang asesilih animas ayu……… Mekaten ingkang dados atur kulo : sedoyo kalepatan, sedoyo kekirangan ,sae subo sito, sae toto kromo , menopo maleh anggen kulo ngrakit boso lan ukoro kirang tumoto,saenggo kirang mranani penggalih panjenengan sami kanthi andhap asoring manah nyuwun lumunturing sih samudro pangak sami. Ing salajengipun saksampunipun pari purno pawiwahan meniko kulo lan sarombongan kepareng medal pasilan nyuwun pamit, nyuwun pangestu,mugi2 lampah kulo wiwit saking ndalem meniko ngantos dumugi papanipun piyambak2 tansah manggih rahayu wilujeng kalis ing rubedha. Mekaten ugi kulowargo ing mriki, sapengker kulo ugi manggih widodo wilujeng lir ing sambi kolo. Jenang selo wader kali sesonderan , apuronto sedoyo kalepatan kulo. Billahi topik wal hidayah Wassalamualaikum wr. wb. Wedal kulo aturaken sedherek pranoto adicoro. Nuwun.

2. Adicara penganten ( MC) Assalamualaikum wr.wb Kasugengan tuwin kasarasan sih nugrahaning Gusti ingkang akaryo loko mugi tansah kajiwo soho kasariro dhumateng poro rawuh kakung miwah putri . Poro pepundhen ,pinisepuhsoho sesepuh ingkang buntas ing pamawas soho luhuring budi pantes yen takden pundhi2 . Poro rawuh kakung miwah putri ingkang sinudarsono,mugi tansah angluberaken sih samudro pangaksami dumateng kulo,awit kulo kumowantun ngadeg njejer dhateng ngarso panjenengan sami,inggih jalarankulo kadawuhan dening bopo……….Kulo kadhawuhan nderekaken lampahing adicoro ing pawiwahan rohino meniko. Wondene reroncening adicoro ingkang sampun kacetho ing dlancang seta meniko injih meniko: 1.Pambuko 2.Waosan pustoko suci Al –Quran 3.Mangayubagya ingkang badhe dipun salirani deneng Bopo…………. 4.Lereman ingkang sepisan 5.Pasrah saking pihak besan ingkang badhe dipun salirani deneng Bopo…….. 6.Panampi pasrah ,ingkang badhe dipun salirani deneng Bopo………. 7.Ijab Qobul. 8.Sabdo tomo /ular2 ingkang badhe dipun selirani deneng Bopo……… 9.Lereman ingkang kaping kalih. 10. Panutup Poro pepundhen,pinisepuh soho sesepuh ingkang pantes kulo bekteni. Poro tamu kakung miwah putri ingkang sinugoto ing pakurmatan. Sakderengipun lampahing adicoro kawiwitan monggo sareng 2 kulo dherekaken nyuwun dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Moho Agung.

Mugi2 pawiwahan ing siyang meniko wiwit purwo,purwo, madya ,lan wusono tansah manggihi widodo wilujeng kali sing rubedho. Poro rawuh kakung miwah putrid ingkang winengku suko basuki,kangge nggemeni wedal lampahing adicoro enggal badhe kulo wiwiti : 1. Adicoro Ingkang sepisan inggih meniko Pambuko: Monggo kito buko sesarengn kanthi maos “Basmalah dipun lajengaken 2 kalimat syahadat,” Menggah ingkang ngrasuk agami islam,wondene ingkang ngrasuk agami sanes kulo sumanggakaken. 2. Adicoro sak lajengipun inggih meniko Waosanpustoko suci Al- Quran deneng Bopo………wedal soho sasono wicoro kulo sumanggakaken. 3. Adicoro sak lajengipun inggih puniko. Mangayu bagyo ingkang badhe di pun salirani dening Bopo………..wedal soho sasono wicoro kulo aturaken sak cekapipun. Mekaten menggah atur pambagyo ,tatas,titis kanti boso lan ukoro ingkang runtit datan mboten wonten ingkang karempit. 4. Adicoro sak lajeng ipun ingggih puniko lereman ingkang sepisan. Wedal kulo aturaken dateng poro pramuladi sak cekapipun. 5.

