0708 Uts Genap Bahasa Daerah Kelas 7

  • Uploaded by: Singgih Pramu Setyadi
  • 0
  • 0
  • May 2020
  • PDF

This document was uploaded by user and they confirmed that they have the permission to share it. If you are author or own the copyright of this book, please report to us by using this DMCA report form. Report DMCA


Overview

Download & View 0708 Uts Genap Bahasa Daerah Kelas 7 as PDF for free.

More details

  • Words: 1,245
  • Pages: 3
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 3 LAWANG ULANGAN TENGAH SEMESTER ( UTS ) GENAP TAHUN PELAJARAN 2007 / 2008

Mata Pelajaran Kelas Hari, tanggal Waktu

: : : :

BAHASA DAERAH VII ( TUJUH ) Kamis, 13 Maret 2008 60 Menit

PETUNJUK UMUM: 1. 2. 3. 4.

Tulis nama, kelas, nomor peserta Anda pada lembar jawab. Arsirlah atau hitamkan huruf A, B, C, dan D yang menurut Anda merupakan jawaban yang paling tepat. Gunakan pensil 2B, dan penghapus karet yang baik. Apabila ingin mengganti jawaban hapuslah jawaban tersebut dengan karet penghapus dan arsir / hitamkan jawaban yang benar.

Dr. Karyadi

Dening : Eko Wijiono Republik Indonesia nalika semana wis dinyatakake mardika. Nanging ing saben kutha tentara Jepang isih ana. Tentara-tentara Jepang iku isih asikep gegaman cukup, kaya-kaya isih nduweni panguasa. Ing Semarang para pemudha pengin banget ngrebut senjata-senjata Jepang iku. Sawijining perembugan ngalami dalan buntu. Mula pertempuran ora bisa diendhani maneh. Para korban rubuh ing antarane sing lagi peprangan iku. Pertempuran lagi bisa leren nalikane ana panjaluk saka Gubernur Wongsonegoro. Ing wektu sabanjure Jepang isih rumangsa serik marang rakyat Indonesia. Tentara Jepang tansah golek kesempatan kanggo nyilakakake utawa mateni rakyat Indonesia. Sawijining wektu ana kabar menawa panyimpenan banyu ing Wungkal direbut sakelompok tentara Jepang. Wongwong dadi padha sujana. “ Wah, bahaya iki !” omonge sawenehing wong. “ Kita bakal mati kabeh yen tentara Jepang menehi racun ing panyimpenan banyu mau”. “Kurang ajar !” omongane liyane. “ Kita ora kena meneng bae yen nganti Jepang ngracun panyimpenan banyu ksb. Akeh sing bakal dadi korban yen banyu iku diombe dening pendhudhuk Semarang”. “Apa durung ana wara-wara resmi ngenani banyu iku ?” “ Kabar wis sumebar rata. Muga-muga kabeh wong padha mangerteni. Lan kita uga kudu nyebarake warta iki kanggo upaya jaga-jaga”. “ Kowe bener. Tumindak iki kanggo jaga-jaga anane tumindake Jepang sing pancen licik. Jepang bisa tumindak apa bae tanpa duwe rasa kamanungsan”. Para pemimpin ing kutha Semarang uga wis krungu ngenani panyimpenan banyu Wungkal sing dikwasani dening saklompok tentara Jepang. Malah sadurunge prastawa iku ana pirangpirang pulisi sing jaga panyimpenan banyu padha dipateni tentara Jepang iku. “ Piye kedadeyan satemene? “ pitakone Gubernur Wongsonegoro. “Polisi ingkang njagi panyimpenan toya dipun tembaki Pak. Kathah pendhudhuk ingkang sumerep kedadosan wau inggih ngalami kedadosan ingkang sami. Gugur katembak” jawabe anak buahe sang Gubernur. “Apa wis pasthi yen panyimpenan banyu iku kena racun ?”. “Warta ingkang kula tampi pancen makaten. Pak. Criyosipun sampun wonten korban saksampunipun ngginakaken toya saking ngrika”. “Yen pancen ngono perlu dibuktekake maneh, menawa panyimpenan banyu iku kena racun. Iki mbebayani banget. Kita bakal protes marang pimpinan Jepang ing Semarang”. Sawise nganakake rembugan, Gubernur banjur nimbali dokter Karyadi. Dokter iki isih enom. Panjenengane kepala laboratorium RS Purusara Semarang. Dokter Karyadi banget ditresnani dening masyarakat Semarang. Panjenengane pemudha patriotic. “Panyimpenan banyu iku akeh banget gunane. Meh kabeh pendhudhuk Semarang sing nggunakake. Mula menyanga panyimpenan banyu ing wungkal mau. Priksanen apa bener panyimpenan banyu iku wis klebon racun” prentahe Sang Gubernur marang dokter enom iku. …………………………………………………. Kapetik saka : Penyebar Semangat 1. Sing diarani wacan bocah yaiku …. a. wacan, dongeng kanthi basa tulis kango para bocah b. wacan, dongeng kang didongengake dening bocah c. wacan, dongeng kancil nyolong timun d. wacan, dongeng kang ditulis dening para bocah

