TUGAS KELOMPOK BAHASA JAWA Kelas
:
XII – IPS 4
SMA PGRI 1 JOMBANG Tahun 2018/2019
Nama Kelompok : 1. 2. 3. 4. 5. 6.
Fahrel Setiodi Salsabila R. Ahmad Latif Ardi Dwi Kurnia Moch. Imron Wahyu Moch. Rafly R.
“Persahabatan dan Percintaan” Babak 1 Isuk iku Rafly lan Sabila lagi lungguh ing njeroning kelas. Dereng wonten murid sing teko sakliyane wong loro kuwi. Rafly
: “Bil, pelajaran dino iki ono pr nggak?”
Sabila
: “Sek, tak delok e disek.” (Langsung njupuk buku ing tas.e) “Kayak e se ora ono.” Latif melbu ing njroning kelas.
Latif
: “Assalamualaikum.” (salam Latif ing ngarepe lawang kelas)
Rafly lan Sabila : “Waalaikumsalam” Latif
: “ Kalian lapo rek?”
Rafly
: “Enggak, gak lapo-lapo kok.” Latif langsung lungguh ing ngarepe bangkune Rafly lan Sabila.
Rafly
: “Tif, dino iki ora ono pr utowo ulangan kan?”
Latif
: “Sek sek, (ambek mikir-mikir) ono! Dino iki ulangan IPA!”
Latif langsung ngetokake buku catetan IPA sing ono ing njero tas e lan langsung sibuk moco catetane. Rodok suwe, Ardi melbu ing njroning kelas. Latif
: (Ngguyu-ngguyu dewe ndelok Ardi melbu)
Rafly
: “Di, engkok awakmu konsultasi tugas BI a?”
Ardi
: (lungguh ing panggonanane) “Iyo, opo o i ?”
Rafly
: “Nggak, nggak po po kok. Mek takon tok.”
Sabila
: “Di, sing wingi iku temenan a?” (Pitakon Sabila kaleh ngekek i kode marang Ardi)
Ardi
: “Nggak usah ndek anggep serius masalah wingi iku, aku mek guyon tok kok” Lalu, Odi melbu ing kelas, lan langsung lungguh ing panggonane.
Odi
: “Bil, ono sesuatu sing kate tak kekno nang awakmu”
Rafly
: “Kate ngekek i opo awakmu ?”
Odi
: “Aku nggak bicara sama kamu, pinging eroh ae, Sabila ae biasa.”
Sabila
: “Emang kate ngekek i opo awakmu?”
Odi
: “Engkok ae” Ing tengah-tengah pelajaran, Odi maringaken buku pelajarane marang Sabila.
Rafly
: “Opo iku Bil?” (Ngintip bukune Odi)
Sabila
: “Coklat maneh??” (Sabila Ngomong alon)
Rafly
: “Maneh? Arek iku pingin awakmu gendut paling, kok ngekek i coklat terus hehe.” : “Iyo palng, hehe”
Sabila Babak 2
Pas wektune wangsul sekolah, Rafly, Sabila lan Wahyu lungguhan ing tangga lan ngerjakake tugas BI. Rafly
: “Bil, awake dewe sido dolen nandi?”
Sabila
: “Nggak ngerti, aku melok Wahyu ae. Nyacak takok o Wahyu.”
Thalita
: “Oke” (Langsung ngalih nang panggonane Wahyu)
Wahyu
: “Emange awakmu kate nanadi se rek?”
Sabila
: “Kate dolen, ayo melok a Yu?”
Wahyu
: “Enggak wes, males i aku.”
Sabila
: “Yowes lek ngono.”
Wahyu
: “Bil, aku muleh disek yo. Tugas e garek mek titik. (langsung ngalih) Dah, Sabila”.
Sabila
: (Melambai nang Wahyu)
Babak 3 Latif tiba-tiba mlayu ngampiri Sabila Latif
: “Bil, delok en talah. Kaet maeng Odi narik-narik tasku terus” (Wajah cemberut)
Sabila
: “Odi !!” (Mendeliki Odi) Rafly mlayu nang sabila lan Latif
Latif
: “Ono opo Fly?”
Rafly
: “Uwes, ayo budal. Jare Adam awake dewe nonton nang Matos.”
Sabila
: “Yowes, ayo budal.” Ing njeroning angkot perjalanan nang Matos, Rafly mbisiki Sabila.
Rafly
: “He, tak kandani. Awakmu engkok ojo terlal cedek-cedek karo Odi.”
Sabila
: “Iyo, aku yo gak kepingin terallu cedek karo areke.”
Ing njeroning bioskop, Odi lan Sabila terus cekel-cekelan tangan. Rafly dadi pegel, tibakno Sabila ora ngrungokake opo sing diomongno maeng.
