Boyolali, 16 Februari 2019
Mugi katur dhumateng Bp/Ibu........................... Ing ndalem. Assalamu’alaikum Wr. Wb
Nuwun, kanthi nyadhong Ridha lan barokahipun Allah SWT, mbok bilih Bp/Ibu/Sdr sekalian dangan ing wekdal saha penggalih, kulo suwun rawuhipun wonten ing griyo kulo mbenjing : Dinten
: Sabtu
Surya
: 16 Februari 2019
Wanci
: 19.30 WIB
Wonten Ing
: Madumulyo RT 06/RW I Pulisen, Boyolali
Ingkang saperlu kulo suwun doa pangestu, pambiyantu saha eguh pratikel punopo kemawon (rapat panitia kecil), anggen kulo bade nggadhahi hajat syukuran tuwin pawiwahan ngemah-emahaken anak kulo : ZAHARA NUR AZIZAH Binti Saminu – Isnaini Wijaya Wardani daup kalian ADITYA AL FAJAR Bin Muhammad Slamet – Dyah Pudyastutie
Saking kepareng rawuh panjenengan saha paring pambiyantu, kula sak keluarga ngaturaken agenging panuwun tanpa upami. Wasana awit kerawuhan panjenengan kulo ngaturaken agenging panuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb
Atur kulo Saminu – Isnaini W.W