Adorasi Bahasa Jawa

  • Uploaded by: paguyubanyohanes
  • 0
  • 0
  • May 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Adorasi Bahasa Jawa as PDF for free.

More details

  • Words: 3,623
  • Pages: 12
ADORASI EKARISTI PAGUYUBAN KEBATINAN DALAM TERANG IMAN “ST.YOHANES”

GEREJA ST. MARIA FATIMA MAGELANG KANG NYEMBAH KANG SINEMBAH

ADORASI EKARISTI (ASTUTI) KIDUNG PAMBUKA P U P

U

: Gusti manunggala : Kaliyan kula sadaya : Sumangga kula derekaken lumebet wonten ing alaming asepen, sowan sumujud wonten ing ngarsaning Hyang Widi, caos sembah konjuk ing asmaning Allah Hyang Rama, Allah Hyang Putera, saha Allah Hyang Roh Suci. : Amin.

Kyai Dhandang Kinanti katabuh kaping 7(pitu) P

: Swara genging dhandang (rumesepna ing kalbu, saya dangu saya rumesep ngantos nuwuhaken wening, saya dangu saya wening ngantos manggihna kalenggahaning Hyang Widi inggih Allah ingkang murba kula sadaya, ingkang lenggah wonten ing manah kawula sadaya, saha ingkang jumeneng lan dados sesembahan kawula wonten ing pasewakan punika) . . . . . . . wening sawetawis . . . . . . . .

KIDUNG ASMARADANA 1. Lir manjing ginarbaning ratri, gumrah jagadku pindha prahara geng panandange. Mapan teleng suksma, kinkin tan uwala. Wapa dres milir gya emut, ndulu padhang aneng ngarsa. 2. Jroning laku angupadi, anenging sih wilasanta. Wit gesang mba sampun lungse, laku mung saparan-paran, Jer dhumawah ing cintraka, Karsoa paduka nuntun sajroning lelana. 3. Mba sumujud dhuh Hyang Widi, amrih tentrem jroning driya, Karsa paduka nyaruwe, esthi mba temahan saras, Uwal kinkin lan papa, wonten yen suksma pinundhut, pareng nderek kamulyanta. P

: Para saderek sadya kita makempal ing mriki minangka umat Dalem Gusti ingkang nggeluti kebatosan, ngaturaken pakurmatan dhumateng Tyas Dalem ingkang Mahasuci, ingkang sampun paring katresnan tanpa upami dateng kita sadaya. Ing pasewakan mirunggan punika kita sesarengan badhe memule caos pakurmatan nglairaken batos kawula anggen kita mengeti salira saha rah dalem ingkang tansah mijil saking Tyas Dalem ingkang Mahasuci mugi andadosnasumber kerahiman kawula, saengga namung panjenengan ingkang dados andalaning gesang kawula.

SEMBAHYANGAN PAMBUKA P

: Mangga kita sareng ndedunga, Allah ingkang Mahakuwaos tuwin langgeng, kawula saderek paguyuban kebatosan St. Yohanes makempal wonten ing mriki sakperlu kanti wekdal ingkang mirunggan bade

nglelimbang sakpinten agenging katresnan Dalem dateng kita sami ingkang nandhang dosa, saengga ngutus Putera Dalem Gusti kawula Yesus Kristus manjalma dados manungsa, inggih pepundhen saha Guru Sejati ingkang tansah dados pandoming gesang kawula sadaya. U

: Kawula nyuwun mugi Allah Roh ingkang MahaSuci rawuh, kersaa mbikak paningal kawula, talingan sarta batos kita supados kita saged mirengaken Sabda Dalem saha kuasa Dalem lumantar Gusti kawula Yesus Kristus Putra Dalem ingkang mawujud Sakramen Mahasuci ingkang gesang lan mengku keprabon ing salami-laminipun. Amin.

