PAMIT IBU Ing sawijining dina, ing SMA 1 Pati ana pengumuman ketampa nang universitas lewat jalur SBMPTN. Sumiyem lan kanca-kancane seneng amarga ketampa nang universitas sing diimpikake. Wati
: “Eh Sum Sum, kue ketampa ning universitas ndi?”
Sumiyem
: “Ing STAN aku, lha kue ning ndi?”
Wati
: “Wah, cocok Sum. Podo aku.”
Sumiyem
: “Walah, mulo leh? Yowis kene mangkate mrono bareng wae ya.”
Wati
: “Iyo Sum, cocok iku. Aku wes digolekna kangmasku kos-kosan nek sak cedake Kampus. Apa ngene ae, kue karo aku ngekos bareng. Pie gelem ra?”
Sumiyem
: “oke, setuju aku nek ngono. Sesok Senin kene mangkat bareng wae ya? Numpak bis bareng-bareng karo kancane.”
Wati
: “Iyo Sum. Ngumpul jam 5 sore wae ya nek terminal. Nek aku durung tekan, nteni diluk ya.”
Sumiyem
: “Alah alah, wes tau ah kue iku senengane telat terus. Yowis ayo saiki bali muleh wae ti.”
Wati
: “Iyo sum.” Pas wis tekan omah, Sumiyem kanda karo Simbahe.
Sumiyem
: “Assalamualaikum, mbah kula sampun wangsul.”
Simbah
: “ Waalaikumsalam. Iyo ngger.”
Sumiyem
: “Mbah, Alhamdulillah kula ketampa ing STAN.”
Simbah
: “Ya Allah, putuku pinter e. Alhamdulillah ngger.”
Sumiyem
: “Senin kula badhe menyang kutha ningali kos-kosan kula mbah, kalihan rencangrencang kula.”
Simbah
: “Iya ngger, sing ati-ati. Oiyo, sesuk kue budhal o ning Semarang marani Ibumu, njaluk restu lan donga nggo kelancaran lan kesuksesanem.”
Sumiyem
: “Nggih mbah. Enjang enjing kula tak menyang Semarang. Kula ajeng teng kamar rumiyen nggih mbah, badhe siap-siap”
Simbah
: “Iyo ngger.”
Ing wayah esuk dina Minggu, Sumiyem mirunggan sowan ibu kandhunge sing daleme aneng liya kutha. Beja dina iku ibune Sumiyem ing ndalem. Dadi bisa ketemu lan pamit sadurunge Sumiyem budhal menyang Jakarta. Sanajan dheweke kuwi bocah ndesa, ananging duwe beja bisa ketampa sekolah akuntansi ing Jakarta. Sumiyem
: “Assalamualaikum” sinambi mencet bel omah gedongan
Ibu Sumiyem : “Walaikumsalam” metu ibu ibu kang kemayu, gincu abang branang, lan kulit katon perawatan. Sumiyem
mulus
: “Ibu, kula Sumiyem, putrine njenengan biyen kang ibu tinggal 7 taun biyen”
Teks Naskah Drama “Bahasa Jawa” “Pamit Ibu”
1
Ibu Sumiyem : “Eh, kue mau Yem, arep lapo mrene?” njawab judes tanpa rasa kangen karo anakke kang oga tau ketemu 7 taun. Sumiyem
: “Bu, kula nyuwun pamit, mangke sonten badhe budhal dhateng Jakarta” Sumiyem matur kalih rasa melas.
Ibu Sumiyem : “Hah, Nyang Jakarta arep ngapa ta, Yem sumiyem? Ibune pitakon marang Sumiyem kanthi nada ngece. Sumiyem
: “Badhe kuliyah bu!”
Ibu Sumiyem : “Eee…! Kowe ki wis tamat SMA ta,Yem?” Sumiyem
: “Sampun bu, tahun niki nembe lulus, banjur niat kula nerusake wonten STAN, lah kula mriki badhe nyuwun pangestu ibu ugi nyuwun pamit!”
