Calung.pptx

  • Uploaded by: siti nurwahyuni
  • 0
  • 0
  • May 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Calung.pptx as PDF for free.

More details

  • Words: 1,382
  • Pages: 27
1. 2. 3. 4.

5. 6.

AGUSTINA W. A HASYIR MASYKURI MINHALINA M NURKHOLIS U NURUL IKHSAN REGITA EKA P

(02) (12) (15) (18) (19) (22)

Nama Kelompok: 1.

Calung Kesenian Aksi Mudha Laisan Kenthongan

Cowongan

 Calung yaiku musik tradisional ingkang

mirip kaliyan gamelan kang digawe saka wulung bambu.  Musik Calung berkembang ing komunitas masyarakat pedalaman ing wilayah distribusi budaya Banyumas.  Tembung "calung" iku jarwo dhosok (rong tembung sing digabung dadi tembung formasi anyar) kang artine pring wulung swiwi (wulung bambu) utawa dicacah. Pengelompokan musik Calung arupa musik minimal, kanthi piranti prasaja (minimal) nanging bisa ngasilake aransemen musik lengkap.

 Instrumen musik calung yaiku gambang barung,

pengganti gambang, dhendhem, kenong, gong lan kendhang. Instrumen musik iki slendro kanthi lagu 1 (ji), 2 (ro), 3 (lu), 5 (ma) lan 6 (nem). Nganti saiki, calung esih terus berkembang ing meh kabeh wilayah budaya Banyumas.

 Instrumen iki digawe saka potongan pring sing

didelah karo mujur lan dimainake kanthi ditutuk/dipentung.  Calung dipigunakaké minangka piranti musik ing pagelaran seni kayata Lengger (tari) lan Ebeg (khas lumping kuda Banyumas).

1.

Kabeh ingkang kedadeyan ing sajroning musik calung yaiku semangat emosional saka pikiran lan sifat masyarakat Banyumas ingkang ora bisa diterangake ing interaksi sosial.

2.

Ing calung uga nduweni sikap kritis masyarakat Banyumas babagan filsafat urip, babagan penderitaan, lingkungan alam, babagan kebahagiaan lan utawa bab apa wae kang duweni sifat utopian.

3.

Akeh gendhing diwenehi ing calung sing nuduhake tanah impen, rasa seneng ideal utawa perasaan keasliane sing mung bisa diduweni ing impen. Contone Gendhing Gunungsari lan Eling-eling. Tembung 'gunungsari' asal saka tembung 'gunung' lan 'sari' (kembang) sing ateges sukacita puncak kaya dhuwur gunung.

4.

Calung uga nyedhiyakake ajaran utawa undangan kanggo nindakake prilaku-prilaku, larangan tumrap tumindak, kritik, sindrikasi utawa sindiran sajrone acara umum ing lingkungan sosial. Kritik, sindiran, utawa sarkasim umumé ditindakake liwat teks puisi (cakepan) ingkang diucapake dening sindhen utawa baseball. Tèks puisi iki umumé arupa parik utawa wangsalan ingkang diwenehake karo garis tembang tartamtu ingkang cocog karo gendhing ingkang ditindakake.

5.

Ing acara musik calung,masyarakat Banyumas teyeng nglakokna aktivitas ingkang ngandung nile-nile kaseimbangan kauripan,senajan hal kuwe ora kalangsung ing kauripan nyata. Kandungan nile-nile kue teyeng dibayangna ing gerakan lan bentuk pertunjukan

Akeh wong sing ngarani kesenian kie”peksi mudha”

sing artine “manuk mudha” sing lincah. Maksud saka mau yakuwe kanggo

nggambarake dinamise para pemuda dene olah gerak silat karo tarian sing dilakokake.

 Kesenian iki wis jarang banget ditampilna amarga

akeh gnerasi muda sing wis ora tau nyinaoni. Ing Banyumas kelompok kesenian iki gari siji loroana ing kecamatan Tambak, Banyumas bagian wetan.  Dene kesenian iki diarani aksi muda nanging

kenyataane paragane wis tua tua, lan amung pira sing esih enom. Kesenian iki dipimpin ana ing pendekar sig wis bener benr nguasai gerakan pencak silat. Kesenian aksi muda digunakake kanggo media hiburan, lan due makna ana ing gerakan lan lagune.

