Drama Sby Jawa.docx

  • Uploaded by: Aam Aminah
  • 0
  • 0
  • July 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Drama Sby Jawa.docx as PDF for free.

More details

  • Words: 1,977
  • Pages: 13
BARIDIN DAN RATMINAH

Tokoh : 1. Baridin 2. Ratminah 3. Mbok Wangsih (Ibunya Baridin) 4. Pak Dam (Bapaknya Ratminah) 5. Bu Yati (Ibunya Ratminah) 6. Sukasih (Kakaknya Ratminah) 7. Bu Jujum (Pemilik Sawah) 8. Gemblung (Teman Baridin) 9. Anin (Teman Ratminah) 10. Mbah Maimun (Dukun)

BABAK 1 *Pagi Hari,Mbok wangsih sedang menyapu rumah. Mbok wangsih : Din…Baridin…tangi din…wis awan,engko rejekie dipatok ayam Din… Baridin : Apa sih mbok ngganggu bae wong lagi turu. Mbok Wangsih ; Dina wis awan ,sira ora ning sawahe bu Jujum tah Din? Baridin : Engko mbok limang menit maning,nanggung. Mbok Wangsih : Ngomong sih limang menit,engkoe kebablasan dadi limang dina.wis gage mana adus,prigele sawahe bu Jujum bisa ngegarap dewek? Baridin : Iya Mbok iya.

BABAK 2 *Ratminah berjalan sendirian.Tiba-tiba bertemu dengan Gemblung. Ratminah : Hhmm,bapa pasti seneng bari masakane isun dina kien.Tapi…isun kok ngerasa kaya ana kang durung ke tuku ya’?Astagfirullah,isun klalen durung tuku kerupuk. *Gemblung datang Gemblung : Nang apa Rat?kok kaya wong linglung mengkonon? Ratminah : Apaan sih bli usah sok parek dehh. Gemblung : Ayu–ayu jeh galak. Ratminah : Sira ngomong apa?galak?kita dudu galak,isun mong bae lamun kulite isun melepuh asale parek-parek bari wong mlarat sih. Gemblung : Idihhh..sombong pisan coh. Ratminah : Ya bagen sih.wislah isun apan balik bae.Minggir!!! Gemblung : Dasar wadon edan!Nang apa yaa Baridin bisa seneng bari wong wadon sing mengkonon.

BABAK 3 *Di pinggir sawah,Baridin bertemu dengan Ratminah Baridin : Hai Ratminah!Ratminah!Ratminah!. Ratminah : Duhh apaan sih?bribin weru blee?Dasar wong mlarat! Baridin : Sirae sih wong diundang-undang jeh meneng baeee. Ratminah : Blee pentingg.

Baridin : Ratminah!engko dikit,aja lunga dikit! Ratminah : Aja dhumuk dhumuk!Ngaca dikit ngaca!duwe kacakan ning umah?ato aja-aja sira bli duwe kaca ning umah?melase cohh dadi…wong mlarat,kaca bae sampe bli duwe.Wis mana lunga kah! *Ratminah pergi meninggalkan Baridin.Kemudian,Baridin Teriak. Baridin : Rat!Kula tresno bari sampeyan!Sampeyan gelem bli kawin bari kula? Ratminah : Apaa?Ratminah anake bapa Dam,wong kang paling sugih ning kampung kien,kawin

bari

wong

mlarat?(menggeleng-gelengkan

kepala).Sira

duwe

apa?mobil?pesawat?kaca bae bli duwe.Duhh!wong kang bakal dadi suamie isunku wong kang sugih ,kang sepadan bari isun!dudu macem sira! Baridin : Tapi kula benar-benar tresno bari sampeyan. Ratminah : Soro. *Anin menghampiri Ratminah Anin : Rat!kodikit Rat! Ratminah : Nang apa? Anin : Aja sok pura-pura bli weru.Isun weru apa kang diomong nang sampeyan karo Baridin ning pinggir sawah.Baridin ngomong”seneng ning sampeyan” iya kan? Ratminah : Apa sih bli jelaass pisan. Anin : Wis terima bae,Rat!Baridin iku wong kang paling ganteng ning kampung kien,tapi sayange wong mlarat.Wis terima bae!bokatan bae seuwise kawin bari sampeyan berubah dadi wong sugih. Ratminah : Ya toli pribe??? Anin : Ya lamunan isun dadi sampeyan mah,isun bakal nerima Baridin.Sampeyan iku wadon kang paling untung ning kampung kien.Wislah terima bae!