Ibu Sumiyem : “Opo? Malah arep nerusno nek Jakarta? Kutho seng ono monase kuwi? Heh (sinambi mringis ngece) Setilah!! Cah wedok sekolah duwur duwur. Paleng ngko yo pol pole kawin, meteng, nduwe anak atek trus dasteran ngurus anak” Sumiyem
: “Sekolah kuwi penteng buk, pendidikan kuwi bakal nentukke awak dewe dados napo wonten dino ngajeng.”
Ibu Sumiyem : “halah, biyen aku SMP oga lulus wae iso dadi wong tajir melintir koyo ngene kok, oga koyo bapakmu kuwi seng lulus sarjana malah mati ndisikki, trus, opo seng ditinggalno nek kuwe? Oga ono…” Sumiyem
: “nggih pancen bapak mboten ninggali kulo materi, nanging bapak sampun ninggali kulo ilmu lan tekad kangge maju.”
Ibu sumiyem : “halah cah cilik mondo uplik ngomong ngunu” Sumiyem
:” inggih mpun bu, kulo mboten purun debat kaleh njenengan, kulo mung pengen pamit ugi nyuwun restu kalian ibu, nanging bilih ibu gadah arta, kulo nyuwun sangu kedhik kangge sangu kesah Jakarta”
Ibu Sumiyem :”loh malah, nyaluk sangu bocah iki, kue mau wes takandani yen cah wadon kuwi oralah sekolah duwur duwur, luweh becik kue iki kawen karo wong panggede ben penak uripmu kuwi. Loh kok malah njaluk sangu? Ngertiyo yem, aku iki ditinggal mati bapakmu ora entuk opo opo!aku kawen meneh iki lagi ngrasakno penak uripku, langsung manggon omah sundha telu, mobil kari mileh arep nganggo seng ndi merek mancanegara opo wae ono! Supir cemepak kari ngundang! Loh kok penak nemen kue njaluk sangu. Jan jane aku iki seng njaluk warisan nek simbahmu kuwi.. iya allah aku mau lagi ileng yen aku durung tau entuk warisan soko bapakmu. Aku iki yoh bojo seng sah jane yoh entuk warisan kok malah nganti saiki ora entuk, maturnuwun yem kue moro mrene aku dadi ileng beneran!beneran! ngger ngger…! Bapak kwalon Sumiyem teko (Sumiyem salaman nanging tangan bapak kwalone mung ditempelke sedelok oga gelem diambung sumiyem banjur sumiyem mlongo tok weruh bapak kwlone lan ibune) Bapak kwalon :” ono opo tah mah, kok rebut rebut” Ibu Sumiyem :” pah, aku arep moro pati, nek omahe morotuaku biyen, arep njaluk warisan” kondo karo wajah sumringah Bapak Kwalon :” loh lapo njalok warisan, paleng sak upil tok, ijeh akeh donyaku mah”
Teks Naskah Drama “Bahasa Jawa” “Pamit Ibu”
2
Ibu Sumiyem :”Gaopo pah, iki kan wes hakku, lumayan iso dienggo tuku tas anyar siji seng koyok tase princes syahrini kuwi loh” Bapak Kwalon : “ yowes mah, gaopo aku oga iso nglarang kue mah, aku kan sayang kamu mah” Ibu Sumiyem :”mamah juga sayang papah, I lop yu pull pah..” Bapak Kwalon :”love yu to mah…” Sinambi gandeng tangan Ibu Sumiyem : “Pak aku nganggo supir nomor 2 yoh, soalle seng nomor 1 lagi mudik” Bapak kwalon : “iyoh mah, terserah kamu aja, apasih yang enggak buat kamu” Ibu Sumiyem :”matur suwun pa” “ pir sopirr..! Sopir
:”dalem ndoro ibu ingkang ayu ayu dewe”
Ibu Sumiyem : “siapno mobil, aku arep menyang pati” Sopir
: “ inggih ndoro ibu, mangke ngersakke nitih mercy, BMW, lamborghini, napa Harrier?