Miturut sejarahe, kenesian iki muncul awit masa kolonial Belanda ing masa penjajahan. Ing zaman kuwe kesenian iki merupakan mdifikasi saka kesenian bela diri pencak silat, amara bela diri mau dilarang penjajah Belanda. Sebab kecerdasan para pendekar mau unsur-unsur pencak silat ditutup nganggo kesenian tarian lan lagu nanging esih katon unsur pencak silate.

Kesenian iki diwiwiti sholawatan sing diiringi rebana lan

kendang. Diterusake rodat utawa taran sing dilaokake karo ngadeg juga njagong. Gerakan dasar pecak silat esih diiringi karo shlawatan diterusna tarung silat saben wonge lan diturusake adu tenaga ing werna werna gaya. Ing puncak acara ditampilake aksi-aksi

debus nganti kesurupan.

Laisan yaiku sawijining kesenian sing ana nang njerone kesenian ebeg. Laisan dilakukna karo tiyang jaler sing agi kesurupan. Badane ditindihi karo lesung bar kuwe dilebokna meng njero kurungan ayam. Nang njero kurungan kuwe tiyang jaler mau dandan kaya tiyang estri. Banjur kuwi disukani mantra mantra, kurungane dibukak, lan keton tiyang jaler mau ngangge rasukan estri jangkep.

Muncule laisan ana nang tengah pertunjukan ebeg. Nang pertunjukan ebeg sing angsal bathi, ana pemain sing biasane ngelakoni thole-thole yaiku njoget muteri daerah pertunjukan karo bekta tampah kangge angsal sumbangan. Nama laisan nang daerah liyane yaiku sintren.

 Kenthongan kuwe salah siji kesenian

pertunjukan massal sing perangkat utamane kenthong. Kenthong digawe sekang tugelan pring sing dibolongi sedawa ros nang pinggire. Jaman gemiyen, kentong kuwe fungsine akeh nang masyarakat. Fungsi utamane nggo alat woro-woro. Contone dinggo nyebarena tanda peringatan dini bahaya bencana banjir, kebakaran, utawa kemalingan

 Kenthong ra mukur digawe sekang pring, bisa bae

seknang kayu. nek pengin ndeleng kenthong sekang kayu, biasane nang langgar, apa mesjid nang ndesa kiye nan kenthong sekang kayu, biasane nang sanding

bedug, gunane ya goaweh kabar nek wis mlebu wktu sholat aring masyarakat sekitar kono.

Jaman siki, alat kiye umume fungsine mung go hiasan nang omah-omah, gunane kenthong wis kalah karo peralatan komunikasi elektronik sing modern, kaya hape, tivi, internet, lan lian-liane. padahal jaman ndisit biasane nek masyarakat nang desa lagi pada ronda, kuwe pada kenthongsn, muter turut dalan desa, nggugah masyarakat kon pada tangi, dadi kenthonge ra mukur siji, ditabuh selang seling sampe dadi irama musik sing enak dirungokna, ya kaya klothekan lah, tapi karo kenthong.

Nang perkembangane, merga kenthong bisa ngasilna irama musik, nang daerah Banyumas, kenthong dadi kesenian Kenthongan,

mulai rame nang taun sangangpuluhan sampe rongewuan. men bisa ngasilna melodi ditambah alat musik liane ya kuwe Angklung, karo Calung nggo ryteme nek nang musik modern, biasane ya ketambahan suling, men luwih merdu dolanan kenthongane, nggo bas, biasane nganggo tong sing nduwure di tutup nganggo bekas ban njero, meh pada karo bas drum lah. lah nggo perkusi men tambah rame biasane nganggo kompang

utawa terbang dikombinasi karo ketipung, ditambahi simbal, men ana suara trebele, nek ora,perkusi biasane nganggo drum mini.

