Kultum-sodaqoh

  • June 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View Kultum-sodaqoh as PDF for free.

More details

  • Words: 505
  • Pages: 1
Assalamu’alaikum Wr. Wb. Alhamdulillahirobbil’alamiin Jama’ah Sholat Shubuh ingkang dirahmati Allah SWT. Mangga kita sesarengan ngaturaken syukur kita wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kenikmatan berlimpah-limpah, sehingga kita taksih saget nderek sholat shubuh kanti berjamaah; amarga taksih kathah sedherek kita umat muslim ingkang dereng saget ndherek sholat Shubuh berjamaah ingkang pahalanepun kathah sanget, amargi sinten kemawon ingkang saget sholat Shubuh berjamaah punika pahalanipun sami kaliyan tiyang ingkang Shalat sedinten. Mboten namung punika nggih, kita kedah bersyukur saget siyam ngantos dinten punika, Ing dinten kaping pinten bapak-ibu? Nggih dinten kaping 7 insyaAllah. Lan taksih katah kenikmatankenikmatan sanesipun. Mboten kesupen sholawat lan salam kita haturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita tengga-tengga pertolonganipun ing akherat mangke. Jama’ah Sholat Shubuh ingkang dirahmati Allah SWT. Allah berfirman wonten ing Surat Al An’am ayat kaping 60.                                                                 Barangsiapa membawa amal yang baik, Maka baginya (pahala) sepuluh kali lipat amalnya; dan barangsiapa yang membawa perbuatan jahat Maka dia tidak diberi pembalasan melainkan seimbang dengan kejahatannya, sedang mereka sedikitpun tidak dianiaya (dirugikan). Ayat punika mratelakaken bilih sinten kemawon ingkang beramal shodaqoh, bade angsal pahala 10 x lipat saking amale wau. Contonipun: Panjenengan gadah artha 10 ewu, dishodaqohke sewu, arthane panjenengan takseh pinten bapak ibu? Arthane panjenengan wonten songolas ewu. Jama’ah Sholat Shubuh ingkang dirahmati Allah SWT. Ing ngajeng kula ngaturaken shodaqoh punika berupa artha. Ananging mila kula lan panjenengan sami dereng anggadahi artha, kita saget bershodaqoh ngangge ilmu kados nyinaoni anak-anak ngaji, tenaga kados mbantu mbangun masjid, mbangun omah, mbantu panen tangga tepalih lan sapanunggalane. Menawi ngangge ilmu lan tenaga taksih mboten saget kita saget maringi tiyang sanes nangge eseman (senyuman). Kanti sedekah harta kita terus bertambah mboten berkurang. Allah sampun berjanji. Janji Allah punika mboten bakal dipun blenjani mboten kados janji manungsa, kula lan panjenengan sedaya. Shodaqoh punika mboten namung kedah wonten masjid nggih. Kita saget sodaqoh dateng para sedherek sekeluarga, tanggap tepalih. Sahingga menawi kita seneng tangga kitha nggih ndherek seneng. Bentuk pengembalian ingkang dijanjkan dining Allah punika mboten namung arupi artha kemawon, bentukipun saget arupi: kesehatan (kita diparingi sakit watuk saking Allah, untunge watukipun namung rong dino), keselamatan (ing perjalanan ke sekolah mboten sios tabrakan), bantuan (sederek kita gerah ing rumah sakit, lha para tangga sami tilik, angsal bantuan) Alhamdulillah. Jama’ah Sholat Shubuh ingkang dirahmati Allah SWT. Sakderengipun kula tutup kultum punika kula ngajak dhumateng sedaya Jamaah Sholat Shubuh ing Masjid Asy Syuhada punika supados rajin-rajin bershodaqoh. Shodaqoh punika mboten kedah ngangge artha. Kita saget bershodaqoh ngangge ilmu, tenaga, lan senyuman. Punika ingkang saget kula aturaken dhumateng sedaya Jamaah Sholat Shubuh ingkang dirahmati Allah SWT. Menawi wonten klenta-klentunipun kula pribadi nyuwun pangapunten. Mugi-mugi sekedik punika saget bermanfaat kangge kita sedaya. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.