Sumiyem
: “ya allah mobile akehe”
Ibu Sumiyem : “pah, arep ngagem mobil seng ndi tah pah?” Bapak Kwalon : “ papah ora nek kantor mah, iki dino minggu, kantore liburr” Ibu sumiyem :” oh iyo pah,yowes mamah budhal riyen nggih” Bapak Kwalon :” titi dije mah…” Ibu sumiyem : “opo kuwi tah pah?” Bapak kwalon :“hati hati di jalan” sinambi mringis Ibu Sumiyem :” iyah papahku” Ibu sumiyem, sumiyem lan supire banjur cepet cepet lungo menyang pati. Sumiyem mung iso meneng lan ngrenungke kedadean 7 taun biyen ning njero mobil mewah bapak kualone karo nahan rasa ngeleh merga durung mangan opo opo kawet esuk. (Flashback) Pitung taun biyen, Sumiyem, simbahe, ibune lan bapakke urip ing omah biasa kang ono ing pojok deso Plangitan. Bapake sumiyem katon ngganteng ngangge rasukan sragam guru honorer ing SD cilik kang muride mung 81 mben dino senen nganti setu. Bayaran uga namung kedik mung cukup diengge mangan sedinane. mbok ngunu lah ibune sumiyem tetep sayang kaliyan bapakke sumiyem Bapakke Sumiyem
: “Buk, aku lungo kerjo ndisik yoh”
Ibune Sumiyem
: “Inggih pak, sumiyem pripun pak mangkat sekolahe? Sepedane sumiyem lagi bocor wingi ketubles pake pas balek sekolah”
Bapakke Sumiyem
: “wes bareng aku wae, aku mengko yo ngliwati sekolahe sumiyem kok”
Ibune sumiyem
: “Nggih mpun” “Sumiyem sumiyem yem sumiyem… cepet ndok bapak wes arep mangkat iki” Teks Naskah Drama “Bahasa Jawa” “Pamit Ibu”
3
Sumiyem
: “nggih pak buk, niki mpun kok”
Simbahe
: “Salen tok, suwene ngunu leh yem, rupane yoh podo wae” Sinambi rodo mringis
Sumiyem
: “Loh, ben manis mbah” “ Nggih mpun mbah, kulo pamit riyen”
Sumiyem banjur pamit lan salim kaliyan ibu lan simbahe Sumiyem
: “Asslamualaikum, yok pak”
Bapakke Ssumiyem
: “Yok”
Sumiyem lan bapakke budhl soko omah. Ibu lan simbahe sumiyem uga ora nduwe firasat opo opa ngenani sumiyem lan bapakke kuwi. Ora suwe sekitar 3 jam sakwise sumiyem lan bapakke budhal, simbahe sumiyem nggawe wedang kopi, oga ono gluduk oga ono udan ujug ujug gelas kang isine kopi ireng Utah lan pecah. Atine simbah dadi campur aduk lan langsung kepikiran sumiyem lan bapakke. Ora suwe ono polisi teko moro omah, ngabari ibu lan simbahe sumiyem yen sumiyem lan bapakke kene kecelakaan. Simbah
: “Mingkar mingku ing angkara…”
simbahe nembang sianambi ngaduk kopi, banjur mlaku lan nggowo wedang kopi mau. Ujug ujug ceblok lan uttah. Simbah
: “Astaghfirullah, iki ono opo gusti kok wedangku Utah, atiku kok dadi gaenak ngen gusti, mugo sumiyem lan anakku slamet nganti tekan tujuanne.
Ora gang suwe ono polisi gedor gedor lawing ngarep omahe sumiyem. Ibune sumiyem banjur bukak lawang. Polisi
: “nyuwun sewu, niki leres daleme bapak Sumarlan (Bapakke sumiyem) kaliyan Putine Sumiyem?