Jumlah pemain kenthongan biasane sekitar wong rong puluhan, biasane paling akeh nang kenthongane, soale wong siji nutuk kenthong siji irama sing ajeg sedawane lagu, dadi amben kenthong kuwe nduwe variasi nutuk sing beda-beda. Kenthongan biasane dipimpin nang siji utawa loro Mayoret, kaya nang Drumband,mukur nek nang kenthongan klambine ya sing tradisional, men tambah rame terus ra mboseni dideleng, nang kelompok kenthongan biasane ana sing nari, biasane ya tarian khas Banyumasan.

 Kesenian kenthongan paling cocok nggo ngiringi lagu-lagu sing

banter, kaya dangdut lan liane, soale genah klothekan, nek ra banter ya ra rame, tapi ya ora nutup kemungkinan ngkone kenthongan dadi tetep kepenak dirungokna go ngiringi lagi sing londog utwa basa landane slow. siki kesenian Kenthongan nang daerah Banyumas anu akehe pol, malahan miturut Dinas Pariwisatadan Kebudayaan Kabupaten Banyumas nyebutnan nek nang tahun 2004 perkumpulan Kenthongan cache ana 368 grup, kuwe nang kecamatan Banyumas tok, urung nang daerah liane? kaya Purbalingga, Cilacap, BanjarNegara lan lian liane.

 Kentongan biasane dianakna nggo hiburan pas ana

hajatan, lan upacara-upacara liane, malahan siki sering banget ana Festival resmi Kenthongan, mulane tambah akeh kelompol-kelompok kenthongan sing eksis siki.  Paling sering kesenian Kenthongan kiye ditampilna

nang daerah obyek wisata Baturaden, Purwokerto. Selain nggo nyambut pengunjung karo ngramekna tempat wisata Baturaden, kiye juga dimaksudna go njaga lannglestarikna kebudayaan lokal, sing siki mulai ilang kalah nang budaya modern.

 Salah satunggalipun upacara nyuwun jawahing kang

wonten ing tlatah Banyumas dipunwastani cowongan. Ngawontenken cowongan biyasanipuna margi mangsa ketiganipun liwat saking sekawan wulan laminipun. Utawis iti sampun sami garing malah ngantos mbledhag, sumur sat, tanduran sami garing, mati.  Upacara cowongan nyuwun marang Gusti Allah

supados ngrawuhaken sukmanipun Dewi Nawang wulan kagem biyantu ngrawuhaken jawah kagem nelesi bumi ingkang garing. Dewi Nawang wulan menika widadari saking kahyangan.

 Cowongan

boten

kenging

sembarangan.

Dhukun

cowongan kaliyan tiyang ingkang badhe tumut upacara kedah sami tirakat dangunipun pitung dinten pitung dalu. Ancasipun

kagem

ngresiki

jiwa

lan

raga.

Sasampunipuntirakat, dhukun lan ingkang dipun tugasi upacara siap ngundang rawuhipun Nawangwulan ingkang ketelahdipun wujudipun

wastani golek,

NiniCowong.

mustakanipun

Nini

saking

Cowong cumplung

saliranipun saking pring lajeng dipunsukani rasukan kados tiyang putrid ingkang ayurupane.

 Lakune upacara Cowongan wonten ing ngandhap wit

gedhang raja. Si dhukun maos mantra ngundang rawuhipun Dewi Nawang wulan. Pangajabipun dipunsuwuni biyantu nyuwun marang Gusti Allah ngrawuhaken jawah sabab buminipun sampun garing, gesangipun manungsarekaosa mergi sumuripun asat, tanduran sami mati.

 Sareng

dhukun

maos

mantra,

Nini

Cowong

dipunebahaken kados nembe nyuwun jawah marang Gusti Allah.

Ananging

kasemba

dan

boten

gemantung

Kersanipun Gusti Allah.Menawisampun jawah, godhonggodhong sami katon ijem. Sumur asat medal toyanipun. Milane sami ingkang ageng raos syukuripun. Sedaya ebahing jagat menika Ingkang Kuwasanipun Gusti Allah. Sedaya mahluk wajib bekti marang ingkang damel gesang sedawane

taksih

ambekan,

taksih

saged

nyawang

srengenge madhangi bumi. Mayuh wangsul marang kersanipun Gusti Allah.

More Documents from "siti nurwahyuni"