KIDUNG SEKAR MIJIL Dedalane urip kang sejati kudu andhap asor, Sabda Dalem Gusti kang dadi dasare, kasunyatan lan katresnan sejati. Jwa gendat ngabekti ngersane Hyang Agung WAOSAN KITAB SUCI 1---Masmur 25 Donga nyuwun pangapura lan pangayoman 25: 1-22 1 Dhuh Yehuwah, nyawa kawula kawula angkat dhumateng ing ngarsa Paduka. 2 Dhuh Allah kawula, kawula pitados dhumateng Paduka, mugi kawula sampun ngantos nandhang wirang; mengsah kawula sampun ngatos sami bingah-bingah margi saking kawula. 3 Sayektos, tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka punika, mesthi boten kawirangan; nanging tiyang ingkang nglampahi cidra tanpa sabab punika manggih wirang. 4 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi sumerep bab margi Paduka sarta karsaa nedahaken radinan Paduka 5 Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang, amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula; Paduka ingkang kawula antos-antos sadinten muput. 6 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enget dhateng ing sih-palimirma sarta kadharman Paduka, awit punika sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila. 7 Paduka mugi sampun ngengeti dhateng dosa kawula nalika taksih nem tuwin dhateng duraka kawula, nanging mugi Paduka karsaa enget dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka, margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah. 8 Sang Yehuwah iku becik lan adil, mulane wong kang kesasar padha ditedahi dalan. 9 Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ana ing kabeneran, wong kang lembah manah padha ditedahi margine. 10 Kabeh margining Yehuwah iku katresnan, kasetyan lan kabeneran tumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete. 11 Margi saking asma Paduka, dhuh Yehuwah, mugi karsaa ngapunten kalepatan kawula, awit punika ageng

12

Sapa kang wedi marang Sang Yehuwah? Iku mesthi ditedahi dalan kang kudu kapilih. 13 Wong iku dhewe bakal tetep ana ing kabegjan, sarta turune bakal oleh warisan bumi. 14 Pasrawunge Sang Yehuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane. 15 Mripatku tansah tumenga marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane bakal nguwalake sikilku saka ing kalajiret. 16 Paduka mugi karsaa mirsani lan melasi kawula awit kawula kapencil tuwin kesrakat. 17 Paduka mugi karsaa nglonggaraken manah kawula ingkang karupekan punika, mugi karsaa ngluwari kawula saking karibedan kawula! 18 Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran saha kangelan kawula, saha sakhatahing dosa kawula mugi kaapuntena. 19 Paduka mugi karsaa mirsani mengsah kawula, dene kathah sanget, sarta anggenipun sengit sanget dhateng kawula. 20 Nyawa kawula mugi Paduka reksa saha mugi karsaa ngluwari kawula, sampun ngantos kawula manggih kawirangan, awit kawula ngayom dhumateng Paduka. 21 Kawula mugi kairingna ing katulusan saha kajujuran, awit Paduka ingkang kawula antos-antos. 22 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluwari Israel saking sakhatahing karibedanipun. 2---Yohanes 6:1-15 Gusti Yesus maringi mangan wong limang ewu 6:1-15 Mat.14:13-21; Mrk.6:32-44; Luk.9:10-17 1

Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing sabrange sagara Galilea, yaiku sagara Tiberias. 2Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara. 3Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono, kaadhep dening para sakabate. 4Nalika samana wus ngarepake Paskah, riyayane wong Yahudi. 5Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha grudugan sowan, banjur ngandika marang Filipus: “Ing ngendi anggon kita arep tuku roti, supaya wong-wong iki bisa mangan?” 6Anggone ngandika mangkono iku mung kagawe nyoba, awit wus mirsa piyambak apa kang bakal katindakake. 7Unjuke Filipus: “Roti pangaos kalih atus dinar boten badhe nyekapi kangge tiyang samanten kathahipun punika, sanadyan namung sami kabagean nyakedhik. 8Sawijining sakabat iya iku Andreas sadulure Simon Petrus tumuli munjuk: “Punika wonten lare ingkang mbekta roti sair gangsal kaliyan ulam loh kalih, nanging punika nggawe sapinten kangge tiyang samanten kathahipun punika?” 10Gusti Yesus ngandika: “Wong-wong iku konen padha linggih!” Anadene ing kono akeh sukete, wong-wong mau banjur padha linggih, kang lanang cacahe watara limang ewu. 11Gusti Yesus tumuli mundhut roti mau, lan sawuse caos sokur, banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwake, sakarepe olehe arep padha mangan. 12Sawuse padha wareg, Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para sakabate: “Cuwilan turahane padha klumpukna, supaya aja ana kang kececeran!” 13Banjur iya diklumpukake

oleh rolas wakul kebak isi cuwilan roti sair lima mau, yaiku sisane kang wus padha dipangan dening wong-wong mau. 14Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kanjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.” 15 Sarehne Gusti Yesus pirsa, yen sedyane wong-wong iku padha teka arep mboyong Panjenengane kalawan peksan, arep kajumenengake ratu, Panjenengane banjur sumingkir minggah ing gunung maneh piyambakan. 3---Masmur 26 Pandonga nyuwun kaleresake dening Sang Yehuwah 26:1-12 1

