Wewarah Atau Ular-ular

  • November 2019
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Wewarah Atau Ular-ular as PDF for free.

More details

  • Words: 662
  • Pages: 3
WEWARAH / ULAR-ULAR Bab-bab . Lampah-lampahipun tiyang mangudi "KAPRIBADI" puniko mekaten : 1. Kedah wonten sederek ingkan nuntun, kedah wonten ingkang mernahmernahaken lan kedah dipun sukani semerep, kados pundi cara-caranipun, kados pundi patrap-patrapipun lan kados pundi kunci-kuncinipun. 2. Ingkan dipun wastani kunci inggih puniko, sarana lan patrap kados pundi supados sagetipun pinanggih lan pangandikan kaliyan SEJATINING PRIBADI utawi SEJATINING GURU ingkang wonten ing guwo garba panjenengan piyambak.Senajan anggen panjenengan bahde saget pangadikan kaliyan SEJATINING GURU puniko, kedah sarang pangadikan langkung rumiyin dating sederek panjenengan 4 perkawis.(Anasir salebeting badan)ingkang dipun wastani pengasuh 4 ingkang gadah watak lan warni piyambak-piyambak. 3. Wondeni nami-nami lan watak-watak ing sederek sekawan puniko kados mekaten, jroning badan puniko wonten prabot-prabot ingkang ginaaken ponco idro inggih puniko :Kados ingkang kasebat ing daftar nginggil puniko nami watak lan panggenan saha wujud lan panca indranipun sadherek panjenengan 4 cacahipun ingkang badhe dados pengasuh pribadi panjenengan. Menawi panjenengan sampun lulut lan kulino,saged pangankan dateng sadherek panjenengan sekawan , lajeng dipun paringi wewarah-wewarah, piwulangpiwulang ingkang tumuju dhateng kasaenan lan kasampurnaan.Semanten ugi menawi panjenengan sampun pikantuk piwulang kathah-kathah saking saderek panjenengan sekawan cacahipun kasebat ing nginggil gantosgumanthos, nembe panjenengan badhe pinanggih lan saget pangandikan dateng SEJATINING PRIBADI utawi SEJATINING GURU. Guru sejati puniko ingkang badhe paring piwulang-piwulang dhateng panjenengan ingkan mboten owah gingsir. Inggih piwulang bab kasampurnaan lan kapribaden. Sampurnaning urip, Sapurnaning pati lan Sampurnaning Raos Kapribaden, lan sanes-sanes piwulang ingkang tumuju dhateng kasaenan lan kamanusiaan. Pramilo ingkang jejer dados GURU inggih panjenengan piyambak inggih puniko GURU SEJATI ingkang wonten guwagarba panjenengan.Wondene saderek utawi tiyang ingkan nuntun lan ingkang nedah-nedah aken cara-cara lan kunci-kunci badhe pangandikan kaliyan sedherek 4 lan Sejatining Guru kados kasebat ing nginggil puniko mboten kenging dipun anggep utawi dipun sebat GURU, WIKU utawi PANDITA, Nanging naming jejer Saderek sepuh.

NO 1 2 3

NAMI ISLAM ALUAMAH Nafsu pepenginan pangan AMARAH Nafsu pepenginan kamurkan SUPIYAH Nafsu pepenginan barang-barang kadonyan MUTMAINAH Nafsu dhateng Welas Asih/tarak brata

NAMI DUNUNGIPUN RUPI KAPRIBADEN Manuraga Watak Ireng

TUTUK

Maradewa

Amperu

Abrit

KARNA

Manoragada

Limpa

Kuning

NETRA

Manarawa

Balung

Putih

GRANA

PANCO INDRO

Dipun anggep sesepuh sebabpipun saderenge langkung rimiyin mangertosi kunci-kunci dan patrap-patrapipun Kapribaden, pramilo wajig dipin sebab Sesepuh, Nanging sanes guru. 4. Pawitane tiyang badhe ngudi KAPRIBADEN puniko : 1. Kedhah pitados dhateng diri pribadi 2. Kedhah pitados dhateng ingkang murbeng jagad 3. Kedah pitados dhateng sukmo sejati Kanti sangu kapribaden 3 perkawis kasebat ing nginggil, lan dipun lambari sabar, tawakal, temen lan mantep, panjenengan tente badhe enggal saged kadunungan punapa ingkang dados tujuan lan panggayuh, inggih puniko saged mangerteni lan saged pangandikan dhateng “SUKMO SEJATI” utawi “ GURU SEJATI”. 5. Menawi panjenegan sampun saged pangandikan dating Sejatining Guru, panjengan mboten kengen salin slaga, kumingsun lan ngedel-endelake dhateng kapribaden panjengan puniko. Semanten ugi panjenengan kedah nilarake dhateng sifat-sifat lan watak-watak : 1. pamer 2. bener 3. dleder Malah panjenengan kedah soyo temen lan tumemen ngudi amrih sampurnaning Kapribaden Panjenengan, panjenengan kedah purun kanthi iklas ngamalaken kawruh kapribaden panjenegan kange kepentingan kemanusiaan, sepi ing pamrih lan mboten kenging nedha imbalan jasa awujud punopo kemawon. Wewarahing Gaib ingkang alelantaran Guru sejati utawi Sukmo Sejati mboten kenging kangge makarti ingkang gadah tujuan awon, jahat, lelemeran, ugal-ugalan, coban-coban lan brangasan, nanging kedah kangge makarti ingkang gadah tujuan dhateng kebecikan, kaluhuran, karahayon, keslametan, kesucian,kesudarman lan kamanungsan, kangge anyengkuyung adeg jejeging Pemerintah lan Negari Republik Indonesia, tumusipun dhateng HAMEMAYU HAYUNG JAGAD.

Gandhengipun dhateng adeging wadhah Paguyuban Kulowargo Kapribaden puniko kulo saget nayogyani lan mangayubagyo, sebab kanti wontenipun wadhah kulowargo kapribaden puniko ateges bilih panjenengan sadoyo para penaganut kawruh Kapribaden badhe sak iyek sakeko kapti mlebet dating satunggaling wadah kanti tujuan : Kerukunan lan Persatuan. Ingkang ateges rukun lan bersatu, ngudi sampurnaning Kapribaden lan sesarengan ngamalaken kawruh kapribaden puniko kangge kepentingan nusa lan bangsa, masyarakat lan Pemerintah Republik Indonesia, menuju dhateng Hidup Rukun Gotong Royong – Gemah Ripah Loh Jinawi Nuwun Solo, tanggal 31 Agustus 1975 Pangayoman, TTD (ANGGORO) NB : Ini salah satu Ular-ular dari sesepuh kapribaden pada waktu itu * Ular ini lanjutan dari Tulisan dengan judul MANUNGGALING RAOS KAPRIBADEN

Related Documents

Wewarah Atau Ular-ular
November 2019 19
Cour Atau
December 2019 28
Kau Atau Aku - Elyana
November 2019 42
Pemenang Atau Pecundang.docx
December 2019 21