Adicoro sak lajeng ipun inggih puniko Pasrah saking pihak besan ingkang badhe di pun salirani deneng panjenenganipun Bopo …………..wedal soho sasono wicoro kulo aturaken sak cekapipun. Mekaten menggah pasrah saking pihak besan tatas,titis kanthi boso soho ukoro ingkang runtut datan mboten wonten ingkang karempit

6.

Poro rawuh kakung miwah putri ingkang sinugoto ing pakurmatan ,Sak lajengipun kulo ancikaken adicoro sak lajeng ipun inggih puniko panampi pasrah ingkang badhe di pun salirani deneng Bopo……………….wadal soho sasono wicoro kulo aturaken sak cekap ipun.

Mekaten menggah panampi pasrah kanthi tatas,titis datan wonten ingkang karempit. 7. Salajengipun kulo ancikaken adicoro ingkang sak lajengipun inggih puniko Ijab Qobul.Dumateng bapak petugas saking Kantor Urusan Agama kec. Prambanan kulo sumanggakaken. 8. Salajengipun kulo ancikaken adicoro sak lajengipun inggih puniko Sabdo Tomo/ ular2 ingkang badhe dipun salirani dening Bopo…… 9. Salajenipun kulo ancikaken adicoro ingkang sak lajengipun inggih puniko lereman ingkang kaping kalih. Dumateng pramuladi wedal kulo sumanggakaken. 10. Poro rawuh kakung miwah putri ingkang winengku ing suko rahayu,Sak meniko kulo ancikaken adicoro sak lajengipun inggih meniko panutup. Saderengipun dipun tutup,sedoyo kekirangan soho kelepatan kulo anggen ngaturaken lampahing adicoro kulo nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami. Salajengipun monggo kito tutup kanthi maos” Tahmid”menggah ingkang ngrasuk agami islam ,dene ingkang ngrasuk agami sanes kulo sumanggakaken. Wassalamualikum wr.wb. Kulo suwun dtemanten sarimbit jengkar saking sasono rinenggodi pun amping2i room ibunipun jumeneng wonten sangajengipun dalem pawiwahan saperlu jawat astodhateng poro tamu.

3. Mangayubagya Assalamualaikum wr.wb. Langkung rumiyen ngaturaken agenging panuwun dhumateng sederek kulo pranoto adi coro ingkang sampun kepareng paring wedal dhumateng kulo. Kawilujengan,kasarasan sih nugrahaning Gusti Ingkang akaryo bawono mugi tansah kajiwo soho kasariro dhumateng poro rawuh kakung miwah putrid tuwin kulo. Poro rawuh kakung miwah putri ingkang sinugoto ing pakurmatan kepareng kulo nggempil kamardikan panjenengan, ingkang nembe sami pangandikan kanthi imbal wacono ,badhe kulo ginakaken matur dhateng ngarso panjenengan sanajan to naming satunggal klimah. Poro pepundhen,pinisepuh soho sesepuh ingkang buntas ing pamawas soho luhuring budhi pantes minongko panutaning poro mudho, ingkang satuhu kulo bekteni. Poro rawuh kakung miwah putrid ingkang sinudarsono, pangaksami dhateng kulo,awit kulo kumowantun ngadeg njejer dhateng ngarsopanjenengan sami. Jalaran kulo kapitadhos dhening Bopo……….tuwin ibu, minongko sulih saliro talanging atur dhateng ngarso panjenengan sami. Esthining manah Bopo………tuwin ibu badhe matur piyambak dhateng ngarso panjenengan sami.Inggih awit saking bombonging manah,badhe matur piyambak mboten saged kawiyos ing lisan naming tansah kandheg wonten samadyaning jonggo , pramilo kulo ingkang piniji matur dhateng ngarso panjenengan sami. Poro rawuh kakung miwah putrid ingkang sinugoto pakurmatan,saderengipun kulo angaturaken wosing gati, monggo sareng2 kulo dherekaken hamengku pujo puji dhateng ngarso dhalem Gusti ingkang Moho Agung ,ingkang tansah paring berkah ,rohmat soho nikmat, mapintenpinten kanikmatan . Langkung2 bab kawilujengan soho kasarasan ingkang tansah tumandhuk panjenengan sami dalasan kulo. Saenggo rikalenggahan meniko kulo lan panjenengan sami saged ngestreni lan nderek mangayu bagya dhateng Bopo……….. tuwin ibu ,anggenipun miwoho ingkangun putro putrinipun Poro rawuh kakung miwah putri ingkang minulyo,Bopo…………..soho ibu……….,sepisan ngaturaken pambagyo wilujeng awit rawuh panjenengan sami. Ingkang angka kalih ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpo pepindan,dene bapak soho ibu sampun kepareng hangentengaken saliro nglonggaraken penggalih saperlu minangkani atur panuwunipun Bopo………..sekaliyan . Poro rawuh ingkang winengku suko basuki,Bopo………..soho ibu ngaturi panjenengan sami, Bopo……….netepi darmaning tiyang sepuh,inggih meniko miwoho ingkang putro ingkang sesilih roro ayu………..pikantuk bagus……..yogonipun Bopo………ingkang pidalem ing……….kalurahan……………kecamatan………..kabupaten………….