2. Wacan bocah Dr. Kariyadi dikarang dening …. a. Dhiana Andriyani b. Astuti Wulandari

c. Eko Wijiono d. Kusnadi

3. Paraga utama ing wacan bocah Dr. Kariyadi yaiku …. a. Adit b. Tentara Jepang c. Dewi

d. Gubernur Wongsonegoro

4. Crita Dr. Kariyadi iku kadadeyan saka ……pada (alinia ) a. 2 b. 3 c. 4

d. 5

5. Paraga-paraga ing wacan bocah Dr. Kariyadi yaiku … a. Gubernur Wongsonegoro, Tentara Jepang, Dr. Kariyadi b. Tentara Jepang, Adit, Dewi c. Dr. kariyadi, Amir, Dewi d. Wongsonegoro, Eka Wijiono, Dhiana 6. Wacan Bocah iku bisa diwaca ing …. a. Gaul b. Koran Jawa Pos

c. Jaya Baya, Penyebar Semangat d. Kartini

7. Ing wektu sabanjure Jepang isih rumangsa serik marang rakyat Indonesia. Tembung serik pada karo … a. Iri dengki b. mangkel c. ngamuk d. Iri hati 8. Dewi bakal mbangun turut marang Ibuke. Tembung sarojo mbangun turut tegese …. a. ngalah b. manut,bekti c. mundur d. ngamuk nesu 9. Dewi wis prasetya ing atine, prasetya iku dasanamane …. a. ngenteni b. sabar c. ngalah 10. Panganggone basa iku ana loro yaiku … a. lisan lan tulis b. tulisan lan wacan

d. janji

c. dongeng lan crita d. tulis lan tinulis

11. Ngirim kabar kanthi cara SMS iku kalebu basa … a. lisan – tulis b. singkatan c. lisan

d. tulis

12. Nggunakake basa tulis kanggo ngandakake pesen utawa kabar bisa uga liwat … a. telpon b. layang/surat c. radio d. majalah 13. Nggunakake basa lisan iku kudune manut ing … a. tata tulise c. unggah-ungguh b. bukune d. tata ejaane 14. Tuladhane panganggone basa lisan, kaya ta … a. layang b. majalah c. ndongeng d. maca buku 15. Siti arep nyilih buku marang Lina kanca sabangkune, basa kang digunakake Siti yaiku basa ragam …. a. ngoko lugu c. krama andhap b. ngoko alus d. krama Inggil 16. Ukarane Siti nalika arep nyilih buku marang Lina yaiku … a. jeng Lina, mbok aku diampili buku cathetan basa jawa! b. Lin, aku nyilih bukumu cathetan basa jawa ya ! c. Nuwun sewu, kaparenga kula ngampil cathetan basa jawa ! d. Lin, buku gandhahan sampeyan dakampile sedhela bae! 17. Yen ngomong karo wong sing luwih tuwo iku arane … a. kandha b. ngendika c. matur 18. Eyang nembe …… kaliyan dhayonipun. a. matur b. kandha

d. guneman

c. ngendikan d. guneman

19. Pak Guru mboten saged ….. amargi putranipun sakit. a. dugi b. sowan c. rawuh

d. dhateng

20. Bapak …….ing kamar ngajeng. a. sare b. mlungker

d. tilem

c. turu

21. Pak, kula mangke badhe ….Arema ing Stadion Kanjuruhan, pareng nggih ? a. nonton b. nyawang c. mirsani d. ningali 22. “ Bu Guru menapa sampun nate …. Film Spiderman ? “ pitakone Wati. a. mirsani b. ningali c. nyawang d. nonton 23. Tuladhane basa ngoko alus yaiku … a. Ton, bukumu iku lebokno tas ! b. panjenengan apa wis dhahar ?

c. Mbenjing kula wangsul enjing d. Sinten ingkang kagungan buku punika ?

24. Tuladhane basa ngoko lugu …. a. peleme wis mateng-mateng ayo diundhui, Jon ! b. Mbak Deby apa ora kersa ? c. Kula ajrih kaliyan Sawer d. Mugi-mugi panjenengan enggal dangan 25. Coba batangen cangkriman iki : anake di idak-idak emboke dielus-elus yaiku … a. suwal b. nanas c. becak d. andha 26. Tembung Sato iku dasanamane yaiku … a. b. 27. Tembung nama, aran, asma iku pada karo … a. b.

c. d.

c. d.

28. Tembung warih, toya, we, iku padha tegese karo …. a. c. b. 29. Rembulan, candra, wulan, padha karo …. a. b. 30. Ing ngisor iki dasanama sing bener yaiku …. a. b.

d.

c. d.

c. d.

Wangsulana kanthi wangsulan kang trep ! 1. Gawea ukara marang kancamu, yen mengko sore arep menyang omahe. Perlune arep sinau bareng lan takon bab nulis aksara jawa nang Bapake kancamu mau ! 2. Jaman maju, saya akeh godha saka Media Informasi, mulane welingku marang para siswa kabeh kudu luwih ati-ati. Milih kanca, milih dolanan, milih buku nganti milih kesenengan kudu di lambari weninge ati. Cuplikan ukara dhuwur iku aranana ngoko lugu apa ngoko alus ! apa alasane ? 3. Tulisen ing aksara jawa ! Nagasari rasane legi 4. Tulisen ing aksara jawa ! Gethuk asale saka tela 5. Tulis ing aksara jawa ! Wajik Ketan

Related Documents


More Documents from "Singgih Pramu Setyadi"