Ratminah : Ya mong.Isunne kuhh. Anin : Angel yoo ari ngomong bari anake wong sugih,isun do’a nang sampeyan bakal keedanan ning Baridin. Ratminah : Wis mana lunga gah!!!! *Anin meninggalkan Ratminah

BABAK 4 Mbok Wangsih : Din..Din..wis sonten jagate peteng sira bli balik-balik,mendi sira kuhh din? Bu Jujum : Mbok!Mbok!Mbok!anake sampeyan luh ya waras bli sih??? Mbok Wangsih : Ana apo iki,teko-teko dudu ngucap nang salam malah sewot-sewot? Bu Jujum : Assalamu’alaikum! Mbok Wangsih : Wa’alaikumussalam.Nah baka mengkenen kan enak.Ana perlu apa bu Jujum mene? Bu Jujum : Anake sampeyan kuh waras ta blii?? Mbok Wangsih : Ya waraslah bu.emange ana masalah apa karo Baridine? Bu Jujum : Isun kuh wis nonggoni anake sampeyan sing awit isuk sampe sonten.eehh bocahe bli teka-teka!Mendi sih bocaheku? Mbok Wangsih : Masa sih?bocahe wis mangkat jeh sing awit mau isuk kuh,bu.Kien gen isun lagi keder bu,wis sonten mengkenen Baridin durung balik.Dikira isun Baridin dadi bajak sawahe bu Jujum? Bu Jujum : Bajak sawah?bajak sawah pribe?wong sing awit isuk sampe sonten Baridin bli katon batang idunge jeh. Mbok wangsih : Tapi luh yaa sing awit isuk Baridin kuh wis mangkat bu.

*Baridin datang Bu Jujum : Delengan kuh mbok!Anake sampeyan emang bli waras!he,Din!sing endi bae sira kuh?Isunku wis nonggoni sira sing awit isuk sampe sore bli teka-teka,mendi baeee sira kuh? Baridin : hampura isun,bu.soale mau luh ning dalan ana gangguan. Bu Jujum : Ana gangguan apa sih? Mbok Wangsih : Iya,Din.Gangguan apa? Baridin : Iya,intie sih gangguan berat bae.Bu Jum,priben ari bajak sawahe sekiki bae? Bu Jujum : Sing bener bae?sawahe isun durung diapa apa nang jeh.Isun wis percayaaken bari sira,eh sirae malah bli karuan mengkonon.Yawislah isun gulati wong sejen bae. Mbok Wangsih : Hampuraaken anake isun ya Bu Jum. Bu Jujum : Iyaa. Baridin : Aja nyewot-nyewot bae!ngkae gelis tuo! Bu Jujum : Wis Tuo. Baridin : Syukurlah,ari ngaku sih! Bu Jujum : Dasar blii waras!!! *Bu Jujum bergegas pergi Mbok Wangsih :Sebenere ana masalah apa sih,Din?Coba ceritaaken ning mbok! Baridin : Mengkenen,mbok.Sebenere Baridin wis lawas demen ning Ratminah kuh mbok. Mbok wangsih : Ratminah?anake bapa Dam wong kang paling sugih ning kampung kien??heh,din!Nyadar diri sira kuh.Kita kih wong mlarat.Bli pantes sira bari Ratminah. Baridin : Pokoke isun kepengen kawin bari Ratminah,titik!Baka blii,isun bunuh diri baee.

Mbok Wangsih : Aja,Din!Sira anake mbok siji-sijie.Yawislah,sekiki mbok ning umahe pak Dam nganggo ngelamar Ratminah. Baridin : kang bener,mbok? Mbok Wangsih : tapi sira aja ngarep lamaran sira bakal diterima. Baridin : Mbonten,mbok.Baridin bakal terus doa ambir lamarane diterima. Mbok Wangsih : Yawis,sekiki mbok ning umahe bapak Dam.Awas,sira aja bunuh diri. Baridin : Iya,mbok.

BABAK 5 *Di rumah pak Dam Mbok Wangsih : Assalamu’alaikum.wahhh…umae Ratminah gede pisan. Lainnya : Wa’alaikumussalam Bapa Dam : Rat!ana pengemis kuh,paian bae duit! Ratminah : Pira pak pira? Bapa Dam :Seket bae seket Ratminah : Seket?Nih mbok seket! Mbok wangsih : Matur suwun nok,mbok dudu pengemis. Ratminah : idiiiih, bli gelem dipai duit pak, bli gelem! Bu Yati : bapak iki pribe kuen mbok wangsih, dudu pengemis. Mbok manjing bae mbok! Sukasih : Nang apa sih ibu ngoli nang mbok wangsih manjing? Ngko umae suker di idek ning wong mlarat. Bu Yati : husht! Bli kena mengkonon kita kuh pada bae menusae.