2

3

4

5

6

7

8

9

10

11

12

Anggitane Prabu Dawud Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaadilan dhumateng kawula, amargi lampah kawula kanthi lampah resik, kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah kalayan boten mangu-mangu. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ndadar lan neter kawula; batos kawula saha manah kawula mugi Paduka titi-priksa. Amargi katresnan saha kasetyan Paduka ingkang kawula pandeng, sarta lampah kawula wonten ing kaleresan Paduka. Kawula boten linggih nunggil kaliyan juru apus saha boten sesrawungan kaliyan tiyang lamis; kula sengit dhateng pakempalanipun tiyang awon, lan ugi boten linggih nunggil kaliyan tiyang duraka. Kawula ngwisuhi tangan kawula tandha bilih boten kalepatan, saha kawula lajeng ngubengi misbyah Paduka, dhuh Yehuwah, Kanti ngrepakaken kidung panuwun kalayan swara sora, saha martosaken sakathahing kaelokan Paduka. Dhuh Yehuwah, kawula tresna dhateng papan padaleman Paduka kaliyan dhateng papan kamulyan Paduka. Paduka mugi sampun ngukud nyawa kawula sareng kaliyan tiyang dosa, punapa dene gesang kawula sampun ngantos sareng kaliyan tiyang ingkang ngwutahaken rah, ingkang tanganipun nggegem pendamel awon, tanganipun tengen kebak reruba. Naning gesang kawula kanthi manah resik; kawula mugi linuwarna saha mugi Paduka welasi. Sikilku ngambah tanah kang rata; aku bakal ngalembana marang Sang Yehuwah ana ing pasamuwan. Meditasi, hening, panglimbang

4---Yohanes 6:16-27

Gusti Yesus tindak napak ing banyu 6:16-27 Mat.14.22-33; Mrk.6:45-52 16

Bareng wayah sore para sakabate padha mudhun menyang ing sagara, banjur padha nunggang prau arep nyabrang menyaang ing Kapernaum. Barang wus wengi, Gusti Yesus kok meksa durung rawuh, 18mangsa ombaking sagara ngedab-edabi, amarga katempuh ing angin gedhe. 19Bareng olehe padha ndayung para sakabat mau wus oleh watara loro utawa telung mil, weruh Gusti Yesus tindak napak ing banyu nyelaki praune, temahan padha wedi. 20Nanging tumuli dipangandikani: “Iki Aku, aja padha wedi!” 21Para sakabat banjur ngaturi Panjenengane minggah ing prau, lan sanalika iku uga praune tekan ing dharatan kang kasedya. 17

22

Esuke wong akeh kang isih ana ing sabrange sagara, padha sumurup yen ing kono ora ana prau maneh kajaba mung siji mau, mangka Gusti Yesus ora nitih bareng karo sakabate, mung para sakabat dhewe kang mancal. 23Nanging tumuli ana prau liyane sawatara teka saka ing Tiberias ana ing sacedhake panggonan mangan roti sawuse Gusti caos sokur mau. 24Bareng padha weruh yen Gusti Yesus ora ana ing kono dalah para sakabate, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang ing Kapernaum, nggoleki Gusti Yesus. 25Bareng wong-wong mau meruhi Panjenengane ana ing sabrange sagara, tumuli padha munjuk: “Rabbi, kala punapa anggen Paduka rawuh ing ngriki?” 26 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg. 27Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.” 5---Masmur 34 Ana ing pangayomane Pangeran Yehuwah 34:1-23 1

Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika mindha-mindha wong kang owah pikirane ana ing ngarsane Prabu Abimelekh, temah ditundhung, banjur angles.

2

Pangeran Yehuwah arep dakpuji ing salawase; pepujian marang Panjenengane tetep ana ing cangkemku. Marga saka Sang Yehuwah nyawaku rumangsa mulya; wong kang lembah manah cikben padha krungu lan padha bungah. Payo padha ngluhurake Sang Yehuwah bareng karo aku, payo padha bebarengan nyuwurake asmane! Aku wus ngupaya Pangeran Yehuwah, banjur diparingi wangsulan, sarta diluwari saka sabarang kang marakake girisku. Padha mandenga marang Pangeran Yehuwah, ulatmu mesthi bakal padha dibingarake, sarta mesthi ora bakal padha kawirangan.