Poro rawuh ingkang winengku ing suko rahayu, Bopo…..nyuwun gungan dhateng panjenengan sami,mugi2 Bopo……anggenipun miwoho ingkang putro wiwit purwo madya lan wusono tansah manggihi widodo wilujeng kali sing rubedho. Inggih awit donga pangestu panjenengan mugi2 risang temanten sarimbit dadoso ngantos kaken2 ninen2 ,gesang reruntungan rerentengan kados mimi lan mintuno. Mekanten ugi anggenipun mbangun bale wismo gesang bebrayan wonten madyaning masyarakat agung, tansah manggihi widodo wilujeng kali sing rubedha ,kasembadan ingkang sinedya. Ugi mboten kesupen Bopo………….sakaluargo ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpo ipami dhumateng poro sedherek,sanak kadang ,tonggo tepaleh soho poro wiranem mudo lan mudi ingkang sampun kepareng nyengkuyung mbantu bot repotipun Bopo………..anggenipun miwoho putro,wiwt purwo,madyo,dumugineng wusananipun pawiwahan . Bantuan menopo kemawon dipun sok aken dhumateng Bopo…………sae arupi tenogo, bandha,sarto penggalihan,saenggo saget angenteng ngenteng aken ingkang dados bot repotipun Bopo……… sakaluargo. Awit saking kesaenan panjenengan wau Bopo……… mboten saget angaturaken pinwales menopo2 kejawi naming nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang moho Asih, mugi2 awit kesaenan panjenengan wau pikantuk ganjaran samurwat ,keporo langkung saking meniko. Poro rawuh kakung miwah putrid ingkang winengku ing karaharjan. Bopo………..soho ibu……… kanthi andhap asoring manah, mugi poro rawuh tansah angluberaken sih samudro pangaksami dhumateng Bopo……… sakaluargo, menggah sedoyo kekiranganipun,sae anggenipun nyaosi papan palenggahan, sae anggenipun nyaosi pasugatan, ingkang sruwa sruwi sarwo nguciwani. Kulo kinten kirang langkungipun makaten ingkang dados aturipun dhumateng kulo.

Bopo………. Ingkang lumantar

Poro rawuh ingkang minulyo,mbok bileh samangkeh poro wiranem, poro pramuladhi angaturaken pasugatan menopo kemawon,ingkang sampun kaaturaken wonten ngarso panjenengan ,keparengo panjenengan sami,ngasto dhahar ingkang prayogi kulo dherekaken. Ingsalajengipun ngengingi pribadi kulo,kulo nglenggono inggih awit saking cubluk ing kulo, kirangipun seserepan kulo,temtu kemawon kathah kelepatan kulo ,sae bab trapsilo,subo sito,toto krami,menopo malih anggen kulo ngrakit boso ukoro,tuwin samsah tumpang suh ,saenggo kirang mranani penggaleh panjengan sami,kanthi anurogo kulo nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami dhumateng poro rawuh kakung miwah putrid. Jenang selo wader kali sesondheran .Apuronto sedoyo lepat kulo. Billahi topik wal hidayah ,wassalamualaikum wr.wb.