Rafly
: “Bil, yokpo lek ojo gandengan tangan terus?”
Sabila
: “Uwes tak cobak ngeculno Fly, tapi tetep ae areke gak gelem ngeculno”
Rafly
: “Yo nggawe alasan njupuk ngombe tah yokpo ngono cek iso ngeculno” Akhire Sabila ngeculake tangane
Odi
: “Lho, opo.o kok diculno?”
Sabila
: “Gak popo o kok.”
Odi
: “Yoweslah gak popo lek ancen awakmu kepingin ngono” Film wes entek, bocah-bocah kumaeng podo mulih.
Babak 4 Isuk.e kayak biasane. Murid-murid pada pelajaran. Ing sela-selane pelajaran, guru mbagikake hasil try out. Sawise ndeleng hasil try put, Sabila kaget amarga nilaine Odi mudun. Sabila pun mboten ngreken Odi. Odi
: “Sabila..”
Sabila
: “Hmmm...”
Odi
: “Awakmu opo.o? diceluki kok gak ngreken ngunu”
Sabila
: “Gak popo, biasa ae” Amarga bingung ambek sikape Sabila. Odi nakokake masalah kuwi marang Latif.
Odi
: “Latif, aku oleh takok a?”
Latif
: “Iyo, takok opo?”
Odi
: “Kiro-kiro Sabila iku opo.o yo? Akhir-akhir iki sikape aneh nang aku”
Latif
: “Mungkin gara-gara awakmu nglakokno hal sing nggarai areke mangkel utowo opo ngono, aku kan nggak begitu eroh.”
Odi
: “Koyok.e se sak elingku aku nggak nglakokno hal sing nggarai areke mangkel”
Latif
: “Yo cobak takokno nang konco cedek.e”
Odi
: “Iyo tak cobak.e” Sawise kejadian maeng, Odi takon nang Wahyu.
Odi
: “Wahyu, Sabila opo o se, koyok e lagi ndue masalah”
Wahyu
: “Guduke lagi ndue masalah, lek menurutku se koyok e Sabila mangkel nang awakmu gara-gara nilai try out mu mudun”
Odi
: “O iyo, bisa jadi”
Babak 5 Amarga sikap Sabila sing cuek, akhir-akhir iki Odi sering cerita ambek Latif. Ndelok kecedekane arek loro iku, Ardi ngrasakake hal sing aneh. Akhire Ardi nakokae hal iku nang Latif. Ardi
: “Latif, awakmu ono hubungan opo karo Odi? Opo awakmu dulure Odi?
Latif
: “Gak ono hubungan opo-opo, aku ambek odi iku mek koncoan tok.”
Ardi
: “Yowes, kali iki aku percoyo nang awakmu”
Amarga ngerasa tetep ragu, akhir-akhir iki Ardi sering cerita tentang Latif nang Sabila. Ardi lan Odi saling cerita masalah pasangane dewe-dewe. Babak 6 Sawise saling curhat, Sabila lan Ardi sepakat gawe ngakhiri pasangane dewe-dewe. Tapi, meskipun wes putus kudu tetep dadi konco gak oleh musuhan. Ing suatu dino, Sabila ketemu kaleh Odi lan nyritakake maksude. Sabila
: “Odi, lek misal.e kita putus. Kita tetep iso dadi konco kan?”
Odi
: “Iyo lah, iku pasti. Tapi ojo sampek putus”
Sabila
: “Tapi, sepurane yo. Aku kudu ngakhiri hubungan ini”
Odi
: “Opo.o?”
Sabila
Odi
: “Aku kepingin fokus nang pelajaran trus nglanjutno nang sekolah militer ndek Magelang. Lagian, gara-gara kita pacaran nilai kita juga turun kan, terutama nilai try outmu. Dadi luwih apik kita gak pacaran disek cek gak ngganggu pelajaran” : “Yowes, lek ancen iku sing awakmu kepingini, aku ngerti. Mungkin iki ancen sing terbaik”
Babak 7 Sawise lulus tekan SMA, ke 6 sahabat iki ngumpul gawe pertemuan terakhir ambek Sabila. Amarga Sabila bakal nglanjutake sekolah ing Magelang. Rafly
: “Awakmu ndek kono sing sehat yo, ojok lali karo aku”
Kabeh
: “Iyo, awakmu yo ojo lali karo awake dewe”
Sabila
: “Siap, aku gak bakalan lali karo awakmu kabeh rek”
Akhire, mereka sadar yen belajar lan bersahabat iku luwih penting ketimbang ngurusi masalah percintaan. Lan mulai saiki ing kuliah e ke 6 sahabat iku bakal konsentrasi penuh marang pelajaran lan ora mikirake urusan cinta. Amarga gara-gara cinta ngajurake masa depan.