Ratminah : Ibu luh apa-apaan sih! Mbok Wangsih : Punten. Bu Yati : Mangga, ndodok mbok! Sukasih : Eitttttttt! Aja dodok ning kursi regae larang ngkoe rusak. Wis ndodoke ning sor bae! Bu Yati : Pangapuraaken anake isun ya mbok. Mbok Wangsi : Iya, ora papa. Pak Dam : Ana perlu apa sih marek mene kuh? Mbok Wangsi : Mengkenen,isun marek mene arep ngelamar anake sampeyan. Pak Dam : Mbok duwe apa wani-wani ngelamar anake isun? Bu Yati : Pak!!aja ngomong mengkonon!! Pak Dam : Loh, isun ngomong fakta, inget ya mbok Ratminah wis duwe calon, calone wong sugih pisan, bli kaya Baridin unggal dina pakeane dekil,celanae tambalan,wis mengkonon ambune blenak pisann!!!! Bu Yati : Pak!!!!!! Pak Dam : Apaan sih, Bu? Bu Yati : Bapak kuh wis keedanan ning harta, emange harta kang kita miliki sekien kuh bisa di gawa mati?bisa? Pak Dam : Kok Ibu ngebela wong mlarat kien? Bu yati: Ibu ora ngebela! Ibu cuman pengen bapa sadar! Apa kang bapa lakunang ning mbok wangsih ikuh salah! Sukasih:Lah dadie ribut sih?Mending mbok balik baelah!toli baridine kongkon ngaca dikit!,sing berhak dadi lakie adine isun kuh wong kang sepadan karo kita.

Bu Yati : Sukasih!!Aja mengkonon, mbok wangsih mene ku baik-baik. Sukasih : Ibu ku dengapa sih?mbok wangsih ku wong mlarat. Pak Dam : Mending mbok wangsih lunga sing umae isun!Lungaa!! Mbok Wangsih : Yawis ari mengkonon sih. Tapi aja sampe sampeyan nyesel nolak lamarane. Inget !

BABAK 6 Baridin : Priben, mbok? Di terima ta bli lamarane? Mbok Wangsih : Sampeyan kudu sabar lan sadar din, kita ikih wong miskin,bli sepadan bari keluargae Ratminah. Baridin : Tapi isun demen ning Ratminah. Pokoke isun pengen ngelakoni segala hal ambir Ratminah nerima isun, mbok! Mbok Wangsih : Aja nekat sira ku din! Jodoh,rezeki,umur, wis diatur ning tangane Gusti Allah. Baridin : Pokoke isun kudu kawin karo Ratminah!

BABAK 7 *Di jalan menuju rumah Mbah Mimun. Baridin ketemu bari Gemblung. Gemblung : Pengen mendi,sira din? Baridin : Pengen ning umae Mbah Maimun. Gemblung : Ha?!Kang bener,din?Aja nekat ,sira din!Iku syirik!Percaya ning Gusti Allah. Baridin : Blung! Isun wis do’a, tapi nyatae apa? Ratminah nolak lamarane isun!

Gemblung : Istighfar,Din! Istighfar! Baridin : Astaghfirullah hal’adzim.Wis kuh! Gemblung : Nyesel isun kenal bari sira din.Gara-gara demen ning Ratminah,sira dadi mengkenen! Baridin : Isun mengkenen karna isun demen ning Ratminah. Isun lagi usaha ambir Ratminah demen ning isun. Gemblung : Tapi bli mengkenen carae. Din! Baridin : Soro!

BABAK 8 *Di rumah Mbah Maimun Baridin : Bener kien umae Mbah Maimun? Serem sih, awan-awan jeh peteng. Apa Mbah Maimun seneng bari sing peteng-peteng. Ah, namae bae dukun pasti umae peteng. Baridin masuk ke dalam Baridin : Punten. Mbah Maimun : Hahahahahaha! Baridin : Mbah... Mbah Maimun : Manjing bae wahai anak muda! Hahaha! Baridin mulai masuk ke dalam ruangan yang dipenuhi dengan barang-barang mistik. Mbah Maimun : Ndodoklah wahai anak muda! Baridin duduk Baridin : Dadi mengkenen Mbah, isun marek meneh ku pengen…

Mbah Maimun : Sedelat! Isun wis weru! Sampeyan demen ning gadis ayu kang sugihe dubila ning kampung tapi di tolak kan???Hahaha. Baridin : Priben Mbah Maimun, bisa weru? Mbah Maimun : Isun kuh dukun.Dudu polisi,ko sok weru. Baridin : Napa bisa mengkonon, Mbah? Mbah Maimun : Eh, sampe mende mau? Gara-gara polisi,dadie ngawur kan. Hahaha. Baridin : Sampe di tolak, Mbah. Mbah Maimun : Hahaha. Baiklah anak muda, ko isun tak pai ajian kemat jaran goyang. Tapi ana syarate! Baridin : Apa syarate,Mbah? Mbah Maimun : Sampeyan kudu bertapa ning jera gua bari baca ajian kemat jaran goyang. Baridin : Cuma kuen bae,Mbah? Mbah Maimun : Kuen bae gan wis cukup.Aja akeh-akeh. Baridin : Yawis matur suwun,mbah. *Di dalam Gua,Baridin membaca ajian kemat jaran goyang *Baridin baca mantra : niat ingsun arepan maca kemat ajian jaran goyang.Dudu ngematngemat tangga..dudu ngemat wong liwat dalan..sing tak kemat anake Bapa Dam kang arane Ratminah…kang demen derajat desa Milangkori...sing lagi turu ngelilira...yen wis ngelilir gageh

jagonga..yen

wis

jagong

gageh

ngadeka..yen

wis

ngadek

mlayua..mbrenginginga...kaya jaran..teka welas..teka asih..atine Ratminah welas asih..ning badan ingsun..*