3

4

5

6

7

8

9

10

11

12

13

14

15

16

17

18

19

20

21

22

23

Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakake dening Sang Yehuwah: sarta diluwari saka ing sakehe rerubede. Malaekate Pangeran Yehuwah ngamping-ampingi wong kang ngabekti marang Panjenengane, sarta padha kaluwaran. Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhene kasaenane Pangeran Yehuwah iku! Rahayu wong kang ngungsi marang Panjenengane! He para kagungane Pangeran kang suci, padha wedi-asiha marang Sang Yehuwah, wong kang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah padha ora kekurangan apa-apa. Singa anom padha nandhang papa lan keluwen, nanging wong kang ngupaya Sang Yehuwah padha ora kekurangn sabarang kang becik. He para bocah, padha ngrungokna pituturku, kowe padha dakwulang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah. Sapa kang seneng urip, kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik? Ilatmu pakaken aja nganti medharake tembung ala sarta lambemu aja ngucapake kang cidra; ngedohana piala, nglakonana kang becik, ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel! Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid, sarta talingane midhangetake ing pasambate; wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala, supaya pangeget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi. Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake, sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede. Pangeran Yehuwah ana ing sacedhake para wong kang rempu atine, sarta para wong kang pepes budine padha dipitulungi Wong mursid iku akeh rerubede, nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh, Panjenengane ngreksa balung-balunge, nganti ora ana kang tugel siji-sijia. Wong duraka bakal dipateni dening kasangsaran, sarta sing sapa sengit marang wong mursid, mesthi oleh paukuman. Pangeran Yehuwah ngluwari nyawane para abdine, sarta sakehing wong kang pracaya marang Panjenengane ora bakal kaukum.

6---Yohanes 6:28-51 28

Wong-wong mau banjur padha munjuk: “Kawula kedah sami nglampahi punapa supados nindakaken padamelan ingkang kakarsakaken dening Allah?” 29Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah.” 30Unjuke wong-wong mau: “Pratandha punapa ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa? “ 31Para leluhur kawula sami nedha mana wonten ing ara-ara samun, kados ingkang sampun kaseratan: Padha diparingi roti saka ing swarga.”

32

Pangandikane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Dudu Nabi Musa kang maringi roti marang kowe saka ing swarga iku, nanging RamaKu kang maringi roti sajati kang saka swarga marang kowe kabeh. 33Awitdene roti kang saka Gusti Allah yaiku kang tumurun saka ing swarga sarta kang nguripi jagad.” 34Unjuke wong-wong mau: “Gusti, kawula mugi Paduka paringi roti punika ing salaminipun!” 35Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh. 36Nanging kowe wus padha daktuturi: Sanadyan kowe wus padha ndeleng marang Aku, ewadene padha ora pracaya. 37Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik. 38Sabab anggonKu tumurun saka ing swarga iku ora supaya nglakoni karepKu dhewe, nanging karsane Sang Rama kang ngutus Aku. 39Dene karsane Sang Rama kang ngutus Aku iku mangkene: “Kabeh kang wus kaparingake marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya Daktangekna besuk ing wekasaning jaman. 40Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.” 41 Wong-wong Yahudi banjur pating kedumel ing bab Panjenengane, awit ana pangandikane mangkene: “Aku iki roti kang tumurun saka ing swarga.” 42 Padha grenengan mangkene: “Apa iku dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriye kok duwe pangucap: Aku tumurun sakan ing swarga?” 43Gusti Yesus banjur mangsuli pangandikane: “Aja padha pting kedumel. 44 Ora ana wong kang bis marani Aku, kajaba manawa digendeng deninga Sang Rama kang ngutus Aku, amarga Aku kang bakal nagekake besuk ing wekasaning jaman. 45Ing kitabe para nabi ana tulisan mangkene: “Wong kabeh bakal kawulang dening Allah.” Mulane sok wonga kang wus ngrungokake sarta nampani piwulange saka Sang Rama, iku marani Aku. 46KAng mangkono iku ora ateges ana wong kang wus weruh marang Sanga Rama. Mung kang pinangkane saka ing Allah iku kang wus ndeleng Sang Rama. 47Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya, iku nduweni urip langgeng. 48 Aku iki roti panguripan. 49Leluhurmu padha mangan mana ana ing ara-ara samun, nanging wis padha mati. 50 Iki roti kang tumurun saka ing swarga: Sing sapa mangan iku, ora bakal mati. 51Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salaw-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagad.” Meditasi, hening, panglimbang 7---Masmur 43 1

Dhuh Allah, Paduka mugi paring adil dhumateng kawula, karsaa nindakaken prakawis kawula, ingkang tumuju dhateng bangsa ingkang boten saleh! Mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang ambek cidra lan culika! 2 . Awit Paduka punika Allah ingkang dados pangungsen kawula. Punapaa dene kawula kok Paduka sebrataken? Punapa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor, margi saking panganiayanipun satru?