Ibune sumiyem
: “nggih lere pak, kula garwanipun bapak sumarlan lan ibukke Sumiyem, wonten nopo nggih pak”
Polisi
: “Bapak Sumarlan lan putrine panjenengan ngalami kecelakaan motor wonten ngajeng SMP 9 Pati (sekolahe sumiyem)”
Ibune Sumiyem
: “mboten pak, bapak salah tiyang mesti, menawi sumarlan tambal ban etan kali, mboten sumarlan niki” ibune Sumiyem ora percoyo
Polisi
: “mboten bu, bapak sumarlan guru SD leres mpun kok”
Ibu Sumiyem banjur lemes lan ndoprok nek ngarep lawang. Polisi
:”Buk, langkung sae ibuk enggal enggal nyiapke pemakaman buk, mergi bapak sumarlan sampun mboten wonten”
Ibune Sumiyem
:”ya alllah, oraa bojoku ijeh urippp…. Oga oga oga…” Ibune sumiyem tulung tulung oga percoyo.
Polisi
: “sabar bu niki cobaan. Kejawi punika putrine ibuk tasih slamet, niki nembe teng Rumah sakit.”
Teks Naskah Drama “Bahasa Jawa” “Pamit Ibu”
4
Tangga tangga banjur podo moro omahe sumiyem lan simbah kang ndungu brita kuwi podo wae lemes lan ora iso ngomong mung iso nangis. Tangga
: “Sabar bu niki cobaan”
Ibune sumiyem
:”cobaan opo? Bojoku mati yu, mati ..”
Tangga
: “iyoh aku lah paham”
Ibune Sumiyem
: “uripku piye bsok yu ….”
Tangga
:”Seng sabar, kabeh wong nduwe rejeki dewed ewe”
Sakwise 2 sasi urip tanpa bapakke sumiyem, ibune ora betah merga oga ono pemasukan duwit kang iso dienggo blonjo lan urip sedinane. ibune sumiyem sifate biyen wes maleh 180 derajat deweke uga mulai luru bojo anyar lan Ibune Sumiyem
: “Buk, aku wes ora betah urip ngene, aku wingi ketemu wong sugih pengusaha ning semarang, ancen dudo tapi ndonyone akeh”
Simbah
:”trus kuwe arep lapo?”
Ibune sumiyem
: “ aku diajak kawin”
Simbah
:”opo? Kue arep kawen meneh?
Ibu Sumiyem
: “nggih buk, sumiyem kulo titipke njenengan, aku emoh ngurusi anak deso koyo sumiyem nek semarang bareng bojo anyarku”
Simbah
: “astaghfirullah, kemenyekem iku loh, iku anakmu dewe ndok”
Ibu Sumiyem
:” lah, pokokke aku emoh”
Ibune sumiyem banjur lungo menyang kamre lan ngemasi pakaiane. Esukke deweke dipapak karo mobil sport kang resik kinclong. Awet soko kedadean kuwi sumiyem ora tau weruh ibukke meneh. Kabeh biaya uripe sumiyem dai tanggungane simbahe. Simbahe mong ngandalno sawah rong kothak tinggalane simbah kakunge sumiyem kang wes sedo. Sawah sekothak digarap lan ditanduri pari lan sekothak liyane didol entuk nduwit rong puluh yutha kanggo sekolah sumiyem kabeh nganti SMA. Nanging duwite saiki wes entek lan ora cukup meneh kanggo nyangoi sumiyem menyang Jakarta. Mulo sumiyem marani ibune, mbok menowo deweke entuk sangu. Nanging oga entuk sangu malah morone sumiyem ngelengake ibune sumiyem karo warisan soko bapakke biyen. Kepriye criyta saklajenge? Penasaran to yok semak meneh crita drama “pamit Ibu”
Sumiyem, Ibune, lan sopir tekan omah simbahe sumiyem LANJUTKAN YAH CAPEK NGETIK….
Teks Naskah Drama “Bahasa Jawa” “Pamit Ibu”
5