4. Panampi Pasrah Pengantin Assalamualaikum wr. Wb Matur nuwun dhateng sederek panoto wicoro awit paringipun wekdal. Kawilujengan saha kesarasan sih Nugrahaning Gusti ingkang akarya bawano mughi tansah kajiwa saha kasaliro dhumateng poro tamu kakung miwah estri tuwin kulo. Poro pepundhen ,pinisepuh ,saha sesepuh ingkang buntas ing pamawas saha luhuring budi. Poro rawuh kakung miwah putri ingkang pantes sinudarsono mugi jengandiko sami tansah kepareng angluberaken sih samudro pangaksami. Mboten ateges kulo ngirangi unggah ungguh , sopan santun soho toto krami. Inggih awit kulo piniji sulih saliro ,talanging atur, matur dhateng jengandiko sami. Poro rawuh kakung miwah putrid ingkang minulyo,sanadyan saderengipun bopo………. Sampun angrakit boso lan ukoro, esthining manah badhe matur piyambak dhateng ngarso jengandiko ,inggih awit bombongipun manah mboten saged kawedar ing lisan,hamung tansah kandheg wonten samadyaning jonggo, pramilo bopo………….miji dhateng kulo. Kulo hatinanggenah minongko sulih saliro talanging atur nanggapi utawi anampi saking pihak besan. Saderengipun kulo anampi pasrah saking pihak besan, monggo sareng 2 kulo derekaken muji syukur dhateng ngarso dhalem Gusti ingkang Moho wikan, ingkang tansah paring barokah,rohmat soho nikmat,mapinten2 kanikmatan langkung2 bab kawilujengan soho kesarasan ingkang tumanduk dumateng jengandiko soho ,kulo, sahenggo ri kalenggahan meniko saget ngestreni bopo……anggenipun miwoho ingkang putro ingkang sesilih roro ayu………….pikantuk bagus………. Putranipun bopo…….ingkang pidhalem ing dusun…….. Poro rawuh ingkang winengku suko basuki,mugi amereng aken kulo nanggapi utawi nampi pasrah saking besan. 1. Pangarsaning duto saroyo,angaturaken salam taklimipun bopo…….mugi katur dhateng bopo……..sakaluargo. Bopo…… angatur aken agenging panuwun ingkang tanpo pepindan lan katampi kanthi gembiraning manah,kanthi atur , Wassalamualaikum wr.wb. Kasok wangsulipun Bopo……. Ugi ngaturaken salam taklim dhateng bopo…… sakaluargo kanthi atur Assalamualaikum wr.wb. 2. Bopo………. Ugi angatur aken sarono mas kawin arupi seperangkat alat sholat, kinanten rerangken sanggan ,majemuk,lan angsal2. Sedoyo paringipun bopo……… Bopo………

3.

4.

5.

6.