3

Paduka mugi maringi pepadhang saha kasetyan Paduka, sageda nuntun kawula dhateng redi Paduka ingkang suci, sarta dhateng ing padaleman Paduka. 4 Supados kawula sageda lumebet dhateng ing ngajengipun misbyah Paduka, sowan dhateng ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang paring suka bingah dhateng kawula, saha memuji binarung swaraning clempung, dhuh Allah, Allah kawula! 5 Heh nyawaku, yagene kowe kok tumungkul? Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Gusti Allah, awit Panjenengane dak puji maneh, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku! 8---Yohanes 6:52-59 52

Wong-wong Yahudi tumuli padha bebantahan, pangucape: “Wong iku kapriye bisane menehake daginge supaya padha dakpangan?” 53Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Satementemene pituturKu marang kowe: Manawa kowe ora mangan daginge Putrane Manungsa lan ora ngombe getihe mesthi ora padha kadunungan urip. 54Sapa wong kang manga dagingKu lan ngombe getihKu, iku nduweni urip langgeng, sarta Aku kang bakal nangekake besuk ing dina wekasaning jaman. 55Sabab dagingKu iku pangan kang sajati, lan getihKu iku omben-omben kang sajati. 56 Wogn kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku dadi tetep ana ing Aku, lan Aku ana ing wong iku. 57Padha kaya Sang Rama kang gesang ngutus Aku lan Aku urip dening Sang Rama, mangkono uga sing sapa mangan Aku iku iya bakal urip dening Aku. 58 Iki roti kang wus tumurun saka ing swarga. Dudu roti kaya kang dipangan dening para leluhurmu, lan banjur wus padha mati. Sing sapa mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawase.” 59 Anggone mangandikakake iku mau nalika Gusti Yesus mulang ana ing papan pangibadah ing Kapernaum. 9---Masmur 62 Rasa ayem marga cedhak karo Gusti Allah 62:1-13 1

2

Kanggo lurah pasindhen. Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.

Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem, kaslametanku iku saka ing Panjenengane. 3 Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku, kutha betengku, aku ora bakal gloyoran. 4 Sapira suwene anggonmu padha arep ngroyok sawijining wong, arep kokremuk, he kowe kabeh, kaya tembok kang dhoyong utawa tembok kang arep rubuh? 5 Sedyane mung arep njorogake wong mau saka ing kalungguhane kang dhuwur, padha demen goroh, cangkeme padha ngucapake berkah,

nanging batine padha ngipat-ipati. (selah) 6 Katentremanku mung ana ing Gusti Allah, amarga kang dakarep-arep iku piangkane saka ing Panjenengane. 7 Mung Panjenengane kang dadi peparaneg lan kaslametanku, kutha betengku, aku ora bakal gloyoran. 8 Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku; peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah. 9 He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane, sarasaning atimu sokma ana inga ngarsane Gusti Allah iku pangayoman kita. (selah) 10

Satemene wong asor iku mung angin, para wong kang mulya iku mung pagorohan; yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur, amarga luwih entheng katimbang angin. 11 Aja ngandel marang panindhesan, aja nduweni pangarep-arep kang tanpa isi marang barang rayahan; manawa mundhak bandhamu, atimu aja rumaket mrono. 12 Gusti Allah ngandika sapisan, rong prakara kang dakrungu, manawa panguwasa iku pinangkane saka Gusti Allah, 13 saha, Pangeran, sih-kadarman punika ugi saking Paduka; amargi Paduka paring piwales dhateng saben tiyang miturut pandamelipun. 10---Yohanes 6:60-71 Para siswa ing Galilea kang padha mundur 6:60-66 60

