Dewan juri ingkang kaula hormati, ing siang meniko kulo badhe carios inkang irah-irahanipun KANCIL LAN MERAK Ing sawijining dino merak lagi lungguh ing ngisor wit. Merak lagi noto wulune ben ora rusak mulo wulune katon edi. Ora sithik tonggo teparo podo moro nyang omahe merak, salah sijine kewan kang moro yaiku kancil.” Aku pengin bisa duweni sandangan wulu kayo kowe Rak,” ujar kancil. Sandangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggeh nggrumat lan njaga supoyo tetep katon endah. Anggonku seneng macak lan ngupakara kaendahan iki mung wujud syukurku marang gusti. Ujar merak. “Supoyo wuluku dadi kaya wulumu, piye carane Rak?” pitakone kancil. Tangeh lamun,Cil! Aku kowe iki sadermo nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Gusti kudu tinampa kanthi ati segara.” Karo meneh opo seng tememplekana saranduning badan iki mesti piguna marang awake dewe. “Piguna apa? Sanadyan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luweh bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang! Ujar kancil. Kuwi rak mung saka panggraitanmu dewe cil, sahut merak. Sak karepmu anggonmu kondo, Rak! Mung aku njaluk tulung supoyo aku bisa nduweni wulu koyo kuwe! Ujar kancil setengah meksa. Merak gedeg-gedeg gumun karo kekarepane kancil. “ saumpama bisa mengko kowe dadi kewan opo?” pitakone merak. “ kewan opo wae terserah sek ngarani! Mung kira-kira bisa to, Rak?” pitakone kancil ngoyak lan ora sabar. “ bisa wae, nanging mung imitasi alias pasangan! “ora masalah” kancil bungah. Ndang dipasang saiki aku wes ra sabar.”. ya sabar ta Cil. Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulune warga-wargaku.” Terus kapan ?”. udakara rong minggunan, Cil! Sip Tak tunggu. Ujare Kancil banjur nerusake lakune . merak mung nyawang karo mengsem. Tekan dino seng dijanjekake , esuk uthuk-uthuk kancil wes tekan omahe merak. “ piye Rak? Iki wes rong minggu.” Beres”. Jawab e merak karo nata wulu sek wes di klumpukake. Iki wes tak dewek-dewek ake, wulu awak wulu suwiwi, wulu buntut, uga tlutuh wit karet wes siap minangka kanggo nemplekake ing awakmu! Wes ndang dipasang nyang awakku saiki.” Ujar Kancil,. Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet, banjur merak nempleki wulu-wulu ning awake kancil miturut kebutuhan. Sedino natas kabeh wulu wes kepasang ing kulite kancil. “ wes Rampung Cil “ ujare merak mengsam mengsem. “ Kae ono Pangilon, ndang ngiloa!” Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog. “Iki seng tak karepake aku kathon ayu tenan.” Aku bakal dadi salah sijine kewan kang paling endah.” “Bener kandamu Cil tur ora ono seng madhani!” bombong merak. Wes aku arep pamit Rak, aku pengin mamerke kahananing awakku saiki.! Sing ati- ati, cil! Metu platarane merak kancil mlaku alon alon, bokonge digidal - gidulake pamprihe supoyo bisa mamerake wulune sek apik tur edi. Saben ketemu koncone kancil mengsem karo sombong. Dene kancane mengsem karo geli, eeh jah gajah apik ta wuluku”. pamer kancil. Apikapik, jos tenan jawabe kancil karo kudu geli. Amergo kahanane ora lumrah. Kancil nutukake lakune karo nggidal nggidul ake bokonge meneh. Ning jero atine kancil seneng banget amergo rumongso kabeh kewan padha kasengsem lan kapencut awake. Bareng tlutuh karet mau garing kulite kancil dadi kaku nyekengkeng, sikil gulu lan buntute angel diobahke. Kancil mung bisa ngadeg ayer-anyer ora bisa mlaku. Tulong, tulong, tulong! Ono opo Cil,! Pitakone merak. Gage tulong aku awakku kaku ora iso diobahke. Eh,eh, eh kudune kabeh wulu sek nemplek awakmu dicopot kabeh, kowe gelem? Gelem Rak, age ndang copotno, wes ora ayu ra opo-opo, syukur marang paringane Gusti wae Rak. Alon-alon merak mbubuti wulu sik wes kebacut nemplek ing awake kancil. Kancil mringis- mringis ngempet loro, nanging ora sambat ndhadha tumindake kang salah, tanpa metung tuna lan batine. Mulo konca-konco monggo kita sami syukuri kaleh pinaringane Gusti Kang Akarya Jagad lan ampun kemeren kaleh liyan. Mekaten cariosipun, mugi saget maringi piguna.