anampi kanthi angaturaken agenging panuwun tanpo upami. Awit kesaenan bopo…….mugi pikantuk ganjaran saking ngarsanipun pangeran ingkang moho Asih,selaras kaliyn kesaenanipun, kepareng langkung saking meniko. Bopo………. Ugi ngaturaken sarono ingkang arupi arto,kinanten rerangken sanggan,majemuklan angsal2 sedoyo paringipun bopo…….. bopo…….. anampi kanthi angaturaken agenging panuwun ingkang tanpo upami. Awit kesaenanipun bopo……. Mugi pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Pangeran ingkang moho Asih ,selaras kaliyan kesaenanipun ,keporo langkung saking meniko. NB : Bopo………….ugi paring sangsangan (gelang) lan sesupe (cincin) kagem temanten putrid. Bopo………….ugi ngaturaken calon temanten kakung ingkang kekasih bagus……….. kanthi pamundhut mugi bopo ……..kepareng angijabaken kaliyan putrinipun ingkang miyos estri,ingkang sesilih Roro Ayu ………….netepi darmaning asepuh ,Bopo………. Ugi nyagahi menggah ijab ping temanten. Sapari purnaning pawiwahan ,bopo…….. mundhut mugi temanten sarimbit dipun lumarapaken dhateng dhalem ipun bopo………. Saperlu sungkem kaliyan tiyang pinisepuh lan sanak kadang. Bab lumaraping temanten sarimbit ugi badhe dipun leksanani. Separipurnaning pawiwahan rombongan saking pihak besan badhe medhal pasilan ,mundhut pamit kondur. Pamundhut wau bopo……….anglilani, namung bopo……..bhoten saged ngaturi menopo 2,kejawi naming nderekaken sugeng kondhur ,mugi2 wiwit bidhalipun saking papan meniko ngantos dumugi dhalemipun piyambak2 tansah manggihi widodo wilujeng lir ing rubedho pinanggih kuluwargo. Sapengker panjenengan ,kuluwargo ugi mekaten. Poro rawuh kakung miwah estri ingkang winengku ing suko rahayu, inggih awit cubluking seserepan kulo.Kulo nglenggono temtu tansah tumpang suh anggen kuylo angrakit boso lan ukoro, saenggo kirang nuju prono . Pramilo kanthi anurogo andhap asoring manah, kulo nyuwun lumebering sih samudro pangaksami. Jenang selo wader kali sesondheran ,apurontho sedoyo kelepatan kulo.

Wassalamualaikum wr.wb.

5. DOA UTK TEMANTEN Auudzubillahi minasysyaitonirrojim Bismillahirrohmanirrokhim Allhamdulillahirobbil alamin, hamdasy syaakiriin, hamdan naaimin,hamdan yuwaffiu mayyidah, ya robbanal kamdu,kamma yanbaghi lijjalali, waj hi kal karrim, waadziimi sulthonik,. Alloohumma sholli alla Muhammad, wa alla alihi, was oh bihi aj main. Robbi auziibni an sya kuro nik matakallati an amta allaya ,wa ala wallidayya wa an amala sholiha tardhohu, wa aslihli fi yurriyati inni tubtu ilaika wa inni minal muslimin. Robbana dzolamna anfu sana , wa inlam taghfirlana,wa tarhamna lanna kunanna minaall khosirin. Robbana innana samikna munadi ya yunadi lil iman , an aminu bi robbikum fa aamanna , robbana fagfirlana dzunu banna, wa kaffi syyi aatina , wa taffana ma al abror, innaka la tuh liful mi at. Innaka alla kulli syain khodhir. Robbana la tu akhidna , inna sinna au ahthokna , robbana wa la tahmil alaina, isron kamma hamaltahu alalladzina min khoblina, robbana walla tuhamilna maa laa thokota lana bih, wakfu anna, wagh firlana ,war hamnaa antaa mau lanna, fan surna alal kauimil kafirin. Robbana hablana min azwa jina, wa zurriyatina kurrotan akyunin waj alna lil muttakiina imamma. Robbanaj alna fi hadzannahari , awala solaha, wa au satuhu fa laha ,wa akhiruhu najaha. Allohumma towwil umurona wa ahsih jasadana wa barik rozakana. Allohumaj al baina huma, kama baina Adam wa Hawwa, wa Yusuf wa Yulaikha, biroh matika ya arkhama rohimin. Robbana la tuzik kullu banna, bak da idz hadai tanna, wa hab lanna milladun kharomah, innaka antal wahab. Robbana atina fi dunya hasanah, wa fil akhiroti hasanah, wa kina adza bannar. Subhana robbika robbil izzati amma ya sifun, wassalamu alal mursalin. Wal khamdu lillahi robbil alami. Wassalamu alaikum wr.wb.

Related Documents


More Documents from "Arif Muttaqin"