Para siswa bareng krungu kang mangkono mau akeh kang padha ngucap mangkene: “Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokake bae sapa?” 61Gusti Yesus mirsa sajroning panggalih manawa siswane padha ngedumel ing bab iku mau, banjur mangandikani: “Apa kowe padha kecenthok ing pituturKu iku mau? 62Kang iku kapriye saupama kowe padha weruh Putrane Manungsa sumengka menyang padunungane kang dhisisk? 63Roh iku kang nguripake, daging iku ora ana pedahe. Tembung kang Daktuturake marang kowe iku roh lan urip. 64Nanging ana panunggalanmu kang ora pracaya.” Pancen Gusti Yesus ora kekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa wonge kang padha ora pracaya,lan kang bakal masrahake Panjenengane. 65Panjenengane banjur ngandika: “Mulane kowe wus padha Dakwarah mangkene: “Ora ana wong kang bisa marani Aku kajaba manawa wus kaparingan wewenang saka Sang Rama.” 66Wiwit nalika iku para siswane akeh kang padha mundur, wus ora ndherekake tindake maneh.

Pangakune Petrus 6:67-71 67

Kang iku Gusti Yesus ngandika marang sakabat rolas: “Apa kowe ora padha arep lunga uga?” Atur wangsulane Simon Petrus: “Gusti, ingkang kawula purugi sinten? Pangandika Paduka punika pangandikaning gesang langgeng. 69Saha kawula sampun smi pitados tuwin sumerep, bilih Paduka punika Sang Suci kagunganing Allah.” 70Pangandikane Gusti Yesus: “Rak Aku dhewe kang milih kowe wong rolas iki, nanging salah siji ing panunggalanmu iku Iblis.” 71Anadene kang dipangandikakake mangkono iku Yudas anake Simon Iskariot, marga iku panunggalane sakabat rolas, kang bakal ngulungake Gusti Yesus. 68

7. Ritual kebatinan: Pangruwat (Yohanes 17:1-26) Manunggaling kawula kaliyan Gusti RAMA KAWULA (3x) Rama kawula ing swarga, asma Dalem kaluhurna Kraton Dalem mugi rawuha Karsa Dalem kalampahana wonten ing donya kados ing swarga Kawula nyuwun rejeki kangge sapunika Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem Kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha saha linuwarna saking piawon. Amin. SAHADAT (KAWULA PITADOS) Kawula pitados ing Allah, Rama Sang Mahakuwaos, ingkang nitahaken bumi langit Saha ing Gusti Yesus Kristus Putra Dalem ontang-anting Pangeran kawula, ingkang miyos saking Ibu kenya Maria, kagarba denig kuwaos Dalem Hyang Roh Suci, ingkang nandhang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus. Saha kapenthang, seda srta kasarekaken. Tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking seda Mekrad dhateng swarga pinarak ing satengen Dalem Allah Rama Sang Mahakuwasa. Saking ngriku badhe rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci, Pasamuwan katulik ingkang suci, lan panunggiling para suci, pangapuntening dosa, tangining badan, saha gesang langgeng. Amin MUGI LINUHURNA Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci. Kados ing mulabuka, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin

PANUTUP Sembahyangan Panutup P

U

: Dhuh Allah, Rama kawula ingkan Mahawelas, kawula sadaya ingkang makempal sesarengan menika, ndherek memule salira lan rah Dalem, nglelimbang sapinten agening katresnan dhateng kawula sami. Matur sembah nuwun dene kawula sak pasederek paguyuban kebatosan St.Yohanes dipun parengaken ndherek duhkitaningtyas Gusti Yesus Kristus. Mugi-mugi srana lampah punika ndadosaken tansaya kecaketan kaliyan Putra Dalem Gusti kawula Yesus Kristus ingkang tansah paring katresnan dhateng kita sami. Katebihna kawula saking cobaning agesang lan linuwarna saking piawon saha kapenuhna batos kawula lumantar Ibu Maria ingkang tansah pitados saha pasrah dhateng Kersa Dalem. Dhuh Rama kawula, kawula kagungan Dalem, kawula pasrahaken sadaya pgesangan kula lumantar Gusti kawula Yesus Kristus Sang Juru Karahayon inggih Guru Sejati ingkang mengku keprabon ing salami-laminipun. : Amin.

KIDUNG DEWI MARIA DHEREK DEWI MARIYAH BERKAT PANUTUP P U

: Para saderek sadaya mangga kita pungkasi Ibadat punika kanti nyuwun berkahing Allah ingkang Mahakuwaos. Allah Hyang Rama, Allah Hyang Putra tuwin Allah Hyang Roh Suci. : Amin.

Related Documents


More Documents from "Jon"

Adorasi Bahasa Jawa
May 2020 14