BABAK 9 *Sudah 3 Baridin tidak pulang kerumah.Mbok Wangsih gelisah. Mbok Wangsih : Din…mendi bae sira kuh cung?wis telung dina sira bli balik-balik. Gemblung lewat. Mbok Wangsih : Eehh mblung!Sira weru Baridin bli? Gemblung : Weru,mbok.Anake mbok Wangsih kan?Sing jaree pemuda paling ganteng ning kampung.Loh,Mbok Wangsih kuh preben?anak dewek jeh bli weru. Mbok Wangsih : Maksudde,mbok.Apa sira weru Baridin ning endi?wis telung dina Baridin bli balik-balik. Gemblung : Ohh ngomong mbok.Terakhir isun ketemu karo Baridin kuh ning dalan parek umahe Mbah Maimun.Jaree sih,arep jaluk ajian-ajian ning Mbah Maimun. Mbok Wangsih : Astagfirullah din…din. *Di rumah pak Dam,semua berkumpul termasuk Anin. Ratminah : Kang…kang Baridin,ning endi sampeyan kang?Ratminah demen bari akang. Sukasih : Rat,napa sira kuh Rat? Anin : Ratminah,napa sampeyan dadi kaya mengkenen?Apa karna ucapanne isun dadi kenyataan.Hah?bli mungkin!Maaf aken isun Rat.Isun bli bermaksud nyumpatani sampeyan. Sukasih : Apaaa?Sira nyumpatani adine isun? Anin : Hampura isun,mba. Bu Yati : Uwiss!aja tukaran!wis keadaan lagi ruwed mengkenen,malah nambah ruwed. Bapa Dam : Rat!sadar,Rat!

Ratminah : Pak,bu.Ratminah pengen ketemu bari kakang Baridin.Kang…Ratminah pengen kawin karo kakang…Ratminah kangen bari kakang hahaha *Ratminah berlari keluar sambil memanggil nama Baridin . Lainnya : Ratminah *Ratminah terus berlari hingga menabrak Gemblung Gemblung : Dasar wadon edan! Hingga,akhirnya Ratminah bertemu Baridin disekitaran Gua. Ratminah : Kang…kakang…kang Baridin,Ratminah pengen kawin bari kakang Baridin. Baridin :Ratt,temenan kien sampeyan?Napa sampeyan dadi kaya mengkenen Rat? Ratminah : Isun gelem kawin bari sampeyan kang.Isun bener-bener demen ning kakang. *Baridin ke belakang Baridin : Wahh…sakti kih dukune,bener-bener sakti!sekien,Ratminah wis keedanan ning isun. *Baridin kembali menemui Ratminah Baridin : Bener sampeyan demen ning isun? Ratminah : Iya,kakang.Hahaha.Isun demen ning kakang.Hahaha Baridin : Gelem ta sampeyan kawin bari isun? Ratminah : hah?kawin?asyiiik.Kakang Baridin pengen kawin bari Ratminah.horeee. *Ratminah berlari meninggalkan Baridin Baridin : Ratminah! Aja lunga dikit! Ratminah : Horeee,Kakang Baridin pengen kawin bari Ratminah.Hahaha *Tiba-tiba Ratminah menabrak pohon besar.Kepalanya penuh darah.

Baridin : Ratminaaaah! *Baridin berlari menghampiri Ratminah.Bergegas Baridin menangkap tubuh Ratminah. Baridin : Ratminaaah..Ratminah aja tinggal nang Kakang, Rat. Kakang demen bari Ratminah. Ratminah : Kang…se..se..selaaa…maaat…ting..gal. Baridin : Ratminaaaaah!

Pragat!!!

Related Documents

Drama Sby Jawa.docx
July 2020 6
Drama
April 2020 41
Drama
June 2020 27
Drama
November 2019 49
Drama
October 2019 47
Drama
November 2019 55

More Documents from ""

Drama Sby Jawa.docx
July 2020 6
Glissant.pdf
April 2020 16
Jamaludin Al J Ef
May 2020 3
Bayi Dan Balita.docx
April 2020 4
Soal St Gerak.docx
November 2019 12